GuidePedia

0

Radhang gusi utawa gingivitis kang ora ditambani bisa nyebabake sakehing masalah gusi liya kang luwih tenanan (periodontitis), malah bisa nyebabake untu copot.

Gusi, gedhe lelabuhane anggone nyengkuyung marang kasarasane untu lan tutuk jalaran gusi mujudake dalan mlebu metune bakteri menyang njero wang ing sakiwa tengene oyote untu. Gusi gunane ngayomi balung lan oyote untu, njaga dununge untu, mbiyantu mesem, lan uga bisa me­ngaruhi marang kasarasane badan sacara sistimatis kayadene jantung, paru, lan pankreas.

Nanging, adhedhasar katrangan saka Organisasi Kesehatan Donya (WHO), salah siji saka wong loro diwasa ing saperangan gedhe jagad raya iki nandhang radhang gusi. Gingivitis (radhang gusi) mujudake sa­lah siji gangguwan kasarasane tutuk sing paling umum ing donya. Sing dadi sebab gingivitis umume yaiku pakulinan kang kurang becik anggo­ne njaga kasarasane tutuk. Ing anta­rane arang-arang sikatan, ora nate rere­sik sela-selaning untu nganggo benang (flossing), lan ora ajeg mriksakake untune menyang dokter gigi.

Karang utawa plak mujudake oyot saka radhang gusi. Plak kabentuk saka nglumpuke mikroorganisme kang ana ing untu. Mikroorganisme iku bakal mbentuk lapisan eksopolisakarida (ESP) kang bisa ngayomi lan ngiket bakteri. Racun kang diproduksi bakteri nuwuhake kekebalan (imun). Akibate bakal ningkatake iline ge­tih menyang gusi kang nuwuhake tandha-tandha radhang gusi.

"Perkara iki umume dumadi amarga panumpuke plak ing gusi kang ora diresiki saengga gusi dadi ngradhang, banjur dumadi anane peradhangan kaya­dene gusi abuh, mbranang, lan pendha­­­-ra­h­an," njlentrehe drg Sandra Olivia MARS Sp Perio kang dipethuki ing acara konfe­rensi pers Parodontax "Sobat Gusi Sehat", Senin (16/3) kepungkur.

Kang dadi sebab dumadine radhang gusi, adate krana pakulinane pawongan kang ora njaga kasarasane tutuke. Kejaba iku, masalah iki uga kerep dumadi ma­rang pawongan kang dhemen udud. Kan­dhutan nikotine rokok ndadekake ciyute pembuluh dharah saengga ilining getih kang nggawa nutrisi kanggo rajut (jari­ngan) lan kom­ponen pertahanan ing gusi kaganggu.

Saliyane iku, kandhutan tar ing njero asepe rokok melu ngundhakake kalodha­ngan dumadine radhang gusi. Tar meneb ing lumahing makutha lan oyote untu sa­engga papan sing ndhuwur makuthane untu dadi kasar lan plak gampang kelet ing untu. Panumpuke plak iki nambah re­siko kabentuke karies (rusake untu) Tumrape sing lagi lara diabetes nduweni resiko kang padha marang radhang gusi. Kadhar gula dharah kang ora bisa diken­dhaleni nyebabake sing lara diabetes ndu­weni resiko luwih dhuwur nandhang masalah kasarasane tutuk akibat kompli­kasi arupa kandele pembuluh dharah.

Umume, gingivitis kang ora diopeni duwe resiko nyebar jaringan ing sangi­sore gusi lan balung (periodontitis) saeng­ga untu gampang copot. Sanajan durung dipahami sawutuhe, kahanan periodontitis kerep digayutake karo serangan jan­tung, stroke, penyakit kang sesambungan karo paru, lan ndadekake kelairan pre­matur klawan kurange bobote badan bayi mungguhe ibu ngandhut.

Emane, isih akeh masyarakat Indonesia kang ora paham menawa gusi ge­tihen iku minangka salah siji tandha-tan­dha gangguwan gangguwan kesehatan gusi kang tamtune nyebabake kesehatan li­yane. Ora sadhare masyarakat nge­nani infor­masi iki nyebabake masyarakat umume nembe golek dalan metu­ne (so­lusi) gusi nggetih nalika ka­hanane gusi wis kadhung rusak. Kandhang jaringan lunak lan wang untu wis rusak saengga untu­ne pa­sien gam­pang copot.

"Solusi masalahe gusi iki klebu 'relatif' gampang, sauger ma­sya­rakat ngerti carane nyegah. Si­katan kanthi ajeg sedina kaping pindho klawan migunakake odhol khusus kanggo ngejur plak mujud­ake salah siji cara kanggo nyegah kang paling trep," tandhese.

Supaya gusi sehat

Gingivitis utawa radhang gusi bisa ndadekake penyakit gusi kang temenan. Yen ora digatekake, penyakit gusi akhire bakal nyebabake infeksi lan copote untu. Njaga karesikane untu mujudake cara kang paling apik kanggo nyegah penyakit gusi lan njaga kasarasane gusi. Priksa untu ajeg saben taun wigati banget, na­nging pangrumat ing saben dinane uga luwih wigati. Ing ngisor iki tips supaya gusi tetep sehat.

1.Ora udud lan mertahanake diet kang sehat. 2.Aja ngeret-eretake untu, utama­ne wayah turu. 3.Sikatan suwene rong me­nit sethithike sedina kaping pindho. 4.Gunakake benang untu kanggo ngresiki sela-selaning untu, lan 5.Tutuk dibilas/ kemu nganggo antiseptik tutuk suwene 30 dhetik kanggo ngilangake sisa pangan lan plak. (KS)

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top