Bumi Nuswantara iki ngukup saka tlatah Sabang nganti Merauke. Dumadi saka puluhan pulo, saka Sumatera kang paling kulon lan Papua kang paling wetan. Saben pulo dumadi saka maneka suku, kang ateges adat lan budayane uga beda-beda.
Kang arep diaturake redaksi ing kalodhangan iki, mangsakan khas saka Singkawang. Yaiku salah sawijining kotamadya ing propinsi Kalimantan Barat, pulo Kalimantan. Kutha iki dumunung ing 145 kilometer salore ibukota Kalimantan Barat, Pontianak.
Manut sejarahe, Singkawang mono biyene mung jeneng desa ing tlatah kasunanan Sambas, kang asring dadi papan ampirane para sudagar emas kang akeh-akehe saka negara Tiongkok. Wektu semana wong-wong Tiongkok ngarani desa kasebut San Keuw Jong amarga papane kang kinupeng gunung, kali, lan segara.
Amarga kahanan ing desa kasebut katon makmur, lan ngrembaka, mbaka sethithik warga Tiongkok kang maune mung dagang kepranan urip ing tlatah kasebut, ora bali mulih ing negarane. Ora mokal, yen nganti saiki budaya pranakan Tiongkok katon kenthel ing kana. Kaya ta, bab panganan khas-e. Ana bubur gunting, gule bung, sambel teri belacan, tahu isi iwak pitik, uga endhog dadar pare. Loro ing antarane bakal diandharake ing kene. Yen para ibu kepengin nyoba, mangga. (nn)
Tahu Isi Iwak Pitik
Bahan
Tahu putih 3, diiris miring
Iwak pitik (dhadha) 250 gram, digiling
Glepung tapioca 4 sendhok
Loncang 2 ler, dirajang alus
Endhog pitik 1, dijupuk putihane wae
Kecap ikan sasendhok
Mrica bubuk ½ sendhok teh
Uyah ¼ sendhok teh
Carane Nggawe
Tahu disendhok bageyan tengahe, udakara sasendhok teh.Bageyan kang dijupuk iku disisihake.Tahu kang wis growong tengahe dikum banyu uyah sauntara.Bageyan tahu (ing no 2) dijur lan dicampurake karo iwak pitik, glepung, endhog, kecap, mrica, uyah, lan irisan loncang nganti rata.Isen-isen (ing no 4) banjur disendhoki diisekake tahu kang growong (no 3).Kukus tahu isi udakara seprapat jam, utawa goreng tahu nganti kuning semu coklat.
Sambel Teri Balacan
Bahan
Teri asin cilik-cilik (teri Medan) 100 gram
Blimbing wuluh 1
Lenga goring sacukupe
Bahan kang diuleg alus
Lombok rawit abang 8 iji
Brambang 6 siung
Bawang 4 siung
Tomat abang gedhe 1, diiris tipis
Uyah sasendhok teh
Belacan/trasi Singkawang ½ sendhok teh
Gula pasir ½ sendhok teh
Carane Nggawe
Bilas teri nganggo banyu nganti resik, banjur ditus.Goreng teri nganti semu coklat lan garing, diangkat, ditus.Gangsa bumbu kang wis dialusake nganti sedhep.Tambahake teri, diudhak nganti rata.Tambahake irisan belimbing wuluh, dimangsak nganti belimbing alum. *

Miturut Serat Damarwulan, ana paraga kang asring disebut yaiku Waita lan Puyengan. Waita lan Puyengan iku garwa selire MenakJingga. Jalara...Read more »
wengi gumedere sepi ngumbara tanpa tepilelayar ngrasuk ulekane sonya rurigeyongane ati kang kayungyun ngupadi gisiking kayunpepalang bebondhotane ...Read more »
Entar ing basa Kawi tegese bablas tumrap sesurupan, mangkat, lunga. Ing basa Jawa anyar tegese yaiku dudu tegese kang baku, utawa silihan tum...Read more »
Kaum ‘Ngapak’ Sedunia, Bersatulah!
Bagi kami orang ‘Ngapak’, ditertawakan sih cuek saja. Sebab sejak sebelum lahir, kami sudah ditanamkan seb...Read more »
Lukisan kaca nggambarake Petruk mikat wanita
“Aji Jaran Guyang” Kanggo Mikat Wanita
Sawise wong Jawa tepung marang agama Hindhu lan Budha...Read more »
Mbah Kodok
Dina Setu lan Minggu (6-7 Juni) kepungkur alas begal lan alas dares kang dumunung ana ing rong kecamatan yaiku kecamatan Widodaren ...Read more »
Seusai menjalankan salat Tahajud, seorang kiai mendadak ingin keluar dari langgar, mencari udara segar. Di depan langgar, dia melihat sala...Read more »
Makan Mayit yang merupakan acara makan malam "vegetarian" yang disajikan dalam piring boneka bayi yang telah dibelah dan camilan berbentuk bayi, ba...Read more »
Post a Comment Blogger Facebook
Click to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.