GuidePedia

0


Tuladha :

Dhandhanggula (Serat Paliwara).
Carang wreksa ingkang jamang tambir,
nora gampang wong mengku negara,
baligo amba godhonge,
kudu santoseng kalbu,
tengareng prang andheging riris,
den teteg tranging cipta,
sendhang nir ing ranu,
sasat ana ing palagan,
kasang toya menyan seta munggwing ardi,
yen apes kewirangan.

Katranganipun ;

Carang wreksa = carang kayu maksudipun pang, ing gatra candhakipun wonten tembung gampang. Ingkang kapendhet wanda pang.

Jamang tambir = blengker pinggir maksudipun wengku. Ing gatra candhakipun wonten tembung mengku. Ingkang kapendhet wanda ku (engku).

Baligo amba godhonge maksudipun labu. Ing gatra candhakipun wonten tembung kalbu. Ingkang kapendhet wanda bu.

Tengareng prang = tengarane perang maksudipun keteg. Ing gatra candhakipun wonten tembung teteg. Ingkang kapendhet wanda teg.

Andheging riris = mandhege udan maksudipun terang. Ing gatra candhakipun wonten tembung trang. Ingkang kapendhet wanda trang.

Sendhang nir ing ranu = sendhang tanpa banyu maksudipun asat. Ing gatra candhakipun wonten tembung sasat, Ingkang kapendhet wanda sat.

Kasang toya = wadhahe banyu maksudipun impes. Ing gatra candhakipun wonten tembung apes. Ingkang kapendhet wand apes.

Menyan seta munggwing ardi = menyan putih sing ana gunung maksudipun lirang. Ing gatra candhakipun wonten tembung wirang. Ingkang kapendhet wanda rang (irang).

Pepunton : Wangsulan saking cangkriman kasebut dipunpendhet sawanda (saperangan), lajeng wanda kalawau dipundamel ukara ing salajengipun. Saenipun , menawi badhe ngarang wangsalan ingkang dipunpendhet isi utawi wosipun ingkang dipunkajengaken.

WANGSALAN vs PARIKAN.

Parikan lamba.

Yu Painten klelegen timba,
Cekap semanten atur kawula.

Ukara kapisan (purwaka) namung kangge narik kawigatosan . Boten wonten sambetipun kaliyan ukara kaping kalih. Dene ukara angka kalih minangka isinipun. Parikan, ing pungkasaning gatra suwantenipun kedah runtut kaliyan gatra saderengipun.

Yu Painten runtut kaliyan cekap semanten.
Klelegen timba runtut kaliyan atur kawula.

Parikan rangkep:

Nyang kali gogo welut,
Entuk siji disupit urang,
Golek bojo goleka sing manut,
Yen gak manuk cepitna lawang.

Gatra sepisan swantenipun runtut kaliyan gatra kaping tiga.
Gatra kapindho swantenipun runtut kaliyan gatra kaping sekawan.

Pepunton: ing wangsalan, gatra sambetipun wonten wanda ingkang sambet kaliyan batangan cangkriman, menawi parikan gatra sepisan boten wonten sambetipun kaliyan gatra kaping kalih.

WANGSALAN vs PURWAKANTHI.

Purwakanthi inggih menika runtuting swara, sastra, basa ing ukara.

Tuladha :
Bayem arda, ardane ngrasuk busana.
Mari anteng, besuse saya katara.

Kolik priya , priyagung anjani putra,
Tuhu eman, wong anom wedi kangelan.

Katrangan:

Bayem arda batanganipun lateng, wingkingipun wonten tembung anteng.
Ardane ngrasuk busana = tansah seneng dandan = besus, ing wingking wonten tembung besuse.
Kolik priya = tuwu, wingkingipun wonten tembung tuhu.
Priyagung anjani putra = wong anake Anjani = Anoman, wingkingipun wonten tembung anom.

Pepunton : Wangsalan saged kadamel saking purwakanthi, sekar, utawi wantah kemawon. 


Ngurip-urip Basa Jawa by Sugeng Kariyodiharjo

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?