GuidePedia

0


Entar ing basa Kawi tegese bablas tumrap sesurupan, mangkat, lunga. Ing basa Jawa anyar tegese yaiku dudu tegese kang baku, utawa silihan tumrape tetembungan (Poerwadarminta, 115). Ing basa Indonesia diarani makna kias.

Tuladha:
Sikil ateges perangane awak kang kanggo nyangga awak lan kanggo mlaku. Sikil jaran, sikil pitik nduweni teges lugu utawa sawantahe (makna lugas), nanging yen sikil gunung, sikil meja nduweni teges entar utawa ora sawantahe (makna kias)

Landhep ateges kahanan gampang kanggo ngiris kang ditrapake kanggo gegaman.Ladinge landhep nduweni teges wantah, nanging yen landhep pikire nduweni teges entar.


Tuladha liyane:
Abang kupinge = nesu. Ngabangake kuping = agawe nesu.
Abang-abang lambe (pr*) = mung lelamisan.
Abang raine = mbrabak, nandhang wirang (isin).
Adol ayu = mamerake ayune supaya disenengi.
Adol bagus = mamerake baguse supaya disenengi.
Adol gawe = ngatonake (mamerake ) pegaweyane supaya diarani sregep
Adol kringet = buruh, nyambut gawe ngalap opah.
Adol gendhung = kumingsun, umuk.
Adol umuk , adol sengung = seneng sesongaran.
Adol gadhe , adol sendhe = nggadhekake palemahane lsp.
Adol swara = ngapus-apusi.
Adol kuwanen = mamerake kekendelane.
Kulak warta adol prungon (pr*) = ngrungok-ngrungokake pawarta.
Adus getih = tatune nemen banget getihe dleweran ing awake.
Adus kringet = kangelan, rekasa banget.
Adus luh = nemen anggone nangis
Akeh sandhungane = akeh alangane.
Ala kandhutane = ala wateke
Ala tembunge = tembunge kasar / saru.
Alus tembunge = rembuge kepenak dirungokake.
Amba jangkahe = bisa ikhtiyar mrana-mrana
Apus krama = apus sarana alus.
Asor budine = ala bebudene
Asor yudane = kalah perange.
Ati dhondhong = atine ala
Atine metu wulune = atine ala.


(m) balang liring = mbalang ulat (ngingetake, mleroki). Liring (kw*) = kedheping panyawang sakeplasan. Diliring = diingetake sakeplasan. Lirik (kn*) = obahing mata mandeng nisih. Nglirik = mandeng nisih.

Bau suku = abdi / batur. Tembung bau suku tegese bebau saka ing padesan kang nggarap sawah palungguh, lsp. Pegaweyan bau suku tegese pegaweyan gugur gunung.
Bau tengen = wong kang dipercaya.
Bening atine = atine seneng
Bening ulate = ora mrengut.
(m) bukak wadi = ngandhakake wadine.
(m) buwang dhuwit = ngeceh-eceh dhuwit.
(m) buwang layang = kirim layang.
(m) buwang sangkal = mbuwang apes, mbuwang cilaka. Sengkala = cilaka, kacilakan. Sangkal = garan pethel. Sangkala (kw*) = rante. Pasangkalan (kw*) = panggonan paukuman. Sinangkala (kw*) = dikunjara, dirante, disiksa.
(m) buwang tilas (pr*) = nylamur nindakake apa-apa supaya aja konangan pialane


Cagak lek = apa-apa kang kanggo srana supaya betah melek.
Cagak urip = sarananing ngaurip (pangan).
Nyagak talang = kaya cagaking talang yaiku jagongan linggih ana ngisor talang papane wong sing kinurmatan.
Nyagak alu (pr*) = wong sing diendel nanging ora mitayani.
Cangkem gatel = seneng ngrasani utawa memisuh.
Kakehan cangkem = kakehan gunem, tansah gumremeng.
Cendhak umure = gelis mati. Kosok baline dawa umure = suwe anggone urip.
Cepak jodhone = enggal oleh jodho.
Cepak rejekine = gampang oleh rejeki.
Cilik atine = jirih, tansah kuwatir.
Wong cilik = wong kang ora kedunungan pangkat, rakyat.
Cupet budine = ora bisa nggayuh kang luhur-luhur.
Cupet lelakone = lelakone sigeg.
Cupet nalare = ora bisa mikir dawa.
Cupet pangandel = ora percaya.


Wis metu gawene = wis bisa tetulung makarya.
Andum gawe = mbage kuwajiban sing bakal ditindakake.
Dadi gawe = njalari kepeksa nindakake apa-apa, nusahake.
Bisa oleh gawe = kelakon sing disedya.


Dawa tangane = climut, dhemen colong jupuk.
Dipikir dawa = dipikir kanthi wawasan kang rowa.
Ketiga dawa = ketigane suwe.
Prekarane kedawa -dawa ula = prekarane ora uwis-uwis.
(n) dhedher kautaman = nandur kabecikan.
Dhuwur gegayuhane = gegayuhane luhur.
Dhuwur pangkate = dadi wong luhur, nduweni panguwasa.


Empuk rembuge = rembuge kepenak dirungokake. Diempuk = diglembuk. Diempuki = ditanduki sarana tembung manis.
Entheng sanggane = ora ngrekasa kang dadi kuwajibane
Entheng baune = seneng tetulung lan gampang disambati.
Entheng tangane = cengkiling, dhemen mara tangan. Supaya dibedakake karoringan tangan ing basa Indonesia kang tegese dhemen tetulung.


(n) gadho ati, mangan ati = gawe susahe ati. Nggadho = mangan lawuh iwak tanpa sega.
Gantung kepuh = terus dienggo wae ora tau salin tumrap sandhangan. Kepuh = 1. peprincene lapak (abah-abahe jaran kang dianggo palinggihane wong sing nunggang) kang mbedhol, 2. Wiron tekukane dodo ting bangkekan (geger).
(ng) gantung untu = selak kepingin memangan.
(ng) gantung laku = isih ana ing sajroning tampa ayahan.
(ng) gantung kawin (nikah) = wis dikepyakake nanging durung ningkahan.
(ng) gantung boja = wis dinikahake nanging durung dikepyakake kanthi karamean.
Gedhe atine = bombong, mongkog, manteb.
Gedhe endhase = sombong, umuk.
Gedhe danane = akeh danane.
Gedhe tirakate = anggone tirakat mempeng.
Gedhe walate = malati banget.
Dina gedhe = dina kang dimulyakake, riyaya.
Priyayi gedhe = priyayi luhur, wong pangkat.
Gedhe omonge = umuk.
Gedhe tekade = kenceng tekade, ora gampang nglokro.
(ng) gedhekake puluk = nengenake memangan, kurang prihatine.
Gilig rembuge, gilig pikire = wis mateng, wis dadi.
Gilig tekade = kenceng tekade, ora bakal mundur.
(ng) gilut kawruh = ngangsu kawruh, golek ngelmu. Nggilut = mamah kalawan suwe. Jamu gilutan = jamu sing diglintiri banjur diuntal.
Golek slamet = murih supaya slamet.
Golek urip = murih supaya tetep urip.


Idu geni = apa sing dikandhakake mesti kelakon utawa digugu.
Mati ilate = ora bisa ngrasakake.
Dawa ilate = seneng golek alem.
Ilang klilipe = ilang mungsuhe.


Jembar atine, jembar segarane = welasan, sugih pangapura.
Jembar dhadhane = sabar.
Jembar polatane = akeh kawruhe, akeh kupiyane. Kupiya = conto, tuladha, lelakon kang wus dialami dianggo tuladha.
Jembara kubure = pamuji marang wong mati supaya oleh suwarga.
Jembar kawruhe = akeh ngelmune sarta nyukupi.
Jero kawruhe = akeh ngelmune lan ahli ing babagan ngelmu iku.


Kadalu warsa = kasep, lungse. Dalu = wis mateng banget tumrap woh-wohan.
Kandel kulite = digdaya, sekti, ora tedhas gegaman.
Kandel kupinge = ora rumangsan, ora duwe isin.
Kaku atine = ora gampang diluk, ora gampang dituturi.
Kasar tembunge = tembunge ora kepenak dirungokake, saru.
Katon dhadhane = wani adu arep.
Kagugah atine = thukul krentege atine.
Kembang lambe = dadi guneme wong akeh.
Kembange wong urip = lelakon werna-werna, bungah lan susah nalika wong isih urip.
Kelepetan ala = katut melu ala.
Kakehan tangan = kakehan wong sing nyandhak.
Kena tinenga-tenga = kena disambati. Tenga (tumenga), nenga = 1 nyawang mandhuwur; 2 ngarep arep pitulungane wong sing luwih kuwasa.
Kenceng karepe = karepe kudu kaleksanan.
Kenceng tekade, gedhe tekade = manteb tekade.
Kuwat drajat = bisa dadi wong gedhe / luhur.
Kuwat isin = betah isin, ora duwe isin.
Kuwat mangan = tadhahe pangan akeh.


Lambe tipis = criwis.
Landhep pikirane = pinter banget.
Lara ati = serik atine.
Lara owah = edan, gendheng.
Larang pangan = paceklik.
Larang banyu = ora ana banyu, ketiga dawa.
Lobok atine = sabar. Lobok = logro, ora seret tumrap ali-ali, lsp.
Luhur budine = apik bebudene.
Luhur drajate = wong gedhe, wong pangkat, wong kang nduweni panguwasa.
Lurus lakune = jujur.
Lunyu ilate = guneme ora kena dipercaya.
Lumah tangan = ora melu cawe-cawe.


Manis eseme = eseme ngresepake ati.
Manis rembuge = rembuge nyenengake ati.
Mata dhuwitan = petung banget bab dhuwit.
Mati sandhang pangane = cupet dalane golek sandhang pangan.
Mateng kawruhe = mumpuni banget.
Mati raga = prihatin.
Medhot tengah dalan = ora nerusake laku.
Metani luput = nggoleki salahe wong
Meres kringet, ngepuh kringet = nyambut gawe mempeng.
Meres pikir = mikir kanthi nemen
Mogel ilate = kepingin memangan kang sarwa enak.
Murang tata = ora duwe duga, kurang ajar.


Nandur kabecikan = gawe kabecikan.
Ngangsu kawruh = golek ngelmu.
Ngatonake siyunge = ngatonake panguwasane.
Ngatonake dhadhane = nuduhake panguwasane.
Ngekep dhengkul = ora nyambut gawe.
Ngendhaleni hawa nepsu = nyegah kekarepan ala.
Ngemut dirji = ora oleh apa-apa.
Nyolok mata = cetha wela-wela.


Oleh ati = disenengi.
Oleh gawe = kasil, kaleksanan.
Oleh wirang = kisinan.
Ora duwe ati, entek atine = kuwatir banget.
Ora duwe udel = ora ngerti tata krama, kurang ajar.
Ora melek aksara = ora ngerti aksara, buta huruf.

Padhang hawa = 1 lair ing alam donya; 2 kahanan ing sajabane omah.
Padhang pikire = lega, seneng.
Padhang ulate = sumeh.
Pait getire urip = bungah susahe wong urip.
Pait lelakone = lelakone ngrekasa.
Panas atine = nesu.
Pecah pamore = wis ngancik diwasa.
Pedhes rembuge = guneme nglarakake ati, gawe serik.
Perih atine = susah banget.
Peteng atine = susah atine.
Pingget atine = lara atine, serik.
Puput yuswa = mati.


Rai gedheg, rai tembok, rai jeblog = ora duwe isin.
Njaga praja = njaga ajining dhiri (menjaga kehormatan)
Runtuh welase = thukul welase.
Rupak jagade = kelangan pasaban.
Sepi ing pamrih = ora nduweni pamrih
Seret rejekine = angel golek rejeki.
Sesak dhadhane = mangkel atine, kudu muring-muring.


Tadhah udan = 1. Sawah kang banyune ora saka oncoran mung saka banyu udan; 2. Lirangan gedhang kang dhuwur dhewe.
Tatu atine, pingget atine = lara atine.
Tanpa tilas = entek babar pisan.


Udan tangis = akeh wong nangis.
Peteng ulate = nesu.
Ulat manis = sumeh.
Utang lara = nate nggawe larane wong liya.
Utang nyawa, utang pati = nate mateni wong liya.
Utang wiring = nate nggawe wiranging wong.


Walang ati = kuwatir.
Wani silit wedi rai (pr*) = ora wani adhep-adhepan.
Weteng kadut, Weteng karet = dremba / akeh mangane. Kadut = bangsane bagor.
Wedi getih = jirih.
Wedi kangelan = ora gelem ngrekasa / kangelan.


Katrangan :
Kn* = karma lan utawa ngoko
Kw* = kawi.
Pr* = paribasan




Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top