GuidePedia

0

Weh, Tibakne Manukke Tanggane

Nuju sawijining dina, TR lagi arep ngguyang motore nang ngarep omah. Dumadakan ana manuk kenari njege­greg cedhak ban motor mburi. "We lha dalah rejeki nomplok tenan iki. Esuk… esuk wis entuk manuk, ketekan manuk kenari" batine TR seneng banget. Mulane dheweke gage nangkep manuk kenari kuwi mau alon alon banjur diamanake. Bareng wis kecekel, dheweke bingung arep diselehake ngendi amarga ora duwe kandhang manuk. Mulane TR terus takon tangga teparo kiwa tengen mbokmenawa duwe kandhang manuk sing lagi ora dinggo alias nganggur. Tiwas wis mubeng seser eeh tibakne ora ana asile. Akire TR bali mulih eh lha kok tekan prapatan ketemu karo tanggane let telung omah, jenenge Kardi.

"Saka ngendia ta kowe kok sajak sibuk banget wira wiri" pitakone Kardi.

"Bar seka mubeng seser golek kandhang, Di golek kandhang manuk, nanging ora nemu, ora ana sing nganggur."

"Wooo…lha nggonku nganggur siji kae, nggonen wae, sik ya tak jupukne. Apes tenan aku wingi tuku kenari siji wae ehh lha kok malah ucul mabur mbuh neng ngendi, nganti sak yahmene durung ketemu, apess apess…" ceritane Kardi sajak sedhih lan kuciwa. Blaik…TR langsung nyekel bathuke sing lagi ora panas.

"Ealah Di, Kardi aku rasida nampa rejeki nomplok iki. Lha jebul manuk kenari iku duwekmu ta? Mau isuk pas arep ngguyang motor aku nemu kenari menclok nang cedhak ban motorku. Wis ayo kowe menyang omahku wae, kenarimu wis ketemu, rasida kelangan kowe Di". Ealah, apa tumon…rasida nemu manuk jebule manuke tanggane.

(Yurisa Makruf Ak Arif-Ngadirejo, Kartasura)


Salah Gantung

Sing dak ceritakake iki pengalamane Pak Darmo dhek sasi Agustus 2014 kepungkur. Pak Darmo iku warga adiyuswa (lansia) ing Gereja Kristen Jawa Blotongan, Salatiga. Umure 71 taun, isih aktif leladi ing Greja lan antar jemput putu-putune sing sekolah ing SD/SMP. Kanggo nunjang aktivitase, Pak Darmo mrana mrene numpak sepedha motor.

Dina Setu Kliwon, 9 Agustus 2014 dina siale/apese Pak Darmo. Ing dina iku watara jam 8 esuk Pak Darmo numpak sepedhah motor metu saka ha­laman greja tanpa mandheg utawa mengo ne­ngen, mblandhang bae menggok ngiwa ora nganti etungan menit, brak… k… sepedha motore Pak Darmo ditabrak sepedha motor saka mburi sing ditumpaki pemudha sing lakune banter tur ora nganggo direm.

Sarehne Pak Darmo rumangsa luput merga kurang ati-ati lan ya sepedha motor loro ara nganti ambruk, Pak Darmo lan pemudha sing nabrak saling memaafkan lan padha neruske laku dhewe-dhe­we.

Pak Darmo ngalami tatu cilik (luka ringan) ing kempol tengen, ora dirasa lan diobati dhewe. Nanging bareng telung dinane, lukane dadi abuh lan geseng, mula terus dipriksakna neng dhokter umum sing trus dirujuk nang dhokter bedhah ing RS Puri Asih Salatiga. Miturut dhokter bedhah, sukune ora infeksi, ning ana pembuluh dharah balik sing pecah. Sawise dipriksa diwenehi resep, dinasehati saperlune, Pak Darmo diweling 5 dina maneh supaya bali kontrol!"

Pak Darmo kontrol dikancani Bu Darmo, nalika oleh giliran Pak Darmo mlebu ditutake Bu Darmo. Durung nganti lungguh kursi, Pak Dokter takon, "Pak, sukune sampun digantung?" Pak Darmo sing ngadeg nganggo krek loro (kiwa tengen) matur nyang dhokter "Sampun Pak dhokter, lha niki kula gantung, yen mboten kula gantung ngaten, raosipun sakit sanget, senut-senut". Pak dhokter mesem, trus ngaturi Pak Darmo lan Bu Darmo lungguh ing kursi pasien, Pak dhokter trus ngendika, "Pak, biyasanipun menawa suku abuh ngaten, suku dipun gantung seminggu sam­pung kempes. Lha niki suku Bapak dereng kempes abuhipun, sebab salah gantung Pak". Pak dhokter njur maringi conto, nggantung sikil abuh iku, yen turu sikile di wenehi bantal 2 utawa 3 ben luwih dhuwur posisine tinimbang jantunge. Pak dhokter ya mrakteke yen lagi nonton tv sikile karo pisan diunggahake nang meja apa dipan. Pak Darmo lan Bu Darmo manthuk-manthuk lan dhong bab klirune nggantung sikil lara. Digantung iku ora dingisorake nanging malah diunggahake. Apa tumon sikil digantung kok malah diunggahake? Pak dhokter ya ngendika, awit Pak Darmo iku wis lansia, sikile lara ora cepet mari, alias rada suwe. Nanging puji Gusti, saiki Pak Darmo wis mari, sawise sesasi istirahat nang ngomah. Pak Darmo wis aktif maneh lan janji jroning ati bakal urip luwih ngati-ati.

(Sukarno DM-Salatiga)


DIPISUHI WONG GENDHENG

Prastawa iki dumadi wis suwi, nanging yen dicritani Bu Likku meksa isih kudu ngguyu kepingke-pingkel. Critane mangkene : Wektu kuwi wancine Bu Likku kondur saka kantore. Sarehne ngasta titihan sepedha motor mulane Bu Likku menyang papan parkiran.

Ora watara suwe, ana pa­wongan putri menganggo klam­bi sarwa apik. Sarehne du­rung tau ngerti sapa pawo­ngan kuwi, Bu Likku namatne nganti premati. Saka ageman kang digunakake ketara resik tur isih apik.

"Sapa pawongan kuwi." Batine Bu Likku.

Bu Likku kang isih penasa­ran, pancet namatne pawong­an putri kang STW (setengah­e rada sepuh) kuwi mau. Sajake sing digatekne ngerti. Ora ngira lan ora nyana babar pisan keprungu tembunge saka pawongan putri mau.

"Dancoook!!! Nyapa nya­wang-nyawang?" panyerune pawongan mau karo menthe­leng-mentheleng.

Sakala Bu Likku ngunclug nitih sepedha motore karo ndhingkluk. Ora wani nyawang pawongan mau.

"Oalah tibakna kuwi mau wong gendheng ta? Layak cetha yen pupurane merok-merok" Critane Bu Likku sinambi ngguyu kepingkel-pingkel, semono uga aku kang lagi dicritani.

(Septika Ratna S. — Tulungagung)


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top