
Bab pisanan kang ditindakake Yossico yakuwi nekani sekolahan-sekolahan ing Bangka kanthi aweh penyuluhan marang adhik-adhik ngenani pentinge njaga habitat kewan ksb. Cara paling gampang yakuwi kanthi miwiti mbuang sampah ing panggonane, ngakon nggawa botol inuman dhewe kanggo ngurangi sampah plastik lan nandur wit-witan. Saliyane iku, Yossico uga aktif jroning programe sing paling anyar yakuwi diet sampah plastik.
Lan sawenehing bab kang wis ditindakake Yossico yakuwi ngowahi panganggep yen beauty pageants kang dianggep mung buang-buang wektu wae kuwi. Yossico kepara lila dikon adus lendhut nalika lagi nindakake program nandur wit-witan bebarengan adhik-adhik mau. Kanthi anane bab kuwi dheweke bisa ngowahi panganggep yen ratu kecantikan mung diciptakake kanggo kegiatan kang anggun lan mewah wae.
Saliyane duwe kalodhangan terjun ing jagading akting, Yossico Stephanie uga duwe pangarep-arep bisa dadi sawijining penyanyi. Sebab, saliyane pinter mainake alat musik piano lan biola, pengalaman nyanyine Yossico uga wis ana wiwit sekolah.
“Aku ndhisik ing sekolah Kristen, lan sering nyanyi ing Gereja, dadi ana pengalaman. Aku luwih seneng menyang genre pop,” ujare Miss Earth Indonesia 2013.
Nanging, Yossico ngaku ora bakal meksa amrih nggayuh kekarepane kuwi. Kanggo wektu-wektu iki, Yossico luwih milih fokus marang kegiatane ing babagan sosial.
“Sing jelas aku sih totalitas, dudu ateges seneng nyanyi banjur kudu dadi penyanyi. Kita deleng wae dalane,” tandhese.
Saderma tambahan kawruh, Miss Earth Indonesia mujudake salah sijine kontes kecantikan nasional kanggo melu ajang internasional, kang nduweni fokus perduli marang lingkungan.
Post a Comment Blogger Facebook
Click to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.