Hadiningrat nganake prosesi ritual sakral ‘wilujengan nagari mahesa lawung’ kanthi sesaji mligi endhas (sirah) kebo umbaran ( kebo enom, sing tenagane durung kanggo) kabeh mau minangka pralambang ngubur kebodhoan, awit kanggone wong Jawa kebo mono minangka ila-ilane wong bodho longa-pongo kaya kebo.
Kabeh sesaji sing wujud kewan di bakar tanpa bumbu, awit para mahkluk alus (lelembut) sing manggon ana alam gaib mono pancen mbutuhke sesaji daging sing anyep-anyep. Pas ing dina Senen Wage (11/3) antara jam 9 esuk prosesi ritual wilujengan nagari mahesa lawung iku kawiwitan. Katon arak-arakan para prajurit lan abdi dalem Kraton Kasunanan Surakarta padha ngusung jodhang isi sesaji.

Sesaji Mahesa Lawung nalika metu saka kraton
Kanjeng Gusti Pangeran Haryo (KGPH) Puger mono, minangka adhik kandhunge Paku Buwono XIII, sing uga minangka Penganggeng Pariwisata lan Museum Kraton. Rombongan punggawa sing padha ngusung sesaji mau banjur diangkut rong bis sing ditutake dening puluhan wong sing bakal melu upacara wilujengan nagari mahesa lawung ing alas Krendhawahana, sing jarake udakara 25 kilo meter saka kraton mengalor.
Kratone Bethari Durga.

Salah siji abdi dalem nalika umbul donga ing ngarep wit ringin putih
Ora suwe maneh, prosesi ritual umbul donga kawiwitan, KRAT Pujodiningrat maca sawernane donga nganggo Basa Jawa lan Basa Arab sing banjur diamini puluhan wong sing ana kono kanthi pangucap rahayu…rahayu…rahayu wola-wali, nganti tekan panutuping donga sing udakara suwene ora kurang saka seprapat jam. Kabeh ubarampe disanggarake, mung mligi endhas kebo umbaran kuwi di lorot kanggo di kubur ing sisih kulone wit ringin putih.
Makna lan filosofi saka prosesi ritual ngubur endhas kebo mono, ujare KP Winarno Kusumo, kanggo ngilangake bringase kebo umbaran saka sipat angkara murka, iri lan drengki, saengga sing isih mung sipat wicaksana lan berbudi bawa leksana.”Sakliyane ngalisake sipat manungsa sing elek sing kebak kesrakahan. Kebo mono identik karo kebodhoan, mula kudu di kubur” pratelane Winarno
Perang Jin

Bekakak uga klebu sesaji ing wilujengan nagari Mahesa Lawung
Ing zaman keemasane Sri Prabu Aji Pamasa, saka Kraton Pengging, ketekan mungsuh sing tandange ngedab-edabi lan nggegirisi, apa maneh mungsuh mau uga direwangi atusan jim lan siluman sing nduweni sipat beringas saka kerajaan Imantaka. Meruhi kedadeyan kuwi ing njero Kraton Pengging sing ora siyap sakdurunge saknalika dadi tintrim, kabeh, prajurit lan masyarakat sakiwa tengene padha miris lan keweden, padha mbujung keslametane dhewe-dhewe.
Malah Aji Pamasa dhewe ngrumangsani bakal kewalahan yen kudu ngadhepi mungsuh sing kaya mangkono polahe, mula saka kuwi Aji Pamasa ngutus patih Tambakbaya supaya njaluk pambiyantu marang Bethari Kalayuwati, salah sijine putrine Bethari Durga, penguwasa jin, priprayangan lan lelembut sing manggon ing alas Krendhawahana. Nanging, sakwise patih Tambakbaya ngadhep Bethari Kalayuwati minangka utusane Aji Pamasa.
Bethari Kalayuwati malah banjur miterang, bab ketledhorane Aji Pamasa, sing saksuwene iki Aji Pamasa dianggep mung nengenke bab lahiriah ing kerajaan wae, saengga lali menehi sesaji marang para gaib ing sakiwa tengene. “Mula saka kuwi yen Aji Pamasa pengin bisa ngalahake mungsuhe mau kudu gelem menehi sesaji wujud endhas mahesa lawung (endhas kebo umbaran) ing alas Krendhawahana.

Para kawula kraton sing melu wilujengan nagari mahesa lawung
Ora gegancangan wektu sing suwe prajurit Ima Imantaka kewalahan lan mundur saka peperangan. Takluk ! Sesambungan karo bab iku mula kraton-kraton ing Pulo Jawa mligine Trah Kerajaan Mataram yen kepingin kalis saka rubeda lan rencana kudu gelem nggelar prosesi ritual wilujengan nagari mahesa lawung saben setaun sepisan. Mligi kanggo Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat milih waktu, adhedhasar sejarah sing wis lumaku wiwit Paku Buwono II.
Yaiku nalika Kraton Kartusura pidhah ing Desa Sala lan madeg Kraton Kasunanan Surakarta ing dina Selasa Pon, 17 Sura tahun Je 1670. Nah, sakwise satus dina madege Kraton Surakarta oleh kanugrahaning Gusti saengga oleh keslametan. Sinuwun PB II banjur nggelar wilujengan nagari mahesa lawung, sakbanjure dilestareke lan di uri-uri minangka tradhisi turun-temurun nganti saiki, amrih pinanggih wilujeng ing sakabehe. (Kang Hong)
Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae