GuidePedia


Saben negara ing donya duwe larangan sing ora kena diterak dening wargane. Larangan kasebut ana sing tinulis, ana uga sing mung sumebar gethok tular nganti tu­run temurun. Ana larangane nagara, la­rangane agama, larangan adat utawa tra­dhisi, lan liya-liyane. Ing jaman kang sar­wa canggih iki akeh wewaler bisa disra­nani kanthi cara werna-werna. Nanging ana uga sing kandha yen aturan kuwi di­gawe kanggo ditabrak. Sok neng konowa ing sadhengah negara tinemu larangan nyleneh lan gawe penasaran. Ing ngisor iki kita aturake larangan-larangan ka­sebut:

1. Ora oleh mati
Kutha Longyearbyen mapan ing kutub lor. Kuthane ora beda kaya kampung, pendhudhuke mung sithik, wong 1.500. warga Longyearbyen manggon ing omah sing digawe saka kayu, madeg ing anta­rane gumuk-gumuk lan ngare sing tansah katutup salju. Senajan kutha cilik iki wilayahe ora pati jembar nanging war­gane duwe pertambangan, peternakan, sekolah, greja, pengadhilan, penjara, sarta pertokoan. Mung siji sing ora ana ing kutha cilik iki. Yaiku kuburan! Najan ana ning kuwi kuburan tuwa. Nanging wi­wit 70 taun kepungkur pemerintah ngla­rang murih pendhudhuke utawa wisa­tawan mati ing kono.

“Yen panjenengan seda ana ing kutha cilik kuwi, bisa ditangkeb pulisi!” tulise situs berita Telegraph setengah guyon.

Geneya ora oleh mati ana ing kutha kono? Miturut BBC News, jisim sing di­kubur ing kono, senajan wis puluhan taun ora bakal bisa bosok lan tetep wutuh. Me­nawa babagan iki merga pengaruh lemah sing tansah katutup salju. Mula saka kuwi BBC News nyaranake, yen lara enggal digawa menyang kutha liya ing Norwegia. Yen mati ing sajabane Longyearbyen bisa dikubur sacara layak. Ngono kandhane BBC News.

2. Aja lemu
Duwe anak lemu pancen nyenengake, nanging uga nyengsarakake. Apa maneh yen kebacut lemu lan gedhe kaya obe­sitas. Biyen Jepang dikenal kadidene sa­lah siji negara sing pendhudhuke paling akeh nandang obesitas. Nanging saiki wis kasil diatasi, sauntara 35% pendhudhuk Amerika Serikat uga nandhang obesitas. Jepang kasil nyuda obesitas kanthi kawi­caksanan lan aturan sing rapet. Wiwit taun 2009 warga Jepang sing umure wis ngancik 40 taun, utamane sing lanang, diwajibake ukuran bangkekane maksimal watara 80 sentimeter mubeng. Wondene sing wadon 90 sentimeter. Yen ukuran bangkekane luwih saka katemtuwan ka­sebut, bakal kena sanksi. Kanthi anane aturan kasebut nyatane Jepang kasil nyuda angka obesitas tumrap pen­dhudhuke.

3. Aja nyetir lan ngidu sembarangan
Saka sakehing negara, Thailand klebu negara sing paling akeh duwe larangan aneh. Yen panjenengan tindak menyang ngendi wae ing Thailand, wajib nganggo pakean njero. Cekake najan nganggo kaos aja lali nganggo kutang. Kapindho, nalika cekel setir kudu nganggo klambi. Embuh clanane modhel piye, sing baku nalika nyetir mobil utawa sepedha motor kudu nganggo klambi. Larangan sing siji iki menawa kadidene pepenget murih ora masuk angin nalika nyetir kendharaan. Katelu, aja gampang ngidu ing ndalan. Sapa sing konangan ngidu sakepenake, luwih-luwih nalika nunggang kendharaan, kudu siap-siap nampa risikone. Yaiku didhendha $ 2.000 Bath utawa Rp. 620 ewu. Menawa iki uga pepenget murih kita tetep tumindak sopan senajan mung mbu­wang idu. Jalaran nalika nunggang kendharaan njur idu sakepenake, bisa-bisa nyiprati wong liya.

Sing pungkasan, aja sok gampang ngrasani ala marang Raja Thailand. Tumrap warga Thailand, raja kuwi wong suci lan kudu dikurmati. Sapa wae sing ngrasani, luwih-luwih terang-terangan nge­lek-elek rajane, bakal nampa pau­kuman 15 taun penjara suwene.


http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/7/7b/Longyearbyen_colourful_homes.jpg

Kutha cilik Longyearbyen wargane sithik

4. Ora oleh nyiram kloset ing tengah wengi
Kebelet pipis utawa kepengin be­buwang satemene bab sing wajar-wajar wae. Ora arang rasa kepengin pipis lan bebuwang kuwi tekane kanthi ndadak, bisa kapan wae lan ing ngendi wae. Na­nging yen panjenengan manggon ing Swiss lan kepengin pipis utawa bebuwang kudu ndeleng jam. Jalaran ing negara kuwi ana aturan, warga sing manggon ing apartemen ora oleh ngrujug toilete sawise jam 22.00. Saumpama jam 00.00 kapeksa pipis utawa bebuwang, mula toilete ora perlu digrujug banyu lan di­jarake wae nganti esuk.

Miturut pamerintah Swiss, swarane banyu buwangan sing mili saka toilet bakal nganggu warga liyane sing lagi turu nglepus. Yen larangan iki tetep ditin­dakake dianggep antisosial.

5. Ora kena nganggo sragam loreng
Tumrap priya, nganggo jaket utawa clana loreng dirasa bisa sajak gagah, senajan dudu tentara. Ning yen pan­jenengan tindak menyang Karibia, uta­mane ing kutha Trinidad lan Tobago, aja pisan-pisan nganggo klambi utawa clana loreng. Jalaran nganggo sragam loreng, tumrap warga sipil dianggep illegal lan bakal dicekel dening pulisi. Geneya?

Sajake pamarentah Karibia ngupaya nyegah anane tindak apus-apus marang pejabat pemerintah utawa militer. Sa­durunge, “militer” apus-apus kuwi wis na­te gawe rugining liyan.

Oemaryanto
(saka sawetara sumber)

Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae


Beli yuk ?

 
Top