Ing Gresik ana panganan khas yaiku Sega Bumbu Roomo. Ngeneni sejarahe wis tau kapacak ing Wisbenbae. Dene saiki, bakal kapacak resepe Sega Bumbu Roomo. Para ibu kang kepengin nyoba, sumangga!
Bahan adonan gawe Sega Bumbu Roomo iki mayar banget, yaiku:
Yen gawe adonan siji, bahan kang dibutuhake:glepung beras giling ½ kilogram,klapa wutuh siji diparut/digiling digawe santen (ampas parutan klapa aja dibuwang, awit mengkone dicampur karo ampas saringan bumbu kang banjur digoreng sangan kang sabanjure diarani Poyah).
Bumbu adonan dumadi saka:
lombok abang gedhe cilik ¼ kilogram,ketumbar 1,5 sendhok,bawang putih ½ ons,urang ½ ons,trasi sacukupe.
Bahan bumbu kabeh mau diuleg, ditambah banyu sacukupe banjur disaring. Ampas bumbu dicampur karo ampas klapa, banjur disangan saengga diarani Poyah kaya kasebut ndhuwur.
Carane masak olahan:
Sedhiyakake banyu sacukupe digodhog nganthi umob.
Glepung beras, bumbu saringan, santen dicampur dadi adonan lan diuleni rata.
Banjur mbaka setithik ditambah banyu kang wis umob mau.
Sabanjure digodhog sandhuwure kompor kurang luwih 30 menit nganti mateng kayadene bubur.
Rerangken liyane minangka sayuran, yen dhek jaman biyen lumrahe nganggo pucuk godhong kuncuk [sabangsa mangrove]. Amarga jinis sayur kuwi saiki wis angel golekane, banjur para bakul nggunakake godhong kates utawa tela kaspe minangka sayur rerangkene. Yen isih kepengin nambah ana sambele, cara panggawene uga kaya yen gawe sambel lumrahe wae. Rerangken liyane luwih pas yen dikantheni krupuk saka urang utawa tengiri. Bisa uga krupuk puli.
Sabanjure panatane menu mawa urutan: kawiwitan sega utawa irisan lonthong sacukupe diseleh ing pincuk. Sandhuwure sega/irisan lonthong diwuwuri sayur godhong kates utawa tela kaspe kang sadurunge wis digodhog lan diperes banjur dirajang cilik – cilik. Banjur bubur/bumbu Roomo diwuwur rata, dikanteni Poyah, sambel sacukupe lan krupuk. Sendhoke nganggo suru saka suwekan godhong gedhang (A. Manan S.)
Jagung Bose
Jagung Bose
Saka Gresik, ayo nyabrang tekan Flores, NTT. Ing Ende, Flores, NTT, ana panganan khas kang arane Jagung Bose. Bose, saka basa Ende, tegese empuk. Mula, jagung bose mono ibarate panganan saka jagung kang wis digawe empuk.
Carane nggawe uga ora angel. Jagung dibebek amrih kulite kang rada alot nglonthok. Banjur diayak supaya kulit-kulite kasebut misah saka daging jagunge. Yen wis ngono, jagung dimasak bebarengan karo kacang abang utawa senereg. Bisa diimbuhi santen lan uyah, amrih rasane luwih gurih.
Yen wis mateng, bisa enggal dirahabi. Nanging masyarakat Ende umume ngrahabi jagung bose kanthi lawuh lawar iwak, utawa teri kang dimangsak. Kejaba kuwi, jagung bose dipangan bebarengan tahu tempe goreng lan sambel uga ora kalah nyamleng. (nn)

Miturut Serat Damarwulan, ana paraga kang asring disebut yaiku Waita lan Puyengan. Waita lan Puyengan iku garwa selire MenakJingga. Jalara...Read more »
wengi gumedere sepi ngumbara tanpa tepilelayar ngrasuk ulekane sonya rurigeyongane ati kang kayungyun ngupadi gisiking kayunpepalang bebondhotane ...Read more »
Entar ing basa Kawi tegese bablas tumrap sesurupan, mangkat, lunga. Ing basa Jawa anyar tegese yaiku dudu tegese kang baku, utawa silihan tum...Read more »
Kaum ‘Ngapak’ Sedunia, Bersatulah!
Bagi kami orang ‘Ngapak’, ditertawakan sih cuek saja. Sebab sejak sebelum lahir, kami sudah ditanamkan seb...Read more »
Lukisan kaca nggambarake Petruk mikat wanita
“Aji Jaran Guyang” Kanggo Mikat Wanita
Sawise wong Jawa tepung marang agama Hindhu lan Budha...Read more »
Mbah Kodok
Dina Setu lan Minggu (6-7 Juni) kepungkur alas begal lan alas dares kang dumunung ana ing rong kecamatan yaiku kecamatan Widodaren ...Read more »
Seusai menjalankan salat Tahajud, seorang kiai mendadak ingin keluar dari langgar, mencari udara segar. Di depan langgar, dia melihat sala...Read more »
Makan Mayit yang merupakan acara makan malam "vegetarian" yang disajikan dalam piring boneka bayi yang telah dibelah dan camilan berbentuk bayi, ba...Read more »
Post a Comment Blogger Facebook
Click to see the code!
To insert emoticon you must added at least one space before the code.