GuidePedia

 https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEixobi0xwxkkODTXGlwheHEQKsi5JAjdmDdvN8qcTUclSTkwWvKugyqhC0eY48n-A29m_Ck3xcvTqJEPFE_BpAADCc8_ydcpOYOi1UpCN_nA4-ZLhR9X0yMOKOHo8y-crb1o_U2/s1600/tayub.jpg
Tembung tayub asale saka tembung -tak uyub- (tak ombe)

INTI sarine (dhasare) tayub utawa tayuban padha-padha nduweni taf­siran ngrembakake pengertiane. Uga ana sawetara beda panemu ngenani inti sarine tayub utawa tayuban. Nanging ing dhasare malah nguwatake ana­ne tarian tradhisional Jawa iku dhewe.

Tayub (-an, nayuban) ing kamus Bau Sastra Jawa Indonesia, karangane Pra­wiro Atmodjo, tegese seneng-seneng ka­ro njoged bareng tandhak. Bisa uga njo­ged bareng ledhek.

Tembung tayub miturut etimologi rak­yat Blitar dikira mabasakake asale saka tembung “tak uyub” (tak ombe). Dene miturut penalarane wong sing ngelak ba­kal krasa seger maneh sawise ngombe ba­nyu, tayub minangka refreshing utawa nyegerake maneh. Pikiran sing stres mi­kirake maneka macem masalah pengga­weyan lan maneka masalah panguripan liyane. Kanthi tayuban kanggo sawetara bisa nglalekake bab iku kabeh, amarga pikiran seneng. Kanthi mangkono sa­pung­kure bisa mecahake maneka masa­lah, amarga pikiran lan awak wis seger maneh.

Dene saka saperangan kalangan Islam Abangan, njupuk saka katrangan Kanjeng Syeh Sunan Kalijaga, negesake tayub rada sethithik disambung rapetake karo nilai-nilai Islami. Tembung tayub asale saka basa Arab thoyibah (becik uta­wa bagus). Sabenere wong nayub iku kang­go golek kabecikan kasampurnan urip ing donya kanggo sangu menyang akherat. Mala saka iku, tembung thoyibah disambung rapetake karo sampur (kain slendhang thaledek) kang tegese sam­purnakna uripmu (kasampurnan urip).

Tayub utawa thoyibah yaiku sawijining cara utawa dalan kanggo golek kasam­pur­nan urip. Sebab, mung kanthi nindak­ake bab-bab kang bagus/becik wong ba­kal nggayuh kasampurnan, minangka sa­ngu nggayuh kebahagiaan ing akhirat.

Banjur saperangan maneh ngandhak­ake, kanthi sumber kang padha, yaiku Kan­jeng Syeh Sunan Kalijaga, tembung tayuban asale sa­ka basa Arab ta­syaruban (ne­pung­ake). Wong urip kudu nindak­ake tasyaruf ma­rang Gusti Allah. Tepung Gusti Allah ateges iman lan yakin anane Gusti Allah. Mula saka iku, kanggo nyedhakake karo Gusti Allah, wong kudu ngupaya te­pung, ngyakini lan nresnani Gusti Allah. Yen bab mangkono wis di­duweni dening umat-E, umat-E kasebut bakal nggayuh kasampurnane urip. Ing tayuban dilambangake sampur. Mula saka iku, wajar yen ana sing ngira tembung tayub asale saka basa Arab ta’assub, kang te­gese ora nampa ajakan lan pengaruh apa wae kang ora cocog karo pendhirine. Sa­ben manungsa kudu nduweni iman kang kuat ora gampang kegodha utawa goyah karo kesenengan duniawi. Kanggo tumuju kasampurnan urip manungsa kudu bisa matesi pepenginan duniawi lan ora gam­pang kegodha karo maneka macem ke­senengan donya.

Maneka pengertian ing dhuwur pan­cen kosok balen karo makna tembung ta­yub. Ing kamus Baoesastra Djawa kara­ngane Poerwodarminto (1939:586), tem­bung tayub tegese “kesukaan jejogedan nganggo dijogedi ing tledhek” (hobby/kesenengan njoged karo penari ledhek/taledhek).

Nadyan maknane ing antarane tradhisi lisan lan kamus suwalike, yen kita kaji lu­wih jeru, lelorone nduweni maksud kang padha. Lelorone nduweni indikasi kang padha marang tayub, kang ngacu marang pengertian tari. Mangkono uga ing basa Jawa kuna, tayub nduweni teges padha karo nayub kang ateges njoged.

Mula saka iku, tumrap pandhemen kesenian tayub, pagelaran seni tayub ora mung dianggep kesenian biasa kaya ke­senian-kesenian liyane, kang ngremba­ka ing laladan Kabupaten Blitar. Kesenian tayub dipercaya minangka salah siji ke­senian kang nduweni nilai magis lan ndu­weni estetika kang dhuwur. Krana daya magis lan estetikane iku, kesenian tayub kaya wis dadi perangan saka pangurip­ane, utamane ing acara-acara ritual kang angel ditinggalake. 


Ngrembakane kesenian tayub iku ora mung kena pengaruh faktor hiburan, na­nging ana faktor kang luwih dominan kang melu nyengkuyung lestarine keseni­an iki, yaiku kepercayaan kuna kang isih dipercaya dening masyarakat, miturut sumber lisan sing isih percaya, yen saben desa nduweni dayang, yaiku sabangsa­ne roh alus kang njaga desa. Dijlentreh­ake yen roh alus kang nglindhungi desa kasebut asale saka arwah cikal bakal kang nglairake desa, yaiku tokoh pawongan kang nurunake warga desa. Dayang di­percaya isih ngawasi, mbimbing, momong lan nglindhungi warga desa saka maneka wujud ancaman lan maneka mara bahaya saka njaban desa. Mula saka iku, banjur padha mikir yen wis sapantese dayang desa pikantuk pangkurmatan kanthi me­nehi suguhan kang dadi kesenengane.

Minangka wujud atur panuwune ma­rang leluhure, ing acara sedhekah bumi iku maneka sesajian banjur digawe lan di­wenehake marang para dayang. Sa­banjure, masyarakat sing percaya dayang kang njaga desane seneng kesenian tayub, ing acara sedhekah bumi iku ban­jur nggelar acara seni tayub. Alasane, pa­dha kuwatir yen tanpa anane seni tayub ing acara ritual sedhekah bumi, dayang desa bakal nesu. Akibate dumadi bab kang ora dikarepake (musibah utawa gagal usaha/panen).

Generasi mudha duwe panemu yen kepercayaan kasebut ora masuk akal lan takhayul. Sabanjure nyoba ngilangi ke­senian tayuban, ing acara ritual sedhekah bumi. Acara tayuban banjur diganti acara-acara kang nduweni nuansa agama, yen sedhekah bumi kang dianggep musrik dening generasi mudha, tembung se­dhekah bumi banjur diganti dadi shoda­koh bumi. Kanthi maksud ora kanggo per­sembahan marang para dayang kang nja­ga desa. Nanging tujuwan shodakoh kang­go amal, kaya kang diajarake agama Islam.

Bab iki asring dumadi ing desa-desa kang generasi mudhane wiwit nyinaoni agama kanthi temen. Pola pikire owah, krana pengetahuan agama sing dikuasai. Mula saka iku, banjur nyoba ngilangake kesenian tayub ing acara ritual tayuban sedhekah bumi. Emane, embuh sacara kebeneran utawa ora, sapungkure acara iku dilaksanakake ana prastawa kang ora dikarepake ing desa kasebut. Nalika ora bisa apa-apa, pungkasane banjur nyetu­joni dhesekan golongan tuwa kang nuntut dianakake pagelaran tayub minangka tebusan krana kelancangane. Ironise sa­wise dianakake susulan acara tayuban maneh, sacara alon-alon bencana kang lumaku banjur mandheg. Prastawa kaya iku pancen ora bisa dibuktekake sacara ilmiah.

Prastawa liya kang meh padha kang ngge­ser kesenian tayub saka acara ritual sedhekah bumi yaiku kanthi nggelar acara kesenian liya, kayata pentas dhangdhut, campursari, utawa liyane kang dianggep modern. Bab iki uga ngalami nasib kang padha kaya kedadeyan ing desa liya kang padha-padha nduweni pakulinan ing se­dhekah bumi nggelar acara tayuban. Mula wajar yen wong banjur nganggep tayub­an yaiku kesenian kang sakral kang ndu­we­ni daya magis. Kesenian tayub diang­gep kesenian kang didhemeni para roh, kang mapan ing desa. Saliyane iku uga percaya yen ing acara ritual iku para roh melu nayub, nyusup ing ragane priya sing njanggrung (njoged) bareng ledek. Pras­tawa-prastawa kaya kasebut ing dhuwur dianggep yen para roh leluhur murka, ora gelem nglindhungi desa maneh (nekak­ake mara bahaya). Sabenere tuladha-tu­la­dha kasebut njelasake yen kesenian ta­yub minangka sawijining wujud kesenian kang banget berpengaruh marang pa­nguripan masyarakat. Embuh iku ana sam­bung rapete karo religi lan sosial bu­daya, ing dhaerah-dhaerah tartamtu ing laladan Kabupaten Blitar. Bab iku uga di­artekake yen kesenian tayub minangka pe­rangan saka panguripan sawijining dha­erah tartamtu kang angel ditinggalake utawa diganti karo kesenian liyane.

Kesenian tayub minangka wujud ke­se­nian rakyat kang banget digandrungi ing laladan Kabupaten Blitar, utamane ing kalangan masyarakat kelas menengah ma­ngisor. Nadyan saperangan masyara­kat kang ora seneng nganggep negatif, mbokmenawa ora uwal saka anggepan yen tayuban asring diidentikake karo por­nografi, inuman keras, lan maneka istilah negatif liyane. Nanging, anggepan iki di­bantah dening para pandhemen kesenian tayub. Sebab ing dhasare kesenian tayub nyerminake sifat-sifat kautaman, kepra­sajan, kekeluwargaan, humor, hiburan lan liya-liyane.

Pandhemen kesenian tayub kang rata-rata saka golongan menengah mangisor iku dumadi saka pensiunan, pegawai ne­geri, swasta, petani, sarta masyarakat awam kang nduweni jaringan kang apik banget. Ing antarane padha menehi in­formasi saben ana pagelaran tayub. Sa­liyane iku uga padha nyumbang yen salah siji ing antarane pandhemen kesenian ta­yub nekakake pagelaran tayub ing acara sunatan, utawa penganten. Ndeleng mang­sa pasar pandhemen kesenian ta­yub kang cukup lumayan akehe ing lala­dan Kabupaten Blitar, narik pengusaha nggawe radio komunitas, kang mligi nyiarake gendhing-gendhing tayub. Radio kanthi jeneng Tayub Jaka Mlarat kang mapan ing tapel wates Blitar-Tulung­agung, saliyane nyiarake gendhing-gen­dhing tayub Jaka Mlarat, studio radio iku uga minangka ajang menehi informasi pementasan tayub. (*) 

Beli yuk ?

 
Top