Akeh peninggalan sejarah jaman biyen sing nganti saiki isih disimpen lan karumat kanthi becik dening Pura Mangkunagaran Surakarta. Salah sijine yaiku saprangkat gamelan kang dijenengi Kyai Kanyut Mesem.
Yen panjenengan kapinujon tindak menyang kompleks Pura Mangkunagaran, mligine ing Pendhapa Ageng, mesthi bakal bisa mirsani saprangkat gamelan lawas, Kyai Kanyut Mesem jenenge. Gamelan mau mapan ing sisih kulon pendhapa lan ing saben dinane ditutup kain werna ijo yen ngepasi ora ditabuh. Kajaba Kyai Kanyut Mesem, ing papan mau uga ana gamelan liyane yaiku, gamelan Monggang, Carabalen lan Kodhok Ngorek kang biyasa ditabuh kanggo ngiringi sawenehe acara ing Mangkunagaran.
Gamelan Kyai Kanyut Mesem ora saben wektu bisa ditabuh. Mung ing wektu-wektu tinamtu wae gamelan mau digunakake lan ditabuh, kayata pendhak dina Rebo yaiku ngepasi para abdidalem pangrawit nindakake latihan. Gamelan iki mung digunakake yen Pura Mangkunagaran ngadani upacara penting.
Kyai kanyut mesem 1
Asal-usule gamelan Kyai Kanyut Mesem dhewe nganti saiki isih nuwuhake kontroversi mungguh asal-usule. Saperangan gedhe abdi dalem Mangkunagaran ngandhakake menawa asal-usule gamelan mau saka Ponorogo. “Sing dakngerteni Kyai Kanyut Mesem kuwi wis ana wiwit RM Said (KGPAA Mangkunagara I) isih mudha. Nalika RM Said mbrontak Sinuhun PB II sing condhong marang Kumpeni Walanda. Mulane Bupati Ponorogo sing dadi bawahane Sinuhun PB II banjur ditelukake,” kandhane Ngabehi Salim Wignyosarono, salah sawijining abdi dalem Pura Mangkunagaran.
Amerga kalah perang, kabeh barang pengaji saka Ponorogo klebu para putrine banjur diboyong dening RM Said lan dipasrahake marang Pangeran Mangkubumi, mung gamelan Kyai Kanyut sing ora. Nanging Ngabehi Salim ora sarujuk yen gamelan mau wutuh saka Ponorogo. “Gamelan iki wis ana kawit jaman Majapahit, banjur Demak lan Mataram. Ing Yogyakarta uga ana gamelan kuwi. Critane perangan-perangan gamelan sumebar lan saperangan ana ing Kabupaten Ponorogo,’’ kandhane maneh.
Kyai Kanyut Mesem 2
Asal-usule gamelan iki pancen terus nuwuhake kontroversi. Ing serat Titimangsa-titimangsa Wigati ing Sejarah Mangkunegaraan (1940) tulisane Sumohatmono disebutake yen gamelan mau asil jarahan saka Ponorogo. Saora-orane ditandhani kanthi tulisan: Sabedhahing Panaraga Kanjeng Gusti anjarah gangsa (Kyai Kanyut) tuwin mboyong badhaya. Nanging ing Babad Lalampahan tulisane Ann Kumar sing naskah asline disimpen ing The British Library Manuscript London (duplikate ing Museum Reksopustoko Pura Mangkunegaran) nyritakake liya.
Ing Babad Lalampahan katulis menawa gamelan mau ana amerga dhawuhe KGPAA Mangkunegara I nalika yuswa 55 taun kaya disebut ing candra sengkala ‘’buta wyat turanggeng rat’’ (1705 Saka) utawa 1779 M. Wose, saka cathetan kuwi nandhesake asal-usule Kyai Kanyut saka jaman Mataram. Ing kono disebutake ngenani Mesem lan Carabali, sing bisa uga kuwi sebutan gamelan Kyai Kanyut Mesem. Nanging uwal saka kontroversi mau saben-saben Pura Mangkunagaran karawuhan tamu agung tansah nggelar gendhing Ketawang Puspawarna kanthi diringi gamelan Kiai Kanyut Mesem.
Wewaler
Uwal saka kontroversi ngenani asal-usule ing kanyatane gamelan Kiai Kanyut Mesem nganti saiki duwe wewaler sing diugemi lan ora ana sing wani nerak. Wewaler mungguhing gamelan Kiai Kanyut Mesem mau ora liya ora kena dilangkahi. Para pangrawit utawa abdi dalem liyane ora ana sing wani nerak wewaler mau.
Kyai Kenyut
Nate ana kedadeyan sing ora klebu nalar nalika sawijining wektu ana abdi dalem pangrawit sing ora sengaja nglangkahi perangane gamelan Kyai Kanyut Mesem. Sawise mulih tekan omah pangrawit mau ora bisa bebuwang nganti pirang-pirang dina. “Nalika dipriksakake menyang dhokter ora ditemokake tandha-tandha lara. Sabanjure sawise diadani ritual khusus ing sacedhake gamelan Kyai Kanyut Mesem, pangrawit mau banjur bali waras-wiris kaya wingi uni,” kandhane Ngabehi Salim.
Kajaba wewaler sing bisa nuwuhake kedadeyan sing ora nyenengake, gamelan mau pranyata uga asring ngatonake fenomena mistis sing angel ditampa akal sehat. Kayadene ngepasi malem Jumat Kliwon asring keprungu swara sawijining instrumen saka gamelan mau. Luwih-luwih gong Kyai Angun-angun sing mujudake instrumen saka gamelan Kyai Kanyut Mesem asring muni dhewe. “Kedadeyan-kedadeyan aneh sing angel ditampa nalar asring dumadi gegayutane karo gamelan mau. Meh kabeh abdi dalem pangrawit bisa ngrasakake bab kuwi, nanging sokngonoa ora mbebayani sauger ora nerak wewaler lan neka-neka,” Ngabehi Salim mungkasi critane.
(Lintang WM)
lanjutin di sini !
Follow @wisbenbae
Post a Comment Blogger Facebook