GuidePedia

 http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/6/6f/IPhone_4_Black.jpg

Ora kabeh wong gelem tuku ring­tone kanggo iPhone. Akeh uga sing pengin nda­dekake lagu ing koleksi iTunes pri­badine minangka ringtone. Tips ing ngisor iki bakal manfaatake koleksi lagu kang wis didu­weni lan ana ing iTunes Library. Lagu kang bisa dimanfaatake jroning tips iki mung kang bebas Digital Rights Management (DRM). Lagu bebas DRM bisa diundhuh saka iTunes kanthi rega luwih larang, sa­liyane iku biasane asil ekstraksi (ripping) saka CD bakal bebas DRM uga. Oke, iki mujudake cara kang prasaja kanggo oleh ringtone gratis ing iPhone kanthi man­faatake koleksi lagu kang ana ing iTunes:

Bukak iTunes. Golekana lagu ing koleksi iTunes kang pengin didadekake Ringtone. Rungokna lagu iku, lan golekana bagian kang pengin digunakake. Catheten wektu wiwite lan rampunge saka potongan lagu mau, upamane 1:00 – 1:40. (dawane maksimal 40 dhetik). Klik tengen judhul lagu lan pilih ‘Get Info’. Klik Tab ‘Options’. Lebokna wektu awal bagian kang pengin dijupuk ing Text Box ‘Start Time’. Upamane, 1:00. Lebokna wektu pungkasan ing Text Box ‘Stop Time’. Contone, 1:40. Klik OK. Klik tengen maneh judhul lagu lan pilih ‘Convert to AAC’. Yen kasil, bakal muncul duplikat lagu iku ing iTunes kanthi durasi luwih singkat. Klik tengen asil potongan mau lan pilih ‘Delete’. Ing menu kang muncul pilih ‘Keep File’ amrih iTunes ora mbusak lagu iku saka hardisk

Bukak lokasi file mau, biasane ana ing folder ‘Music > iTunes > iTunes Music’ (uta­wa sajinis ikulah) ing folder kanthi aran penyanyi/grup musike. Klik tengen file mau lan ganti jenenge klawan akhiran .m4r (asline file bakal nduweni akhiran .m4a). Klik gandha file kang wis ganti akhirane. iTunes bakal nambahake file iku ing Library-ne. Saiki hubungna iPhone lan tindakna Sync Ringtone. ***
Tips Ngirit Pulsa Ponsel

Jaman saiki, ponsel wis dadi piranti penting aktivitas sedina-dina kita. Nanging sok-sok kanthi ora sadhar kita migunakake ponsel kaluwihen saengga tagihane mbeng­ kak. Mbokmenawa wae sawenehing tips ing ngisor iki bisa dipigunakake kanggo ngakali amrih pulsa ora mbledhos.

1. Ganti menyang Pasca Bayar.
Kanggone kang isih migunaake pra bayar enggal wae ganti pasca bayar. Ora perlu khawatir kudu ganti nomer. Saiki meh kabeh operator aweh layanan migrasi kan­thi gampang. Tarif pasca bayar luwih murah adoh katimbang pra bayar.

2. Kurangi nelepun ing jam sibuk
Sukur kanggone pelanggan operator kang ngecakake tarif flat. Ora dibedakake argo pulsa antarane awan lan bengi. Tumrape kartu pra bayar mung Simpati lan IM3 Smart kang ora migunakake tarif flat. Dene kanggo kartu pasca bayar, meh kabeh operator mbedakake tarif omong-omongan marang peak hour lan offpeak/ dina prei & hari raya. Rata-rata tarif ngomong ing jam sibuk saben menite luwih larang engga 25 persen.


3. Gunakna SMS lan Layanan SMS Gratis.
Paling larang tariff SMS ‘mung’ Rp. 350. Dene SMS internasional Rp 500. Komunikasi uga ora kalah asyik dibandhing nelepon. Yen ora kudu nelepon mula luwih becik SMS. Apamaneh saikine ora winates mung 160 karakter. Mesthi wae kudu ngaktifake fitur ‘long messages’ ing handphone kita luwih dhisik. Dene yen lagi ngenet, man­faatake wae layanan SMS gratisan. Kita bisa migunakake layanan saka sms.ac, ya hoo2SMS, mtnsms.com, 1rstwap.com, smspop.com utawa icq.com. Ing paket kartu Halo kita bisa SMS gratis nganti ping 150. Rak lumayan ta?

4. MMS luwih asyik maneh
Pesan bisa awujud gabungan suara, gambar lan ukara. Ora perlu khawatir klawan winatese karakter. Saben kirim bisa ewonan karakter. Dijamin uneg-uneg nalika curhat bisa ditampung kabeh mung kanthi sawenehing kirim MMS. Tarife sing paling larang mung Rp. 1250 per MMS. Bisa dietung maneh kanthi jelas. Yen nelepun mesthi ora bakal krasa. Ngerti-ngerti pulsa jebol.

5. Dolanan Konten Handphone
Mesthine kita kerep golek-golek ke­sibukan nalika ‘nganggur’. Kirim SMS utawa nelepun biasane dadi pilihan pertama. Yen wis mangkono pulsa mesthi kedhodhoran. Emoh ta yen mangkono? Kanggo ngilangi rasa sumpeg, wis wayahe isi handphone dipigunakake sakmaksimal-maksimale. Koleksi games lan ringtone bisa dimainake. Amrih ora mboseni sing sregep wae ngganti utawa nambah koleksi ing hp mau.

6. Manfaatake layanan download gratis.
Aja kakehan ngorbanake pulsa mung kanggo download games, ringtone, wallpaper. Yen ana sing gratisan geneya ora dimanfaatake? Pancen sih kita isih dibebani tarif akses data GPRS. Nanging aja khuwatir sebab lumayan murah kok, rata-rata mung Rp.25 per kilobite. Kepara Mobile-8 mung Rp. 5 per kilobite. Yen rega konten gratis. Kunjungi wae situs kayadene Tagtag.com. Koleksine uga lumayan lengkap. Minimal yen seneng marang konten kang dise­dhiyakake content provider aja kesusu tuku. Goleka wae dhisik ing situs gratisan iku.
Sumangga. (d)

Beli yuk ?

 
Top