Wit Pacar sing nganeh-anehi
Ngandhakake kuburan tuwa, situs utawa petilasan jaman Mataram ing Kotagede, prasasat ora ana enteke. Petilasan, situs lan kuburan-kuburan tuwa mau sumebar ing maneka papan sakiwa tengen Kotagede, lan akeh-akehe wis dikenal dening masyarakat. Contone Kompleks Pasareyan Panembahan Senopati, Mesjid Mataram, Sela Gilang, Watu Gatheng, Ringin Sepuh, Jebolan Raden Rangga, Beteng Cepuri, Bokong Semar, utawa Pasareyan Nyai Gadhung Mlati.
Lha, sing bakal dicritakake ing ngisor iki klebu salah sijining pasareyan tuwa ing Kotagede sing dilalekake. Senajan ora sekawentar kaya situs ing ndhuwur, ananging pasareyan tuwa iki ngemu sejarah sing ora kalah pentinge, yaiku ngenani Kyai Gedhong, salah sijining prajurit Pajang sing nggembol misteri.
Ora akeh sing mangerteni, sapa sejatine Kyai Gedhong iki. Crita lisan utawa tulisan ngenani Kyai Gedhong uga ana maneka versi. Sawijining sumber nyebutake, Kyai Gedhong yaiku sawijing hulubalang utawa punggawa Keraton Pajang. Dicritakake, sawijining dina, Kyai Gedhong dikirim dening Sultan Pajang, Hadiwijaya, supaya mbiyantu Sutawijaya sing lagi mbangun Keraton Mataram ing alas Mentaok.
Makam Gedhongan papan sumarene Kyai Gedhong
Ananging nalika tekan alas Mentaok, dheweke dicubriyani minangka telik sandine Pajang. Para prajurite Sutawijaya banjur nyoba nyekel lan mulasara Kyai Gedhong. Gandheng Kyai Gedhong sekti lan prajurit pinilih, dheweke ora dadi korbane cubriyane prajurite Sutawijaya.
Wusanane, dimangerteni apa alasan sabenere Kyai Gedhong teka ing alas Mentaok. Sabanjure, dheweke dadi prajurite Sutawijaya sing pinercaya, lan andhile gedhe nalika mbangun Keraton Mataram.
Pasareyan Kyai Tebu Mangli lan Kyai Tebu Ireng
Nalika yuswane Kyai Gedhong wis sepuh, karana nduweni jimat Pancasona, dheweke ora bisa mati-mati. Gandheng Kyai Gedhong wis ngersakake mati, Kyai Gedhong banjur nyritakake daya apese jimate kuwi marang Panembahan Senopati. Kanthi diturokake ing lincak pring, lan busanane diuculi, ora gantalan wektu Kyai Gedhong wusanane seda.
Kyai Gedhong anggone nyarekake mapan udakara 800 meter lor wetan Pasar Kotagede, ing njaban jagang utawa beteng Mataram. Mung udakara 100 meteran lor jagang. Ing Pasareyan kasebut, sabanjure uga dikubur lincak lan busanane Kyai Gedong. Kuburan lincak pring Kyai Gedhong sinebut Pasareyan Kyai Seda Lincak. Dene kuburan busana Kyai Gedhong sinebut Pasareyan Kyai Seda Sandhang. Dawane kijing Kyai Gedong udakara 185 cm, jembare 65 cm, lan dhuwure 70 cm. Dene kijing Kyai Seda Lincak lan Kyai Seda Sandhang ukurane luwih cilik. Pasareyan Kyai Gedong, Kyai Seda Lincak lan Kyai Seda Sandhang dipageri tembok kanggo misahake karo pasareyan liyane.
Pasareyan Kyai Surontani
Kejaba Pasareyan Kyai Gedhong, ing kono uga disarekake prajurit lan kulawarga saka Mataram liyane. Kayata Pasareyan Tumenggung Surontani (ana uga sing nyebutake Kyai Juru Mertani). Kanggo sing padha seneng golek keris sekti, Tumenggung Surotani iki klebu dadi panutan. Mula, ana warga sing direwangi tirakat ing pasareyan iki saperlu golek keris kang ana tuahe. Lan, sing ora kalah misterius, ing njero Pasareyan Gedongan iki ana wite pacar. Miturut warga ing kono, wit pacar kuwi kawit biyen gedhene mung semono wae, ora tambah gedhe lan ora tambah dhuwur, ananging uga ora mati.
Ing pasareyan iki pranyata uga tinemu kijing putrane kembar Panembahan Senopati. Putra kembar kasebut seda nalika isih cilik. Kijing cilik loro kembar kuwi sinebut Kyai Kembar utawa Den Bagus Kembar. Ing sandhinge uga disarekake emban utawa abdi dalem sing momong. Ana maneh pasareyan tuwa ing kene, yaiku pasareyan Kyai Tebu Mangli lan Kyai Tebu Ireng, sakloron klebu andhahane Kyai Gedhong sing pinercaya.
Papan panggonan Kyai Gedhong disarekake saiki sinebut Kampung Gedhongan. Jeneng Gedhongan njupuk saka tembung Kyai Gedhong. Juru kunci Pasareyan Kyai Gedhong, R. Widodo utawa Jajar Mas Nitipratolo ngandhakake, Pasareyan Kyai Gedong iki dumunung ing Kelurahan Purbayan, Kecamatan Kotagede, Ngayogyakarta. Dene lemah Pasareyan iki diduweki dening warga Kotagede, asmane H. Abdul Bakri Sastroatmaja lan Noto Siti. Sakloron banjur ngidinake lemahe kasebut kanggo pasareyan umum. Dadi, saliyane Kyai Gedhong, para prajurit lan kulawarga Mataram, ing pasareyan iki uga disarekake masyarakat umum saka Kotagede lan sakiwa tengene.
Crita ing ndhuwur temtu durung komplit. Sebab, ana versi sing beda maneh ngenani Kyai Gedhong sing kebak misteri iki. Ing versi iki, Kyai Gedhong dikandhakake prajurit Pajang sing mlayu lan mbelot mihak Mataram. Dheweke diwenehi gelar Kyai Gedhong karana punggawa iki ditugasi njaga gedhong pusaka Keraton Pajang.
Nalika perdikan alas Mentaok wusanane dadi keraton Mataram, lan Sutawijaya dadi raja kanthi gelar Panembahan Senopati, Pajang muntap lan siap perang klawan Mataram. Pranyata, Kyai Gedhong luwih mbelani Mataram, yaiku kanthi cara nyelundupake maneka gaman marang prajurit Mataram.
Ing pihak Mataram, Kyai Gedhong jelas pahlawan, ananging saka pihak Pajang, Kyai Gedhong pengkhianat sing kudu dipidana pati. Wusanane, Kyai Gedhong kasil dirangket para prajurit Pajang, lan dipidana pati. Nalika dipidana pati, karana sektine Kyai Gedhong, nganggo cara apa wae tetep ora mati-mati. Saben awake didelehake lemah, banjur urip maneh. Mangkono sateruse nganti para prajurit Pajang bingung.
Wusanane digolekake cara, piye supaya awake Kyai Gedhong mau ora ketemu lemah, yaiku kanthi cara awake dianjang-anjang ing lincak. Nalika wis tenan-tenan mati, awak, lincak lan busanane Kyai Gedhong dikubur ing telung kuburan sing beda. Kyai Gedhong sing kebak misteri iki, emane dilalekake lan kurang kopen. ***
(Agung Hartadi)
Post a Comment Blogger Facebook