GuidePedia

0

Mbah Kodok

Dina Setu lan Minggu (6-7 Juni) kepungkur alas begal lan alas dares kang dumunung ana ing rong kecamatan yaiku kecamatan Widodaren lan kecamatan Ke­dunggalar Ngawi dumadakan dadi rame jalaran dadi papan tujuan atusan pawongan kang pengin nyekseni prasta­wa langka. Ramene papan kasebut ora uwal saka anane seni kejadiankanthi ju­dul Dhanyang Setyowati Sukodok mba­ngun omah. Saliyane kuwi ing dina kase­but uga dianakake slametan sarta syu­kur­ane mbah kodok sing taun kepungkur wis gawe gegere kutha Ngawi jalaran piyambake nindakake kawin klawan peri kanthi direjakake kaya lumrahe kawina­ne bangsa manungsa klawan manungsa.

Ing adicara kang ditindakake ana sa­tengahe alas kuwi uga diramekake kan­thi maneka kesenian sarta dirawuhi saka maneka kalangan. Ana sing saka rakyat biyasa, seniman, lan ana uga pejabat sing rawuh ana ing adicara kasebut. Kaya sing wis dikabarake sadurunge rikala Senin tanggal (1/6) kepungkur anake mbah Ko­dok klawan peri Setyowati lair dhampit. Lumantar kabar kasebut disebutake yen proses laire anak pasangan manungsa lan peri iku beda yen dibandhingake kla­wan laire anak manungsa umume. Anake mbah Kodok iku lair kanthi bebarengan jalaran lelorone lair kanthi bebarengan liwat bolongan irunge ibune.

Saka kiwa mbah Kodok, Bramantyo, lan Ki Rangga

“Senajan aku ora bisa weruh kaya ngapa wujude sisihanku nanging aku bisa ngrasakake nalika dikancani dening dheweke. Saliyane iku aku uga ngerti ka­pan laire anakku. Ing dina Senin ke­pung­kur kaya ana sing mbisiki kupingku lan ngandhakake yen anakku wis lair kem­bar dhampit lan aku supaya nyepaki je­­neng kanggo anakku kasebut,” ujare mbah Kodok.

Pinuju anake lair iku mbah Kodok ngra­sa kaya mambu wangi mlathi lan wa­ngine kembang kenanga. Saliyane kuwi saduru­nge anake lair mbah Kodok ngaku dijaluki tulung dening sisihane sing saka bangsa peri yaiku Setyowati kanggo mbangunake omahe ing Sendhang Margo kang wis rusak. Mula kanggo nyembadani apa kang dadi penjaluke sisihane kuwi lan bebarengan karo sepasarane anak kembare sing kem­bar dhampit iku mau banjur ing dina Setu lan Minggu kuwi dianakake syukuran sarta slametan.


Wayangan

Syukuran sarta slametane mbah Ko­dok iki dhewe ditindakake kanthi wujud seni kejadian kanthi judul Dhanyang Se­tyo­wati Sukodok Membangun Rumah lan dipandhegani dening Bramantyo Prijosu­silo. Priya sing mandhegani acarane mbah Kodok iki uga sing biyen mandhegani ka­wine mbah Kodok sing rabi klawan peri Setyawati. Ngenani lumakune adicara slametan iki miturut Bram uga ora beda adoh saka umume slametan klairan anake manungsa.

Mung wae sing mbedakake yaiku ing adicara iki pawongan sing jagong bayi me­nawa ora nduweni kaluwihan tartam­tu ora bisa ndulu kaya ngapa wujude anake mbah Kodok lan peri Setyowati. Saliyane iku ing perangan liya adicara sla­metan lan syukuran kang katindakake ing dina kasebut uga kanggo mbangun maneh Sendhang Margo lan Sendhang Ngiyom sarta nanduri maneh alas begal lan alas dares kang rusak jalaran dijarah dening pa­wongan kang ora nduweni tanggung jawab nalika jaman reformasi biyen.


Pencak silat uga ana ing slametane mbah Kodok

“Ing jaman biyen kawasan kene iki mu­judake salah sawijining primadona wisata kang ana ing Ngawi. Sendhang Margo kuwi wis dikenal wiwit jaman Walanda. Malah ing jaman pendhudhukan Walanda sen­dhang kuwi wis dirombak dadi kolam re­nang sing ajeg diparani para penggedhe Walanda. Nanging amarga ana owah-owah­aning jaman suwe-suwe sendhang sing maune moncer iku wekasane kelem jenenge lan dadi rusak. Mula saka kuwi kan­thi anane sambate Setyowati kanggo dibangunake omahe, mbah Kodok, aku, lan kanca-kanca kanthi dibantu dening masyarakat bakal nguripake sendhang iku maneh lan ndadekake alas sing ana sace­dhake sendhang dadi kawasan penyangga air. Saengga mbesuke warga sing dumu­nung ana ing papan kene ora bakal kange­lan golek banyu senajan ta mangsa ketiga dawa,” ujare Bramantyo.


Kesenian kontemporer uga melu ngramekake

Ngenani anggone nanduri maneh alas kang ana ing sacedhake sendhang Margo iki, lan sing tembe mburine bakal dadi ka­wasan penyangga air, miturut Bram uga minangka salah sawijining cara kanggo ngenalake ngilmu Jawa kuno menyang masyarakat. Ngelmu Jawa Kuna sing wis dilalekake dening rata-rata wong Jawa iku mau yaiku ngelmu kebun-rimbautawa kang sering sinebut agro-forestry. Ngelmu Jawa kuna iki ing negara manca miturut Bram lagi diteliti lan dicak­ake dening sawetara nega­ra. Anane panaliten tumrap ngelmu iki. Jalaran saka ngel­mu iki manungsa bisa njupuk paedah saka alam tanpa ngrusak alam.

“Intine saka ngelmu iki yaiku nanduri laladan alas kanthi amba minimal 3 hek­tar nganggo sawetara ca­cah tanduran kang migunani. Ngelmu iki se­jatine wis ana wiwit jaman biyen, na­nging keri-keri iki wis ditinggalake. Nge­nani kaya ngapa wujude ngelmu iki saora-orane bisa didulu saka anane ma­neka tanduran kang ana ing dhaerah sing kape­tung desa. Kanthi anane maneka tanduran ana ing desa kuwi saliyane bisa njaga ke­seimbangan alam manungsa uga bisa nju­puk nilai ekonomise saka ang­gone ngecak­ake ngelmu kasebut,” tam­bahe Bram.


Maneka kesenian kang ngramekake adicara slametane mbah kodok

Ing perangan liya mbah Kodok nalika ditakoni dening PS ngaku wis menehi je­neng kanggo anake. Joko Samudra kanggo anake lanang lan Sri Parwati kanggo anake sing wadon. Ngenani jeneng sing apik iku mbah Kodok nduweni pangajap kang luhur tumrap anake ing tembe mburi mbesuk.

“Anakku sing lanang iku tak wenehi je­neng Joko Samudra supaya ing dina mbe­suke dheweke nduweni ati sing jembar kaya samudra. Saliyane iku amarga dhe­weke iku lanang mugia mbesuk dheweke bisa njejegake bebener kanthi kekuwatan kaya dene samudra. Siji maneh sing dak­puji yaiku mugia ing mbesuk anakku la­nang kuwi bisa nduweni sipat kaya samu­dra sing bisa menehi pitulungan marag sapa wae. Dene kanggo anakku sing wa­don jeneng Sri sing jenenge kuwi nduweni maksud bisaa anakku wadon kuwi dadi bocah sing nduweni budi apik kayadene De­wi Sri lan jeneng Parwati iku uga mi­nangka pangajapku amrih anakku kuwi bisa nduweni sipat luhur kayadene sipate dewi Parwati,” ujare mbah Kodok.


Cungkup kanggo mapanake anake mbah Kodok

Ngenani slametan lan syukuran kang dianakake ana ing rong alas, rong, sen­dhang, lan rong kecamatan kang katin­dak­ake ing alam nyata lan alam peri iku mung langkah awal kanggo nyembadani apa kang dadi penjaluke Setyowati, si­sihane mbah kodok. Lan langkah awal iki dhewe bisa kadulu saka anane pemba­ngunan maneh rong sendhang sing sa­su­wene iki wis rusak lan kalalekake. Sa­ka anane pembangunan maneh rong sen­­dhang iki uga nyenengake masyara­kat sakupeng. Amarga saka anane pem­bangunan rong sendhang kuwi bisa dadi papan wisata alternatif tumrap masya­rakat kono.

Pak Anom salah sawijining warga se­kitar ngaku seneng banget marang apa kang ditindakake dening mbah Kodok lan mitrane kang dibantu dening para pe­mu­dha desa kono. Rasa senenge Pak Anom iki ora bisa disingitake jalaran sen­dhang Margo sing ing jaman bangsa Wa­lan­da kuwi saiki bisa digunakake kang­go adus kungkum maneh. kamangka ing taun-taun sarampunge reformasi sen­dhang kuwi mung dijarake lan katutup de­ning eri. Sendhang sing wis didadek­ake kolam iku uga kober ora ana banyune jalaran salah sawijining temboke jebol. Kanthi apa kang ditindakake mbah Kodok mba­ngun sendhang iku maneh, sen­dhang bisa urip maneh lan kena diman­faatake.


Sendhang Ngiyom omahe Setyowati

“Nyawang Sendhang Margo iki wektu iki rasane aku kaya mbalik ing jaman cilikanku biyen. Pas isih cilik biyen aku kerep ciblon lan adus ana ing sendhang kasebut. aku ngucapake matur nuwun banget marang kabeh pihak sing wis nduweni kawigaten kanggo ngrumat alam lan tinggalan sejarah. Perlu dijelas­ake sendhang kuwi wis dikenal wiwit ja­man Walanda. Iku dibuktekake saka ana­ne bangunan kolam ing papan kasebut. Lan menawa kolam lan alas iki bisa ka­rumat kanthi becik ing tembe mburine papan kene bisa didadekake papan wisata seja­rah sarta kanggo penelitian,” ujare pria sing ngaku salah sawijining dha­lang wa­yang kulit ana ing Ngawi ka­sebut.

Ing adicara slametane sarta syukur­ane mbah Kodok iku uga diramekake kanthi maneka jinis kesenenian. Keseni­an kang di­tampilake ora mung seni tra­dhisional wae nanging uga seni kontem­porer. Sali­yane ditanggapake wayang, re­yogan, ana ma­neka tarian, lan akeh ke­senian-kesenian liyane. Ora mung cu­kup iku wae, sajroning adicara slametan iku mau uga ana penam­pilan utawa atraksi saka sawetara pergu­ruan silat. Saliyane kuwi uga ana maneh atraksi kang narik kawigaten ing adicara kase­but.

Atraksi sing narik kawigaten iku mau yaiku atraksi nggawe keris kang ditindak­ake dening salah sawijining empu keris saka Solo. Mbah Daliman utawa sing nduweni jeneng asli Mng. Ag. Daliman Puspo Budoyo ngaku menawa keris sing digawe ing dina kasebut menawa wis dadi bakal diserahake menyang pama­ren­tah desa. Anggone menehi keris me­nyang pamrentah desa iki ora uwal saka mongkoge mbah Daliman tumrap lelabu­hane masyarakat desa mligine para nom-nomane kanggo nyengkuyung lumakune adicara slametan sarta syukurane mbah Kodok. Senajan ora dibayar nom-noman ing desa kuwi gelem makarya awan lan wengi mung saderma kepengin acara sing lagi sepisan dianakake ana ing de­sane kasebut bisa sukses.

“Keris sing dakgawe iki wujude yaiku keris lurus kanthi dhapur kebo lajer lan pamor wos wutah. Bahan keris dhewe wis daksanggarake ing candhi sukuh su­paya oleh sawab energi kang becik. Lan anggonku nggawe keris sing yen wis dadi bakal dakpasrahake menyang warga de­sa iki minangka panyuwunanku menyang sing gawe urip supaya warga kang du­munung ana ing desa iki bisaa urip kanthi tentrem, cukup sandhang pangane, lan ora kekurangan sithik-sithika,” pungkase mbah Daliman. 


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?