GuidePedia

http://i0.wp.com/solografi.com/wp-content/uploads/2014/01/WINARNO-KUSUMO2.jpg?resize=369%2C483
 KP Winarno Kusumo

Hadiningrat nganake prosesi ritual sakral ‘wilujengan nagari mahesa lawung’ kanthi sesaji mligi endhas (sirah) kebo umbaran ( kebo enom, sing tenagane durung kanggo) kabeh mau minangka pralambang ngubur kebodhoan, awit kanggone wong Jawa kebo mono minangka ila-ilane wong bodho longa-pongo kaya kebo.




Prosesi ritual sakral sing digelar dina Senen Wage ( 11/3) kuwi ing alas Krenda­wahana, Desa- Kecamatan Gondangrejo, Karanganyar, Jawa Tengah sing ambane kurang luwih 5000 meter persegi kuwi uga minangka sarana umbul donga su­paya pihak trah dinasti Mataram kalis saka rubeda lan rencana. Ritual sakral wilu­jeng­an nagari mahesa lawung iki kanggo­ne pihak kraton Kasunanan Sura­karta di­lakoni saben taun sepisan, ing pung­kas­ane wulan Rabingulakir (petung tanggal jawa).

Mula saka kuwi sedina sadurunge, Minggu Pon (10/3) esuk para punggawa (pemangku adat) kraton, wiwit abdi dalem, sentana, prajurit lan para ningrat ing njero kraton katon padha iwut nan­dangi kuwajibane dhewe-dhewe. “Ing dina Minggu esuk aku lan saperangan pung­gawa kraton kudu wis njupuk uba­rampe sesaji endhas kebo umbaran, sing wis dipantha-pantha saperangan awake, yaiku sikile 4, mripate loro, sirah nganti tekan buntute saka Demak, “ ujare KP Wi­narno Kusumo Wakil Pengageng Sa­sana Wilapa, Kraton Surakarta marang war­tawan klebu PS

Winarno miterang, ubarampe sesaji mligi endhas kebo umbaran iku sakwise tekan kraton banjur di bakar tanpa bumbu ing Gondorasan (panggonan mligi kanggo masak), sing manggon ing njero beteng kraton), isih ditambah ubarampe liyane minangka sing ngamping-ampingi, kayata bekakak, walang-walang ketaga (sape­rang­an jenis walang), sega golong sak­wernane ketan lan jajan pasar, uga ditam­bah pitik cemani.

Kabeh sesaji sing wujud kewan di bakar tanpa bumbu, awit para mahkluk alus (lelembut) sing manggon ana alam gaib mono pancen mbutuhke sesaji daging sing anyep-anyep. Pas ing dina Senen Wage (11/3) antara jam 9 esuk prosesi ritual wilujengan nagari mahesa lawung iku kawiwitan. Katon arak-arakan para pra­jurit lan abdi dalem Kraton Kasunanan Surakarta padha ngusung jodhang isi se­saji.


http://www.kratonpedia.com/data/user/mahesa_lawung/Arak_arakan_Mahesa_Lawung_1.jpg
Sesaji Mahesa Lawung nalika metu saka kraton

Kanthi cucuk lampah sesaji endhas kebo sing dibungkus mori putih sing di­panggul abdi dalem cacah 6. Arak-arakan kuwi metu saka Kampung Gondorasan tumuju bangsal Srimanganti, Manggang­an, Gedung Melati lan pungkasane man­dheg ing Sitihinggil kanggo disanggarake lan didongani para ngulama kraton sing dipimpin dening KRAT Pujodiningat. Ban­jur sewernane ubarampe sesaji sing wis sumadya mau diusung maneh, sakwise oleh palilah saka KGPH Puger.

Kanjeng Gusti Pangeran Haryo (KGPH) Puger mono, minangka adhik kandhunge Paku Buwono XIII, sing uga minangka Penganggeng Pariwisata lan Museum Kraton. Rombongan punggawa sing padha ngusung sesaji mau banjur di­angkut rong bis sing ditutake dening pu­luh­an wong sing bakal melu upacara wilu­jengan nagari mahesa lawung ing alas Krendhawahana, sing jarake udakara 25 kilo meter saka kraton mengalor.

Kratone Bethari Durga.
Sakwise tekan panggonan sing dituju, kabeh ubarampe sesaji uga diarak mlebu gapura alas Krendha­wah­ana sing kondhang wingit, sing dipercaya minangka kumpule para lelembut sing dikuwasani dening Bethari Durga kanggo di­sanggarake ing ngisor wit ringin putih. Saperangan wong percaya ya ing wit ringin putih kono minangka kratone Bethari Durga. Sakbanjure, kabeh kawula kraton banjur padha lungguh sila nga­dhepake wit ringin putih sing wis kebak sesaji.


 http://chic-id.com/wp-content/uploads/berdoa-dalam-mahesa-lawung-keraton-kasunanan-surakarta.jpg
Salah siji abdi dalem nalika umbul donga ing ngarep wit ringin putih

KRAT Pujodiningrat, minangka pe­mimpin donga lungguh ing dheretan paling ngarep, ing sakiwa tengene ubarampe sesaji mau wis cumepak anglo kanggo nyumet menyan ratus, uga dupa wangi lan saperangan kembang setaman. Nalika kabeh menyan lan dupa wangi disumet, wis sakmesthine yen kebule banjur nu­wuhke ganda arum sing khas, gawe mrin­dinge wong sing ora kulina nglakoni bab-bab sing sakral.

Ora suwe maneh, prosesi ritual umbul donga kawiwitan, KRAT Pujodiningrat maca sawernane donga nganggo Basa Jawa lan Basa Arab sing banjur diamini puluhan wong sing ana kono kanthi pang­ucap rahayu…rahayu…rahayu wola-wali, nganti tekan panutuping donga sing udakara suwene ora kurang saka seprapat jam. Kabeh ubarampe disanggarake, mung mligi endhas kebo umbaran kuwi di lorot kanggo di kubur ing sisih kulone wit ringin putih.

Makna lan filosofi saka prosesi ritual ngubur endhas kebo mono, ujare KP Wi­narno Kusumo, kanggo ngi­langake bringase kebo um­baran saka sipat angkara mur­ka, iri lan drengki, sa­engga sing isih mung sipat wicaksana lan berbudi bawa leksana.”Sakliyane ngalisake sipat manungsa sing elek sing kebak kesrakahan. Kebo mono identik karo kebodho­an, mula kudu di kubur” pra­telane Winarno

Perang Jin
http://4.bp.blogspot.com/-e_O3k7Uxd7c/UbcRt_07mTI/AAAAAAAAKDU/tBRk6Weyd8I/s1600/Bersih-Dusun-Bobung_000001320.jpg

Bekakak uga klebu sesaji ing wilujengan nagari Mahesa Lawung

Sakwise kuwi wiwit saka para putra putri kraton, ke­rabat, para ningrat uga abdi dalem urut maju mbaka siji ing ngarep sesaji kanggo nglakoni prosesi panyuwun­an secara pribadi. Banjur ke­priye muasale prosesi ritual wilujengan mahesa lawung, saengga bisa didadeke tra­dhisi dening pihak Kraton Ka­sunanan Surakarta? Manut serat pustaka raja lan Wita Radya, Kraton Kasunanan Su­rakarta, upacara ritual wi­lujengan nagari mahesa lawung iki wis lu­maku wiwit taun 387 kanthi candra sengkala Pujaning Brahmana Guna.

Ing zaman keemasane Sri Prabu Aji Pamasa, saka Kraton Pengging, ketekan mungsuh sing tandange ngedab-edabi lan nggegirisi, apa maneh mungsuh mau uga direwangi atusan jim lan siluman sing nduweni sipat beringas saka kerajaan Imantaka. Meruhi kedadeyan kuwi ing njero Kraton Pengging sing ora siyap sak­du­runge saknalika dadi tintrim, kabeh, prajurit lan masyarakat sakiwa tengene padha miris lan keweden, padha mbu­jung keslametane dhewe-dhewe.

Malah Aji Pamasa dhewe ngrumang­sani bakal kewalahan yen kudu ngadhepi mungsuh sing kaya mangkono polahe, mula saka kuwi Aji Pamasa ngutus patih Tambakbaya supaya njaluk pambiyantu marang Bethari Kalayuwati, salah sijine putrine Bethari Durga, penguwasa jin, pri­pra­yangan lan lelembut sing manggon ing alas Krendhawahana. Nanging, sakwise patih Tambakbaya ngadhep Bethari Kala­yuwati minangka utusane Aji Pamasa.

Bethari Kalayuwati malah banjur miterang, bab ketledhorane Aji Pamasa, sing saksuwene iki Aji Pamasa dianggep mung nengenke bab lahiriah ing kerajaan wae, saengga lali menehi sesaji marang para gaib ing sakiwa tengene. “Mula saka kuwi yen Aji Pamasa pengin bisa ngalah­ake mungsuhe mau kudu gelem menehi se­saji wujud endhas mahesa lawung (endhas kebo umbaran) ing alas Krendha­wahana.
http://www.soloblitz.co.id/wp-content/themes/soloblitzcoid/timthumb.php?src=http%3A%2F%2Fwww.soloblitz.co.id%2Fwp-content%2Fuploads%2F2014%2F02%2F1.-Doa-bersama-abdi-dalem-pada-acara-Mahesa-Lawung-Kamis-270214-di-alas-Krendhawahana_Foto_Maksum-N-F.jpg&q=90&w=610&h=320&zc=1

Para kawula kraton sing melu wilujengan nagari mahesa lawung

Krungu panjaluke Bethari Kalayuwati sing kaya mangkono mau, mula Aji Pa­masa enggal-enggal ngutus para kawulane kanggo nyedhiayani endhas mahesa lawung sarta ubarampe sesaji liyane kanggo disanggarake ing alas Krendhawahana. Sakwise sesaji dicawisake, mula Bethari Durga, Bethari Kalayuwati sarta jin, peri prayangan, lan kabeh jenis lelembut andhahane dikerahake kanggo nganake serangan balesan marang Kerajaan Ima Imantaka.

Ora gegancangan wektu sing suwe prajurit Ima Imantaka kewalahan lan mundur saka peperangan. Takluk ! Sesambungan karo bab iku mula kraton-kraton ing Pulo Jawa mligine Trah Kerajaan Mataram yen kepingin kalis saka rubeda lan rencana kudu gelem nggelar prosesi ritual wilujengan nagari mahesa lawung saben setaun sepisan. Mligi kanggo Kraton Kasunanan Surakarta Hadiningrat milih waktu, adhedhasar sejarah sing wis lumaku wiwit Paku Buwono II.

Yaiku nalika Kraton Kartusura pidhah ing Desa Sala lan madeg Kraton Kasunanan Surakarta ing dina Selasa Pon, 17 Sura tahun Je 1670. Nah, sakwise satus dina madege Kraton Surakarta oleh kanugrahaning Gusti saengga oleh keslametan. Sinuwun PB II banjur nggelar wilujengan nagari mahesa lawung, sakbanjure dilestareke lan di uri-uri minangka tradhisi turun-temurun nganti saiki, amrih pinanggih wilujeng ing sakabehe. (Kang Hong)

Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae


Beli yuk ?