GuidePedia

 https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEj6tX1q_NZUY7nBweAqIwQfalpRklS8fbQrw1qO1ECLqwi7mJ_F3GgqukrckCaJ5zcG1OniFNe0f4c0cxo4FuyERwAb_5Ca3TjoxnPigGEKvUOCpI0MHbCq1EtNOyhgsabldihgkw/s1600/Renata+Kusmanto+model+11.jpg

Sajege pedhot saka Marsha Timothy, Fachri Albar dikabarake saiki cedhak klawan foto modhel ayu Renata Kusmanto. Nanging nalika dikonfirmasi, Renata Kusmanto sajake durung gelem blaka bab sesam­bungane klawan anake Ahmad Albar kuwi.

“Kanca sih, ya ora ngerti. Kok pengin ngerti wae ta. Mbuh wong arep ngomog apa, terserah..” ujare nalika ditemoni ing kawasan Gatot Subroto, Jakarta, mentas iki.

Manut artis film Test Pack You’re My Baby iki, Fachri mujudake pawongan kang tampil apa anane.
“Dheweke apa anane, dadi ya apa anane” jawabe cekak.

Renata Kusmanto pancen katon santai ngadhepi gosip yen dheweke pacaran klawan Fachri Albar. Se­najan ora ngiyani, aktris ayu iki mung ngandhakake yen Fachri duwe kapribadhen kang becik.

“Fachri kanggoku mujudake priya kang becik lan prasaja. Nanging yen urusan gosip iku terserah wong arep ngomong apa”

Sing lucu, Juni kepungkur, bapake Fachri yakuwi Achmad Albar, ngaku yen Fachri lagi cedhak klawan Mariana Renata, kang ora liya misanane Renata dhewe.

“Pancen loro-lorone cedhak banget kok, nanging aku durung ngerti hubungane kaya apa” ujare rocker kang akrab disapa Iyek iki.

“Aku kandha marang Fachri, yen bisa Mariana dadi pilihane sing paling pas lan kang pungkasan uga”

Fachry Nutup-nutupi

Kayadene Renata Kusmanto kang isih isin-isin mbe­nerake kabar asmara kang dienam ing antarane dhe­weke klawan Renata, Fachry Albar pranyata uga nuduhake sikap kang padha.

Sadurunge, senajan dikabarake ngenam asmara klawan Mariana Renata, pranyata ing acara Gala Premier film Test Pack, Fachry katon ngancani Renata ing Planet Hollywood. Lan nalika ditakoni ngenani kabar mau, dheweke isih nampik.

“Ah, jare sapa? Aku mrene kanggo nyengkuyung sapa wae” ujare Fachry.
Nalika ditakoni luwih adoh sepira hubungane kla­wan pemeran Shinta ing film Test Pack iku, Fachry milih ngloyor ninggalake wartawan. Dheweke emoh mbeberake sesambungane klawan misanane Mariana Renata ksb.
“Apa ta kowe ki, wis ah” tandhese.

Renata Durung Siap Omah-omah
Foto modhel lan mesisan pemain film Renata Kusmanto ngaku durung kepikiran mbangun nikah senajan umure wis ngancik 30 taun.

Nalika ditakoni bab target nikah, dheweke ngaku ora duwe target. Bab iki amarga Renata isih pengin golek lan oleh pasangan kang pas kanggo didadekake sisihane.

“Wong tuwa mung takon wae, nanging pasrah marang aku. Wong tuwaku ora tau meksa. Mung tansah takon wae, kapan?” tambahe.

Isih manut Renata, tu­mekane saiki isih durung ana priya kang pas kanggo didadekake kanca urip.
“Kapan wek­tune ora ana. Yen ana priya kang pas aku lagi ge­lem omah-omah. Golek sing pas dhisik” imbuhe Renata. (d)

Beli yuk ?

 
Top