GuidePedia

0


Fenomena aneh dumadi ing omahe Setiawan alias Wawan (42), warga Dusun Kembaran RT 01/RW 04, Desa Banyuurip, Kecamatan Banyu­urip, Kabupaten Purworejo, Jawa Te­ngah. Tanpa kenyana-nyana bangunan omahe malih kaya wesi, saengga bisa di­tempeli. Wiwit saka jrambahan omah kang durung dikeramik, tembok, prabo­tan omah kang digawe saliyane saka kayu lan plastik, lan sapiturute. Cowek kang sa­ben dina dienggo gawe masak uga malih kaya wesi. Nganti watu-watu kang sumebar ana ing sakiwa tengene omahe uga bisa kaya wesi. Umume magnet iku rak ya mung nempel ana ing logam kang digawe saka wesi. Anehe ing omahe Wa­wan apa dene sakiwa tengene omah barang-barang kang kudune magnet ora bisa nempel, ujug-ujug wae bisa ditem­peli magnet.

Watu ing pekarangan uga ditempeli magnet

Kontan wae kedadeyan kang nganeh-anehi kuwi mau gawe cingake wong akeh. Kabar mau cepet banget sumebar tekan ngendi-endi, mula jeneng lumrah yen saiki omahe Wawan dadi jujugane wong akeh. Saperlu kepengin mbuktek­ake dhewe anane kedadeyan aneh kuwi mau. Malah ana kang alok, yen omahe Wa­wan malih dadi badhar besi, lumrah ing wektu kedadeyanne ngepasi jaman de­mam watu akik. "Aku dhewe uga gu­mun kena apa bisa kaya ngono, kaya-ka­ya ora tinemu nalar. Kang mangka ma­une ora kaya ngene iki, iki dumadi du­rung patiya suwe, udakara isih rong ming­guan seprene," mangkono pratela­ne Wawan. "Kebeneran aku uga duwe sawetara koleksi watu akik, anehe kabeh malih dadi badhar besi, wong bisa nem­pel ing magnet. Kang mangka maune du­­du kalebu badhar besi. Aku nduweni panemu yen barang-barang mau bisa nem­pel ing magnet menawa ana ing omah lan pekaranganku. Sebab barang-barang mau bali ora bisa ditempeli magnet sawise metu saka pekarangan omah," imbuhe.

Tembok omahe Wawan uga bisa ditempeli magnet

Wong-wong kang teka ing omahe Wa­wan rata-rata maune ora percaya, merga kedereng saka rasa penasaran, banjur mbuk­tekake dhewe. Ana kang nggawa magnet dhewe lan ana uga kang mung trima nyilih karo sing kagungan omah. Wong-wong kuwi banjur nyoba nempela­ke magnet ing perangan tem­bok, pra­botan omah, watu ing pekara­ngan, lan njrambahan omah. Pranyata te­menan bisa temempel. Kang seprene isih dadi tandha pitakonan yaiku kena apa bab mau bisa dumadi. Bab iku nganti seprene isih dadi misteri, durung ana pa­naliten kang bisa njawab secara ilmi­ah. Wong mung ngira-ira, ana kang kan­dha yen ing omahe Wawan ana medhan magnete. Ana uga sing nduwe pinemu, yen omahe Wawan bahan bangunane ngandhut bijih wesi. Utamane ing pera­ngan pasire, nge­lingi ora adoh saka omahe ing pesisir kidul akeh tinemu pasir wesi. Ora sethithik uga kang nggathuk-nggathukake karo ndonya­ning alam ghaib.

Wawan, ngaku ora ngerti

Luwih adoh Wawan kandha, anggone mangerteni omah lan pekarangane ma­lih dadi kaya wesi kasebut dingerteni kan­thi cara ora sengaja. Wektu kuwi kepo­nak­ane kang aran Wisnu (27), lagi nyoba ngetes watu akike nganggo magnet. Se­bab Wisnu wis sawetara sasi iki nduweni profesi anyar arupa dagang watu akik mli­gi watu badhar besi. "Ora sengaja mag­­net kang dienggo ngetes watu-watu asil saka anggone golek ana ing kali mau tiba lan ora sengaja nempel ana ing tem­bok omah. Ngerti nempel ana tembok, Wis­nu kaget lan penasaran. Merga kede­reng saka rasa penasaran, dheweke ban­jur nyoba nempelake magnete kuwi mau ing tembok liyane, ing prabotan omah, njrambahan omah, nganti tekan watu-watu ing sakiwa tengene omah," ujare. "Pranyata magnet mau bisa nempel ana ing ngendi-endi. Aku dhewe rada kaget nalika dikandhani dening ponakanku ku­wi mau, aku sepisanan uga semu ora percaya. Na­nging sawise mbuktekake dhewe aku lagi per­caya. Gu­munku ke­da­deyan iki kok ora dumadi wi­wit bi­yen, kang mangka aku manggon ing omah iki wis te­taunan," im­buhe.

Omahe Wawan

Diakoni de­ning Wawan, dheweke wi­wit mbiyen pan­cen seneng ngolek­si barang-barang ku­na, kaya ta keris, akik, lan maneka ru­pa ba­rang pusa­ka. Ora mung man­dheg tekan semono wae, nganti omahe wae uga klebu ba­ngunan kuna. Digawe omah mo­dhel li­masan lan saperangan gedhe digawe saka kayu. Ragangan kayune asale uga saka kayu bekas, asli kayu ga­weyan ja­man mbiyen.

Wawan dhewe uga kandha yen terus direridhu dening rasa penasaran. Dhe­weke uga banjur nyoba dolan menyang omahe tangga teparone kang dununge ora adoh saka omahe. Wawan terus nyo­ba nempelake magnet ing perangan tem­bok, njrambahan, nganti tekan pra­botan omahe tanggane. Miturut Wawan kang bisa ditempeli magnet yaiku mung perangan tembok. Senadyan bisa nem­pel ananging ora kuwat kaya nalika nem­pel ing omahe. Embuh fenomena apa kang wis dumadi, kang cetha iku mau mujudake kedadeyan aneh kang arang ditemoni ana ing liya papan. (Eko Mulyanto)



Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top