GuidePedia

0

Lukisan kaca nggambarake Petruk mikat wanita

“Aji Jaran Guyang” Kanggo Mikat Wanita

Sawise wong Jawa tepung marang agama Hindhu lan Budha sarta sesambungan karo agama Islam, bab kapitayan marang bangsa alus uga tan­saya bawera. Kajaba jeneng lelembut sa­ka Jawa Asli (dhanyang, sing mbaureksa, lll) lan saka agama Hindhu (dewa-dewi, lsp), ing jlentrehan jeneng-jeneng lelem­but sabanjure uga muncul jeneng-jeneng anyar kayata malaekat (watak becik), jin (ana becik, ana ala), Jin islam (becik), Jin Kafir(ala), ijajil (jahat, jahil), setan iblis (lelembut duraka), lll.

Ing perkembangan sabanjure, terka­dang dumadi sinkretisme lan akulturasi antarane kapercayan Jawa asli, Hindhu, lan Islam, senajan bab kasebut asring ora pati dirasakake lan mung dianggep barang lumrah bae. Kayata “gambar bu­lus” kang ana ing tembok mihrab (papan pangimaman) ing Mesjid Demak, sing mertandhani mendah kuwate pengaruh agama Hindhu (sekte Waisnawa) kang nggambarake Dewa Wisnu ngejawantah ing marcapada kanthi wujud bulus (kur­ma) ngupadi tirta amerta.

Manut katrangane sing njaga Mesjid Demak, gambar bulus kasebut merlam­bang­ake sengkalan memet taun 1491 Saka. “Bulus” ngemu tegese “mlebu kanthi alus” (mlebu mesjid kanthi subasita sing becik). Dene crita “Syeh Belabelu lan Syeh Damiaking” kang padha tetan­dhingan nindakake Salat Jum’at neng Mekah, sejatine uga mujudake owah-owahan saka crita “Bubuksah lan Ga­gangaking” kaya sing kapetha ing candhi Panataran, Jawa Timur.

Aji Jaran Guyang

Conto liyane, kayata japa-mantra sing dibukak lan ditutup mawa pandonga kanthi basa Arab (Islam) sarta dibarengi ngobong menyan (Jawa). Kayata sawe­neh japa-mantra kanggo nulak teluh (te­nung, santhet), sing unine: “Sallallahu ngalaihi wasalam, ana gambar, ana gambar upas, manut lakuning angin, manut lakuning banyu, manut lakuning godhong, hes ja mrene retune, Allah huma, iya aku Allah iya Hu’Allah.”

Naskah “pengasihan” sing sumimpen ing Museum Sanabudaya Yogyakarta uga ngemot japamantra “Aji Jaran Gu­yang”, sing (jare) bisa dimupangatake kanggo nelukake/mikat wanita. Unine mangkene: “Bismillahirohman nirohim, sun wateg ajiku Si Jarang Guyang, dak­guyang ana tengah latar, patupatku lawe wenang, cemethiku sada lanang, sunsa­betke lemah bengkah, gunung gugur, watu gempur, segara asat, alun gedhe sirep, sun sabetke si Anu, pet sida edan, ora edan sida buyeng, ora buyeng sida gendheng, ora gendheng sida ngengleng, ora mari-mari yen ora aku kang nambani, lailahailallah Muhammad Rasulullah Sallallahualaihiwassalam.”

Kajaba iku, sadurunge taun 1965 (ing Pulo Lombok) tau mencungul anane go­longan agama “Islam Wektu Telu”, sa­liyane golongan “Islam Wektu Lima”. Bab iki, uga diteksir merga antuk pa­ngaribawa saka agama Hindhu. Golongan “Islam Wektu Telu” mung nglakoni salat kaping telus sajroning setaun (apa se­sasi?). Sing cetha golongan iki nyimpang karo golongan agama “Islam Wektu Lima” (umum) sing nglakoni salat sedina kaping lima. Mbokmenawa golongan “Islam Wektu Telu” iki kaprabawan saka agama Hindhu sing tepung marag Trisan­dhya­wrata (Tri=3, sandhya= wektu, wrata= sembahyang). Yaiku “Sembahyang sedina kaping telu”, esuk, awan, sore.

Crita Dumadine Setan

Puntianak utawa Sundelbolong

Udakara wiwit taun 1850 M ingga jaman saiki, kapitayane wong Jawa ma­rang lelembut terkadang campur bawur dadi siji. Maksude, lelembut saka kapita­yan asli wong Jawa banjur digathukake karo lelembut saka kabudayan agama Hindhu lan Islam. Kayata crita ngenani dumadine “setan” sing bebere mang­kene:

“Nalika Dewa Brahma nyipta dewa-dewa lan raseksa liyane, ing antarane dewa lan raseksa tansah padha padudon. Pungkasane Dewa Brahma duka, para dewa kang mahanani padudon utawa madeg kraman dipapanake ing sisih wetan, lan dijenengi setan. Jalaran gunggunge manungsa ing donya saya tambah akeh, sabanjure setan dipindhah manggon ing perangan langit, lan ora bisa disawang manungsa. Dewa Brahma nuli netepake wektu lan dina mirunggan, kapan para setan iku metu lan mudhun ing bumi kanggo golek mangsa (nggodha manungsa). Mula banjur ana ‘ilmu pe­tungan” minangka gegebengan kanggo ngendhani/nulak saka panggodhane setan kasebut.”

Saka crita kasebut bisa dijupuk du­dutan, yen golongan setan (arane lelem­but manut agama Islam) dicampur karo Dewa Brahma (arane dewa ing agama Hindhu). Malah arane lelembut, dhemit, lan golongan bangsa alus liyane (sing becik apa sing ala) yen dititeni uga mu­judake campuran antarane unsur kapi­tayan Asli, Hindhu, lan Islam.

Lelembut ing Tanah Jawa

Tilas Pesanggrahan Guwa Siluman

Dene arane lelembut ing Tanah Jawa manut panjingglenge HA van Hien (“De Javaansche Geestenwereld”, Bandung, 1906), yaiku: Ama (arane lelembut wujud ama tanduran, kayata ana walangsangit, ama lembing, ama abang. Tanduran pari bakal mati yen ketrajang ama iki). Cinunuk (wujud buta, manggon ing alas), Dhanyang(golongan lelembut becik sing diurmati manungsa). Dhe­ngen(wujud asep, nyebabake wong lara weteng, beri-beri lan lara panas). Majusi (lelembut sing seneng angslup ing awake manungsa, sarta merbawani marang watak ala).Menthek (wujud bocah cilik wuda, umur 4-5 taun, seneng ngganggu tanduran pari).

Poto (wujud pedhut kang tansah mundhak gedhe, manggon ing rawa, ngganggu sato iwen, gawe kapitunane kadang tani). Sawan (lelembut sing nggangu bocah cilik lan mahanani lelara). Gendruwo (wujud kewan apa manungsa sing nggegirisi. Nggodha uwong kanthi cara mbalangi omah nganggo watu, ndhodhogi lawang, mindah wong turu, lsp). Wewe (wujud wadon tuwa, kuru, dhuwur, payudhara ngglembreh. Seneng nyulik/nggondhol bocah, dikempit, diseleh, ing papan sepi, kayata kuburan, ndhuwur wit).

Puntianak (Kuntilanak, Sundhel­bo­long), wujud wadon ayu, rambut kangsrah lemah, ora duwe pawadonan, lan bolongan awak tembus tekan buri. Bontotan (Pocong), lelembut sing nganggo sandhangane wong mati (mori, kain kafan),Banaspati wujud buta, sikile ing dhuwur lan mlakune mawa tangan, cangkeme mangap jembar sarta nge­tokake geni. Medi (Setan Usus), wujud usus nglewer.Jrangkong, wujud asu kuru ules ireng, sirahe putih, gawe lelara.

Kemamang (wujud geni bunder, ga­we lelara). Antu Dharat (wujud pak kaji sing ndhelik ing mburi wit, gawe kaget lan lelara). Antu Laut (wujud geni bunder kang menclok ing layar kapal). Antu Alas (wujud asep, metu wayah wengi ing tengah alas). Antu Omah (wujud asep ing jero omah, banjur owah dadi uwong. Sing diweruhi banjur abuh wetenge). Belis (Iblis), lelembut sing manggon ing sawah/kebon, seneng ngganggu manungsa sing nalika wayah jam 6 sore lunga menyang sawah). Blau (Setan Bisu), nyebabake lara kolera.

Lampor (Setan Akasa), wujud kaya manungsa, duwe suwiwi, sirah sapi. Lakune dibarengi suwara kemrosak lan mahanani banjir, lesus, lan bebendu liyane. Pangusire kanthi nabuh kenthong titir. Laha ( Wujud kewan sikil papat, sirah manuk, senenge ngganggu sato iwen). Blorong (Wujud wanita ayu, dhadha semog, awak ula. Mapan ing rawa, tlaga. Bisa aweh pesugihan, nanging wong sing golek pesugihan, yen mati dadi bature). Thuyul (Setan Gundhul). Wujud bocah cilik umur 5 taun, seneng nyolong dhuwit diwenehake marang wong sing ngingu/momong. Wong sing ngingu pendhak sore nyawisake kacangijo, dene sing wadon terkadhang kudu gelem nyusoni. Sato (wujud kewan sikil papat, senenge angslup ing weteng kewan, temah lara abuh). Geblug (Sambang Gebluk), seneng ngganggu sato iwen lan rajakaya.

Keblek (Keblak), wujud setan cebol, tangan cilik, weteng gedhe nggenteyong, bisa mabur karo keplok-keplok. Baung (Setan alas wujud manungsa sirah asu. Sing diweruhi nandhang lara). Anja-anja (lelembut sing seneng ngisep getihe wong sing lagi turu. Yen ana wong mati awak kebak burik-burik biru, dianggep mati marga disesep getihe dening Anja-anja). Angga-Inggi (wujud buta rambut krembyah. Bisa ngilang lan ngayomi manungsa saka bebaya). Bermana-Bermani (lelembut salah kedaden saka wong bebojoan lanang-wadon, mati dadi jin kafir lan setan. Banget bebayani/diwedeni, seneng memba-memba dadi wong lanang/wadon, banjur ngajak turu bareng).

Bajang Anggrik (wujud sagrombo­lan bocah cilik manggon ing tengah alas, nggiri godha wong liwat kanthi tansah ndhisiki laku. Ora gawe lara kajaba mung gawe wedi). Kanun (wujud grombolan buta sing mabur ing akasa, pendhak dina mangan 40 ingga 55 setan. Ora ngganggu manungsa, malah yen ana wong mlaku liwat papan sepi, bisa diceluk supaya mangan setan sing adhang-adhang ing tengah dalan). Drubiksa (wujud buta sing manggon ing omahe uwong. Ana sing becik lan sing ala, yen nesu mbantingi barang-barang ing jero omah). Wilwa (wujud setan sing ngumbara ing anta­riksa, ules putih. Mudhun ing dharatan lamun bakal njabut nyawane manungsa). (Ana Candhake)


Sumber

lanjutin di sini !

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?