GuidePedia

 http://f11project.files.wordpress.com/2012/10/au_zombie_0264.jpg

Saploke pilem asesirah White Zombie kang dibintangi Bela Lugosi diputer ing gedhong-gedhong bioskop taun 1932, kawentare zombie kuwawa ngedhih vampir, mumi apadene monster Franknstein kang luwih dhisik ngetop. Adegan nalika sawijining zombie mlaku sajangkah mbaka sajangkah kaya robot nuli dibrondong mimis terus-terusan nggon dhadhane, angel uwal saka angen-angene penonton. Jroning buku Voodoo (1959) karyane Alfred Metraux, zombie ditegesi: “jisime saweneh pawongan kang nalika pangubure diuntabake wong akeh, nanging sawatara taun candhake ditemu urip ma-neh kanthi kahanan idiot.”

Manut Metraux, dhaerah Port-au-Prince, Haiti mujud­ake punjere zombie sena­dyan sawise jamane tansaya modern kaum intelektual ing negara kepulowan Karibia kasebut ora ngandel babar pisan karo crita-crita kang nggepok senggol takhayul. Ewasemono Zora Neale Hurston, ilmuwan Kulonan akulit ireng, tau ngaweruhi kedadeyan aneh sing diyakini ana sambung rapete karo zombie. Oktober 1936 kanthi ora njarag Hurston sumurup wanita wuda kluyuran ana wewengkone gumuk Artibonite, Haiti.

Sawise ditlusuri, Hurston banjur ngerti yen wanita iku aran Felicia Felix-Mentor. Adhedhasar keterangane masyarakat, Mentor sejatine wis mati kawit sawatara taun kepungkur. Rehne isih sangga runggi karo keterangane masyarakat, Hurston nerusake anggone golek sisik melik kanthi nekani rumah sakit panggonane Mentor tau diupakara ing kutha Gonaives. Saka salah sijine petugas medhis, Hurston entuk andharan menawa duk rikala digawa menyang rumah sakit kono kahanane Mentor wis mrihatinake. Petugas iku nggambarake Mentor kadidene “wanita praupan suwung, kang tlapukan mripate putih, tilase kobong dening racun.”

Hurston duwe dudutan menawa Mentor wis didadekake zombie merga khiyanat marang pakumpulane, kang dinuga sawijining organisasi misterius ing Haiti. Nanging kesimpulane Hurston kang mengkono mau diguyu dening Metraux. Dheweke ngece Hurston kadidene ilmuwan kang durung paripurna awit isih percaya karo samubarang kang mambu-mambu takhayul lan gugon tuhon. Sok mengkonowa Metraux ora selak menawa dheweke uga tau krungu crita ngenani bangkite jisim kang sadurunge wis tau dikubur ing Haiti.

Metraux nuli crita yen tau ana mobil kang disupiri sawenehe nom-noman kedadak mogok ana dalan kang sepi. Nom-noman mau dalah rowange siji banjur mampir menyang pondhoke houngan utawa dhukun voodoo kang kebener ora adoh karo nggon mogoke mobil. Houngan tuwa iku nduweni dedeg piyadeg ora pati dhuwur, jenggot mublak putih nglembreh engga dhadha. Nanging houngan mau dadi jengkel merga nalika anggone padha rembugan ngancik perkara wanga (jimat gaib), dhayoh loro iku ora percaya babar pisan.

Karo ngempet rasa sebel houngan tuwa iku nuli takon, apa dhayoh loro mau tepung karo pawongan kang aran M. Celestin. Dhayoh loro kandha tepung jalaran Celestin pancen klebu mitrane. Na­nging Celestin sing dikarepake houngan iku wis tinggal donya nem sasi sadurunge. Houngan njupuk cemethi kang nuli diseblakake kaping telu. Sumeblake cemethi nuwuhake swara cumethor, mbarengi metune bleger sandhangan rowak-rawek lan kanthi jangkah nyeret iglag-iglug sing ora liya….Celestin!

Gegambaran medeni nalika zombie ditangekake saka kubur
Nalika zombie Calestin nedya ngranggeh gelas kang tumum­pang meja, houngan menggak dhayohe menehi ngombe. Sebab, miturut houngan, ora ana pakarti kang luwih mbebayani katimbang menehi utawa nampa barang saka tangane pawongan kang wis tinggal donya. Houngan banjur ngandhani dhayohe yen sejatine patine Celestin merga ditenung dening sawenehing dhukun kang melik marang bandha donyane kurban. Senadyan Metraux ora nyelaki anane jisim kang dibangkitake saka kubur, nanging dheweke emoh yen panemune mau diarani gugon tuhon apadene takhayul.

Kapercayan anane mayit kang bisa tangi saka kubur ing Haiti diyakini ana sambunge karo kawengisane bangsa Prancis kang tau njajah negara kasebut. Pulo Haiti kang dumunung ana Samudra Hindia Kulon ditemokake dening Colombus taun 1429. Rong abad sabanjure Haiti dadi susuhe bajag segara kang mbebayani. Koloni Prancis ngrembakakake anggone dagang gula ing wilayah kono. Tenaga-tenaga kasare dumadi saka budhak-budhak kulit ireng kang dijupuk saka Afrika. Spanyol, kang luwih dhisik ngebroki Haiti (nalika semana arane isih Saint-Domingue), banjur masrahake abang birune dhaerah mau marang Prancis taun 1697.

Ing tangane bangsa Prancis, para budhak digarap kanthi wengis lan kasar. Pasiksan tumrap budhak kang kaanggep luput ngalahake kewan. Upamane digantung ing uwit kanthi kuping ditancebi paku, utawa dilabur madu saranduning awak murih dirubung semut nganti samatine. Salah sijine pasiksan kang paling diwedeni budhak yaiku njejeli bubuk mesiu menyang dhubur banjur disumed. Wong Prancis nyebut pasiksan mau “njeblugake bokong ireng.”

Nadyan risikone gedhe, nanging uger ana kalodhangan budhak-budhak iku nekad mlayu menyang tlatah pegunungan. Suwening-suwe budhak kang kasil oncad mau banjur nguwasani wilayah pegunungan lan didadekake panggonan gerilya. Ing taun 1740 budhak aran Macandal, kang wis kelangan tangane sesisih merga nyambut gawe ing pabrik gula, kasil mlayu lan sumusul rowange ana pegu­nungan. Ing papan kono Macandal ngajari carane nggunakake racun minangka salah sijine cara lumawan penjajah.

Teror racun gedhen-gedhenan nuli dicakake. Ora mung bangsa Prancis wae sing disasar, nanging uga sato iwen ingon-ingone warga. Prancis sing nandhang kapitunan gedhen merga wadya balane padha ngemasi dening racun banjur ngerigake tentara kanggo mikut Macandal urip utawa mati. Macandal wekasane bisa kapikut merga dikhiyanati dening salah siji mitrane. Macandal digawa menyang kutha banjur diobong urip-uripan. Nanging tumrap sing mangerteni sapa kuwi Macandal racake padha yakin menawa sadurunge anggane dilalap geni Macandal kasil lolos migunakake ngelmu gaib sing dikuwasani.

Saploke kedadeyan iku pakumpulan utawa organisasi misterius, kang anggotane akeh-akehe kaum kulit ireng, sumebar ing Haiti. Ing sisih liya cengkeremane Prancis ing Haiti sangsaya kendho sawise Negara Prancis dumadi revolusi gedhe. Nadyan sawise revolusi Napoleon Bonaparte mranata negarane kanthi kejem ewadene dheweke ora sawutuhe kasil mbalekake kajayane Prancis kaya sing uwis, klebu ing pulo Haiti. Napoleon ngencebake “boneka” kaisar akulit ireng ing Haiti kang bisa dikemudhi saka Prancis, ewadene kawasan mau wis kadhung bubrah merga kawulane ora wedi maneh karo ukum. Pakum­pulan misterius ngambrah ing ngendi-endi papan tanpa bisa dilacak dening aparat.

lairvius Narcisse, pawongan kang ngaku tau mati lan urip maneh kadidene zombie

Miturut Hurston, proses ndadekake anggota pakumpulan peteng mau minangka zombie katindakake kanthi cara diracun nganggo ramuwan kang ampuhe kagila-gila. Dhasar-dhasare ngramu racun dinuga padha karo ngelmu kang tau ditularake dening Marcandal. Ampuhe racun mau keconggah ngrusak uteg saengga mangaribawani kurban sing maune bregas malih dadi idiot. Lan senadyan wis dadi kembang lambe kawit maabad-abad kepungkur, nanging lagi ing taun 1980-an antropolog mudha Amerika, Wade Davies, krungu gosip kang nyatakake lamun racun kang kliwat ampuh iku kajupuk saka racune iwak kembung (dijenengi mengkono awit anggane bisa mlembung yen ketekan bebaya). Iwak kembung ngandhut neurotoksin ngedab-edabi kang diarani tetrodotoxin.

Nadyan ampuhe racun iwak kembung kagila-gila, ewadene Davies yakin yen tinemu cam­-puran bahan liyane saengga keampuhane dadi tikel matikel. Nanging dheweke durung ngerti apa campurane racun kasebut sing njalari ampuhe kliwat mbebayani. Mula dheweke mbudidaya nglacak conto racun zombie kang tau digunakake pakumpulan peteng Haiti maabad-abad kepungkur mau. Davies wis kasil nemoni anak turune houngan kang isih nglestarekake budayane simbah-simbahe. Ewadene panglacake Davies kandheg merga profesor kang nyeponsori risete kasebut kaserang stroke lan wekasane tinggal donya.

Sok mengkonowa Davies percaya yen zombie dudu mung mitos. Sebab psikiater saka New York, Nathan Kline, tau menehi kasus taun 1962 marang dheweke amrih disinaoni. Kasus iku nyebutake sawenehing petani Haiti aran Clairvius Narcisse kang dilebokake Rumah Sakit Albert Schweizer ing Artibonite merga lara nggreges adhem panas. Rong ndina candhake Narcisse tinggal donya nyalawadi. Wolulas taun bacute, ana wong lanang marani adhik wadone Narcisse kang aran Angelina. Wong lanang iku ngaku kadidene Narcisse kang biyene mati ana rumah sakit merga diracun dening kakang mbarepe gara-gara rebutan lemah.

Narcisse uga crita yen sawise mati dheweke dibangkitake saka kubur banjur diprentah supaya nyambut gawe bareng karo zombie-zombie liyane. Jroning nglacak conto racune zombie ing Haiti, Davies uga kober ketemu Narcisse. Malah kojahe Narcisse bab anggone bangkit saka kubur kaangkat dadi pilem ringkes dening stasiun televise BBC. Saka sakehing dhata kang dikumpulake, Davies duwe dudutan menawa pakumpulan peteng kang anjrah ing Haiti nalika semana ora kabeh nggilut aliran ireng. Saperangan gedha malah sabela marang kawula cilik kang uripe ditindhes penjajah. Sok mengkonowa Davies durung tau nyumurupi dhewe ana mayit kang urip maneh kejaba saka crita-crita kang rinungu saka masyarakat Haiti.

(Ksw/ saka maneka sumber)


Lihat yg lebih 'menarik' di sini !

Beli yuk ?