GuidePedia

0

Gerbang mlebu museum

Kanggo para maos sing seneng seja­rah, mligine sing ana gegandhengane karo tokoh swargi tilas presiden Soe­harto, mbok menawa durung ngerti pang­gonan sing siji iki. Utawa durung akeh sing ngerti jaman cilike Pak Harto biyen omahe ngendi. Sawijining papan ing pelosok, penere ing desa Wuryantoro Lor, Wonogiri, Jawa Tengah, utawa ing Jalan Raya Wonogiri – Pracimantoro km 13, yaiku panggonan jaman cilike pak Harto anggone ngisi dina-dinane rikala semono.

Ing papan kuwi, Pak Harto biyen ngen­tekake wektu jaman isih bocah tekan remaja. Nah kanggo ngelingi se­jarah lakune pak Harto biyen, ing tilas papan omahe kuwi, saiki didegake museum wayang. Jeneng resmine yaiku Museum Wayang Indonesia. Museum iki dikelola dening Dinas Pendidikan Kabupaten Wonogiri lan buka saben dina kanggo umum. Buka dina Senin tekan Sabtu jam 07.00 – 14.00. Tiket mlebune uga gratis, alias ora usah mbayar.
Ruang utama museum

"Diarani minangka Museum Wayang Indonesia jalaran duweni koleksi wa­yang sing jinise akeh saka wilayah sa Indonesia," ujare Katimin (50), sawiji­ning penjaga museum marang PS.

Miturut penjelasane, koleksi wayang sing dipasang ora mung saka wilayah Jawa Tengah, nanging uga saka pang­gonan liyane ing Indonesia. Contone ana wayang saka Jawa Barat lan Bali. Ca­cahe koleksi wayang ana luwih saka 300 iji. Lan cacahe mesthi nambah saben wek­tu, jalaran akeh sing nyumbang wa­yang kanggo koleksi museum kuwi.
Waris Bei tani priya

Koleksi wayang sing ana kaya ta Wa­yang Kulit Purwa, Wayang Go­lek, Wa­yang Bali, Wayang Klitik, Wayang Suket (rumput), Wayang Beber saka Bali, To­peng, lan uga bakalan wayang utawa wa­yang mentahan sing durung dadi sam­­purna. Ana wetara koleksi wayang utawa lukisan sing tau entuk penghar­gaan MURI (Museum Rekor Indonesia) jalaran kaunikane.

"Pancen ing museum iki uga ana lu­kisan Semar paling cilik. Ukurane 3 X 3 cm sing entuk penghargaan saka MURI ing wulan Agustus 1998 biyen," ujare bapak sing duweni putra telu iki.
Ahli waris Bei tani wanita

Koleksi kuwi biyene hibah saka Bapak Begug Poernomosidi (biyen Bupati Wonogiri). Wayang Semar kuwi gawe­yan taun 1716 saka Baturetno, Wonogiri. Koleksi tuwa liyane yaiku wayang kulit Raden Udowo sing digawe ing tahun 1714. Miturut sejarahe, wayang kuwi bi­yen duweke leluhur Kyai Dalang Panjang Mas I, sawijining tokoh seniman wayang sing kondang ing jamane.

Wayang iki biyen kerep dianggo sa­rana ngruwat leluhur Ki Warsino Guno Sukasno, yaiku sawijining tokoh misuwur ing jaman kraton Kartasuro. Kajaba ku­wi, uga ana koleksi wayang Limbuk lan Cangik sing ajeg dianggo Bapak Begug (tilas bupati Wonogiri) nalika melu nda­lang. Kegiatan kuwi pancen minangka sarana alat komunikasi tumrap warga. Koleksi liyane yaiku wayang kuna gawe­yan kraton Kasunanan Surakarta gawean 2 abad kepungkur.

Joko sudarmo, pak kepala desa wuryantoro

Museum sing biyen diresmikake de­ning tilas Presiden, Megawati Soekarno­putri ing tanggal 1 September 2004 iki, bisa diarani sepi peminate. Kamangka, kunjungan menyang museum iki, sali­yane bisa nambah wawasan bab pewa­yangan, uga bisa kanggo napak tilas je­jake Presiden Soeharto biyen. Amarga, suwargi Pak Harto tau ing kene nalika isih bocah nganti dadi tentara.

"Miturut crita sesepuh desa, pak Harto biyen uripe ing kene, melu pak­dhene Pak Bei Tani M Ng. Prawirowi­hardjo," tuture sisihan saka bu Riyanti iki.

Miturut critane, panggonan kuwi bi­yene dadi omah utawa padhepokan saka suwargi Pak Bei Tani (Mantri Dinas Per­ta­nian). Nah ing papan kuwi Pak Harto cilik diopeni dening pakdhene kuwi. Tilas tinggalane Presiden Soeharto kuwi isih kesimpen ing manahe para warga ing Wuryantoro, Wonogiri, Jawa Tengah.

Kabeh tinggalane Pak Harto tekan saiki isih kesimpen rapi ing Museum Wa­yang Indonesia kuwi. Salah sijine yaiku bangku sing tau dianggo presiden kapin­dho Indonesia kuwi, nalika nimba elmu ing Sekolah Rakyat (SR, satingkat SD) ing Desa Wuryantoro. Wektu mlebu sekolah, bakal panguwasa Orde Baru kuwi kondang rajin lan tekun anggone sinau. Ing wektu kuwi, Soeharto cilik dititipake marang mantri pertanian sing jenenge Beitani Prawirowiharjo. Gedung sekolah papane biyen anggone sekolah, saiki wis ganti kanthi jeneng Sekolah Dasar Negeri I Wuryantoro.



Katimin, penjaga museum

Kajaba bangku sekolah, tinggalan suwargi Pak Harto uga bisa disawang saka sumur kang ana samburine bangu­nan museum wayang. Sumur kanthi jero 11 meter iki isih ana banyune sing be­ning banget. Biyene sumur kuwi nganggo pring lan gantungan watu sing dianggo dadi piranti nimba banyune. Saiki wis diganti kanthi timba kerek lan mesin pompa banyu listrik. Ing sisihe sumur uga dikompliti bak adus sing prasojo kanthi cidhuk saka bathok klapa. Kabeh isih dirumat kanthi tumata lan resik.

Sawetara kuwi, ing njero ruwangan sisihe ruwangan utama museum uga ana foto-foto suwargi Bei Tani lan pirang-pirang foto suwargi Pak Harto lan kula­wargane. Saiki, sawise sedane pak Harto, padhepokan utawa museum kuwi kaya kelangan pamor jalaran arang-arang ditekani tamu utawa pengunjung. Nanging sanajan ngono, isih ana wae wong-wong sing rila teka saka adoh mung pengen nonton utawa niliki tilasane suwargi Pak Harto iki.

"Ana wetara tamu sing malah teka kanthi niat pengen semedi utawa tira­katan neng museum iki," ujare.

Koleksi paling cilik, mlebu MURI

Tamu kuwi duwe niat ora mung non­ton-nonton isene museum, nanging se­ngaja semedi utawa lelaku gaib ing pa­pan museum. Racake padha tirakat kan­thi niyat pengen ngalap berkah. Biyasane padha njaluk berkah rejeki, pangkat, jo­dho, karir, elmu, utawa liya-liyane.

Papan sing adate dinggo tirakat yaiku lokasi sakubenge sumur, bak adus, lan ruwangan tengah museum. Nanging uga ana sing tirakat ing emperan ngarep museum. Njur kepiye prosese anggone tirakat? Sadurunge padha njaluk ijin dhisik marang penjaga museum. Njur ditemtukake wektune. Nah menawa wis sepakat lagi bisa nindakake lelaku tira­kat mau.

"Wektu tirakat biyasane padha njupuk ing wayah wengi," sambunge meneh.

Soeharto, wektu nostalgia

Saliyane tirakat ing wayah wengi, uga akeh tamu sing percaya menawa banyu sumur nduweni pirang-pirang khasiat sing manjur kanggo obat lan keperluwan ritual gaib liyane. Saengga akeh sing nggawa mulih banyu saka sumur kuwi. Adate padha diwadhahi botol banyu mineral. Malah uga ana tamu sing lang­sung raup utawa ngombe banyu sumur kuwi. Wis kecathet akeh pejabat kayata kelase gubernur sing tau nindhakake ritual ing sumur iki.

Ora mung barang wayang utawa pu­saka kuna wae sing njalari museum iki digubel misteri. Nanging uga kerep keda­deyan aneh utawa gaib sing keprungu ing museum iki. Ing wektu-wektu wayah wengi, kerep keprungu suwara-suwara aneh sing njedhul saka ruwangan museum. Kerep njedhul sosok pawongan sing ora pati dikenal utawa njedhul pating glibet. Pawongan kuwi biasane dadakan njedul lan dadakan meneh ilang tanpa tilas babar blas.

"Aku dhewe uga kaget, sawijining we­ngi tau diganggu suwara lan pawo­ngan kuwi. Pungkasane aku kaget lan mlayu nabrak ka­ca museum ngan­ti pecah," kandha­ne sinambi nu­duhi tembok kaca museum sing isih ana tilas pecahan kacane.

Sumur lan kolah tilas Soeharto

Bab kedade­yan gaib kuwi, uga diakoni dening ke­pala desa, Joko Sudarmo (45). Miturut dhe­weke, saka crita-critane warga, pancen ke­rep ana keda­ de­yan aneh sing nggubel museum kuwi. Nanging, kabeh kedadeyan aneh lan gaib kuwi ora tau ngganggu uripe warga sakubenge museum. Malah bab kuwi bisa dadi daya tarik museum sing saiki wis wiwit ke­langan pamore.

"Kajaba kuwi, kareben bisa narik wisatawan teka menyang museum lan desa, kudune pengelola museum lan pemerintah bisa nggandheng agen wisa­ta, lan diakehi anggone promosi," im­buhe wektu ditemoni ing seje papan.

Lan pancen saiki wiwit dicoba dianak­ake lomba-lomba. Mligine ing dina pe­ringatan Kemerdekaan RI, dina Museum Nasional, lan dina-dina istimewa liyane. Lomba sing digelar werna-werna, kayata lomba nulis wayang, pentas wayang, work­shop nggawe wayang, seminar, lan liya-liyane.


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top