GuidePedia

0


Bumi Nuswantara iki ngukup saka tlatah Sabang nganti Merauke. Dumadi saka puluhan pulo, saka Sumatera kang paling kulon lan Papua kang pa­ling wetan. Saben pulo dumadi saka maneka suku, kang ateges adat lan budayane uga beda-beda.

Kang arep diaturake redaksi ing kalodhangan iki, mangsakan khas saka Singkawang. Yaiku salah sawijining kotamadya ing propinsi Kalimantan Barat, pulo Kalimantan. Kutha iki du­munung ing 145 kilometer salore ibu­kota Kalimantan Barat, Pontianak.

Manut sejarahe, Singkawang mo­no biyene mung jeneng desa ing tlatah kasunanan Sambas, kang asring dadi papan ampirane para sudagar emas kang akeh-akehe saka negara Tiong­kok. Wektu semana wong-wong Tiongkok ngarani desa kasebut San Keuw Jong amarga papane kang kinu­peng gunung, kali, lan segara.

Amarga kahanan ing desa kasebut katon makmur, lan ngrembaka, mbaka sethithik warga Tiongkok kang maune mung dagang kepranan urip ing tlatah kasebut, ora bali mulih ing negarane. Ora mokal, yen nganti saiki budaya pranakan Tiongkok katon kenthel ing kana. Kaya ta, bab panganan khas-e. Ana bubur gunting, gule bung, sambel teri belacan, tahu isi iwak pitik, uga endhog dadar pare. Loro ing antarane bakal diandharake ing kene. Yen para ibu kepengin nyoba, mangga. (nn)

Tahu Isi Iwak Pitik
Bahan

Tahu putih 3, diiris miring

Iwak pitik (dhadha) 250 gram, digiling

Glepung tapioca 4 sendhok

Loncang 2 ler, dirajang alus

Endhog pitik 1, dijupuk putihane wae

Kecap ikan sasendhok

Mrica bubuk ½ sendhok teh

Uyah ¼ sendhok teh

Carane Nggawe

Tahu disendhok bageyan tengahe, udakara sasendhok teh.Bageyan kang dijupuk iku disisihake.Tahu kang wis growong tengahe dikum banyu uyah sauntara.Bageyan tahu (ing no 2) dijur lan dicampurake karo iwak pitik, glepung, endhog, kecap, mrica, uyah, lan irisan loncang nganti rata.Isen-isen (ing no 4) banjur disendhoki diisekake tahu kang growong (no 3).Kukus tahu isi udakara seprapat jam, utawa goreng tahu nganti kuning semu coklat. 

Sambel Teri Balacan

Bahan

Teri asin cilik-cilik (teri Medan) 100 gram
Blimbing wuluh 1
Lenga goring sacukupe

Bahan kang diuleg alus
Lombok rawit abang 8 iji
Brambang 6 siung
Bawang 4 siung
Tomat abang gedhe 1, diiris tipis
Uyah sasendhok teh
Belacan/trasi Singkawang ½ sendhok teh
Gula pasir ½ sendhok teh

Carane Nggawe

Bilas teri nganggo banyu nganti resik, banjur ditus.Goreng teri nganti semu coklat lan garing, diangkat, ditus.Gangsa bumbu kang wis dialusake nganti sedhep.Tambahake teri, diudhak nganti rata.Tambahake irisan belimbing wuluh, dimangsak nganti belimbing alum. * 

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top