GuidePedia


 https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhjp_H-m3F5_huu8dUvcfso7QGxi7nrOU3CCX6aCke9vooLJ0VEPjPzkwoqNAWObIn7SlaRk0kTXSZh9kNyCoOyoE3wDLcLuXi8ejQLcqFe-mx9_7-3mduxUWpGXmSMdQTQAFsG8A/s320/jahe+instan.jpg
instan jahe sing meh dadi
MENAWA ora doyan mangan, wong saiki padha ngombe vitamin penambah napsu mangan kang akeh ing pasaran. Amarga praktis lan hygienis sarta rasane warna-warna, kari ngombe. Sejatine kita uga duwe peninggalan lelu­hur jamu kanggo nambahi nafsu mangan sing karan “jamu tradhisional”. Jaman saiki wong gawe jamu dhewe ya isih ana. Salah siji ing antarane yaiku: Mbah Marsup (75) warga Desa Pulosari, Kecamatan Ngunut, Kabupaten Tulungagung.

Jamu tradhisional ora amung kanggo nambahi nafsu mangan, uga bisa kanggo nambahi watuk pilek sarta nyegah sari­awan. Jamu tradhisional ramuane prasaja wae, amung awujud empon-empon. Won­dene empon-empon sing digawe jamu de­ning Mbah Marsup yaiku: temulawak, lem­puyang, butrowali, godhong kates lan jahe.

Miturut katerangan Mbah Marsup, te­mulawak (curcuma xanthorriza roxb), bisa kanggo nambah napsu mangan, mudhun­ake panas, diare, weteng kembung lan pegel-pegel. Lempuyang (zingiber Americans l), bisa kanggo ngudhunake pegel-pegel. Butrowali (tinospora tuber­culata beume), bisa kanggo ngu­dhunake panas. Godhong kates (carica papaya l), nglancarake pen­cernaan lan nambah nafsu ma­­ngan. Jahe (zingiber officina­la), ngudhunake tekanan darah (hipertensi).

Jahe duweni akeh khasiat sing bisa nyehatake awak. Merga jahe ngandhut akeh zat-zat kang becik kanggo awak. Kandhutan jahe ya­iku: minyak atsiri zingiberena (zi­ngi­rona), zingiberol, bisabo­lena, kurkumen, gingerol, filan­drena, lan resin pait.

Wondene khasiat jahe tumrap kesehatan yaiku:

- Ngudhunake tekanan darah (hipertensi). Bab iki merga jahe ngrangsang nguwalake hormon adrenalin lan ngembakake pembuluh darah, akibate darah mili luwih cepet lan lancar sarta ngri­nganake kerja jantung anggone ngompa darah.

- Mbantu pencernaan, merga jahe ngandhut enzim pencernaan yaiku: protease lan lipase, sing padha-padha nyerna protein lan lemak.

- Nyegah pembuluh darah kesumpe­tan. Gingerol ing jahe sifate anti koagulan, yaiku: nyegah penggumpalan darah. Dadi nyegah kesumpete pembuluh darah, pe­nyebab utama stroke, lan serangan jan­tung.

- Nyegah mual, merga jahe bisa nge­blok serotonin, yaiku: senyawa kimia sing bisa nyebabake weteng berkontraksi, sa­engga teka rasa mual. Kalebu mual akibat mabuk ing perjalanan.

- Njalari lambung dadi nyaman, ngri­nganake kram perut lan mbantu nge­tokake angin.

- Netralake radikal bebas. Jahe uga ngandhut antioksidan sing mbantu netral­ake efek ngrusak sing disebabake dening radikal bebas ing jero awak.

- Ngelongi rasa lara sing dialami lan bisa ngelongi rasa nyeri rematik, sirah mu­met, lan migren. Carane, ngombe wedang jahe sedina kaping telu. Uga bisa ngombe wedang rondhe, ngemut permen jahe, utawa jahe ing soto, semur, utawa ren­dhang.

- Godhong jahe uga ana khasiate, mi­nangka obat kompres sirah mumet lan bi­sa dicipratake menyang pasuryane wong sing ngerog. Carane kanthi didheplok lan diwenehi sethithik banyu bisa digunakake minangka obat kompres sirah mumet lan bisa dicipratake menyang pasuryane wong ngerog.

- Nguatake pencernaan panganan lan ngusir gas ing jerone, ngobati ati sing beng­kak, watuk lan adhem panas. Carane kanthi ndheplok rimpang banjur digodhog ing banyu umub suwene udakara sete­ngah jam, sabanjure diombe banyune.

- Ngobati rematik. Disiapake siji utawa rong rimpang jahe. Dibakar banjur didhe­plok. Ditempleki dheplokane jahe ing pera­ngan awak sing lara rematik. Cara liya ya­iku: ndheplok dicampuri cengkeh, lan di­tem­pelake ing perangan awak kang lara rematik.

- Ngobati tatu merga mlecet, kena ba­rang landhep, kena eri, ceblog, sarta dico­kot ula. Carane rimpang jahe abang didhe­plok lan ditambahi sethithik uyah. Saban­jure ditempelake ing perangan awak kang tatu.

- Ngobati gatel merga dicokot nyamuk. Carane kanthi ndheplok rimpang banjur digunakake minangka obat gosok.

- Ngobati tatu cokotan ula. Carane kanthi ndheplok rimpang lan diwenehi sethithik uyah, sabanjure ditempelake ing tatu cokotan ula (mung minangka pitulu­ngan sepisan sadurunge digawa menyang dokter).

Instan Jahe

Salah siji pawongan kang ka­sil nggawe instan jahe yaiku Mbah Marsup. Priya lansia pen­siunan dwija iki maune mung re­men maca. Maca apa wae, klebu maca PS (langanan PS wiwitan taun 1970). Krana maca buku wis kasil nggawe bio gas, ngripta tari klasik, gendhing Jawa Klasik, nulis skenario lan wayang wong.

Saben sa-resep, bahane jahe 1 kg, banyu 8 cc (telung gelas), lan susu sapi murni telung gelas. Carane nggawe, jahe diparut (di­blender) diperes nganggo kain. Ampase banjur dicampur banyu, terus diperes maneh nganggo ka­in. Sabanjure direndhem su­wene 4-5 jam.

Pathi sing ana ngisor dibu­wang. Banyu sing dhuwur digo­dhog. Yen wis umub dicampuri gu­la 1 kg. sawise iku susu dilebok­ake, digodhog nganti sat. Yen ing pinggire wajan gulane wis katon nem­plek, genine banjur diung­ket. Yen wis ken­thel geni di­pa­teni. Saban­jure wajan dide­leh ing ngisor, lan diudheg. Yen mrongkol digerus supaya ajur. Yen bisa wajane saka stenlis, lan udhege saka kayu. Alasane, bahan-bahan, wajan aja nganti katut me­nyang instan jahe.  l (sri astutik)


Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI ! 
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !

Beli yuk ?

 
Top