GuidePedia


Adhik-adhik… ayo nggawe dolanan yo, yakuwi nggawe bal salju kanggo dolanan. Gampang kok nggawene, bahan-bahane uga gampang lan murah. Nanging yen ana kangelane mengko nyuwun tulung bapak utawa masmu ya. Mang-kene nggawene.

1. Kawitan sedhiyakna be-nang sing gedhe, kaya upamane benang siyet uta-wa benang bol. Banjur se­dhiyakna uga plembungan, lim putih (sing biyasane kanggo ngelim kayu kae), banyu putih, gliter, lepek lan gun­ting.



2.Sa-banjure, plembungan di­plen­dhungake nganti sa bal ping-pong gedhene. Sawuse kuwi banjur diubet-ubeti benang bol mau.




3. Saiki coba njupuka lepek, ban­jur wenehana lim putih sa sendhok teh wae. Lim iki sabanjure uga diwenehi banyu sithik wae (sasendhok makan). Banjur kekarone bahan iku dicampur nganti rata banget!

4. Plembungan kang wis diubet-ubeti benang bol iki banjur ditutul-tutulake menyang lim ing lepek mau nganti rata uga.
.

5. Sawise ditutul-tutulake lim, be-nang kang nggubet plembungan kuwi banjur diuwur-uwuri glitter werna perak utawa emas. Gliter yakuwi ser­buk werna-werni kang bisa di-tuku ing toko kang adol bahan suvenir. Lan sa­wise rata ang-gone nguwur-uwuri glitter, benang kang nggubet plem-bungan iki ban-jur ditus utawa diangin-angin­ake nganti garing temen lim-e.



6. Yen wis ga-ring, sabanjure plem­bungan kang digubed benang mau banjur di-bledhos lan dibu-wang. Carane ya-kuwi kanthi njojoh utawa nyubles nganggo pucuke gunting.



7. Sabanjure mung kari menehi gantungan saka benang utawa saka kawat paper klip lan dicenthelake ing samubarang canthelan. Gampang to?

Sumangga  

Beli yuk ?

 
Top