GuidePedia


 http://i1.ytimg.com/vi/HE1AYUDYsZw/0.jpg
Akeh sing ngira bangunan mesjid iki klentheng

Bangunan mesjid ing Indonesia, biyasane wujude niru bangunan mesjid ana negara Timur Tengah utawa modhel joglo. Ora kaya bangunan mesjid liyane, Mesjid Cheng Hoo ing Purbalingga, Jawa Tengah iki wujude kaya klentheng, yaiku papan ibadahe umat agama Budha.

Mesjid iki jeneng komplite Mesjid Jami’ PITI Muhammad Cheng Hoo, ananging masyarakat kiwa tengen luwih rumaket ngarani mesjid kasebut Mesjid Cheng Hoo. PITI ing kene maksude Persatuan Islam Tionghoa Indonesia sing ana Pur­balingga.

Perlu dimangerteni, Mesjid Cheng Hoo iki mapan ana Jalan Bobotsari, Purba­lingga. Persise, ana ing Desa Selagang­geng, Kecamatan Mrebet, Purbalingga, Jawa Tengah. Saka kutha Purbalingga, arahe mengalor udakara 7 kilometer.
https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEilokweyq3E4T-cfyB6OTXqwlYn6_Tq_2nMh31I_J0Wuka3XqXSM8m5EO1RC_890oOe3rcyrZjKvBPxrBCeg_bBKnMIVgqBpb17TTMzLnVK9alKjoQbbfuJP29aIxG-4cS_pgKJOQ/s1600/Foto0005.jpg


Tulisan Arab Allah ana ing pucuking plangitan njero mesjid

Menawa didelok saka njaba, arsitektur Mesjid Cheng Hoo iki bisa diarani arsitek­tur gadho-gadho. Sinebut gadho-gadho amarga arsitektur mesjid iki campur-campur, yaiku arsitektur Tionghoa, Arab, lan Jawa dadi siji. Menawa didelok saka cedhak, cetha banget ananing ukir-ukiran lan pernak-pernike China. Werna mesjid uga akeh werna abang khas China, kanthi lampion ana ing pojok-pojoking mesjid.

Ing lawang mlebu sing bentuke kaya pagodha, ana ukir-ukiran naga lan patung singa saka lilin, tulisan Allah nganggo huruf Arab ana ing pucuking plangitan. Ing kiwa bangunan, ana bedhug kanggo ngompliti bangunan mesjid iki.

Mesjid Cheng Hoo Purbalingga iki jem­bare 11 x 9 meter. Angka kasebut pra­nyata ana maknane, angka 11 kuwi ukur­an Ka’bah nalika dibangun pisanan, lan angka 9 simbule Wali Sanga, juru dhakwah agama Islam ing Jawa. Banjur payone mesjid, bentuke segi wolu. Angka wolu iki pranyata uga duwe teges. Miturut ka­percayan Tionghoa, angka wolu kuwi per­lambang Pat Kwa sing artine kauntungan. Segi wolu uga nggambarake lelakone Nabi Muhammad SAW nalika ditulungi kewan angga-angga, sing omahe mben­tuk angka wolu.

Lha, nalika mlebu ana njero mesjid, arsitektur Jawa diwakili ana ing blandar lan usuk sing dipasang ana payone mesjid iki. Ana ing njero mesjid, kaligrafi kaukir endah ana ing pirang-pirang panggonan.

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhfslryT3-263EWhINQox2b1Ezn3gcTXwMZZooRc5ZVcwOOltPec5YY8AnTtiBvqtLxFQ_NBQux3zcMuWdwtFjtL3OVS3DiOOdlDexXhwVSX-haSnHXbGjrqyEq_ugKmahIt-kb/s1600/chengho.jpg

Swasana ing njero Mesjid Cheng Hoo

Saben dinane, Mesjid Cheng Hoo iki ora mung kanggo papan pangibadahan masyarakat sak kiwa tengene. Ananging, uga kanggo shalat lan leren musafir sing liwat ana ngarepe. Salah sijining warga asli Surabaya sing saiki manggon ana Purbalingga, Anton (35 taun) mratelaka­ke, Mesjid Cheng Hoo kasebut wis dadi papan jujugan leren menawa dheweke lelungan adoh. Anton ngaku, dheweke durung suwe anggone ngerteni Mesjid Cheng Hoo kasebut. Priya sing nyambut gawe ana Lembaga Swadaya Masyarakat ing Purbalingga iki ngira, menawa mesjid kasebut kuwi Klentheng.

“Biyen, pas pisanan aku liwat, tak kira bangunan kuwi klentheng. Ananging aku bingung, lha kok ana uwong nganggo peci lan sarung sing mlebu. Nalika kaping pindho aku liwat lan mandheg, jebule bangunan kuwi mesjid,” ujare Anton.


Warga masyarakat Tionghoa melu nggrengsengake acara Tasyakuran

Sing tunggu mesjid, Pak Teguh nyrita­kake, Mesjid Cheng Hoo iki dibangun durung pati suwe, yaiku nalika taun 2005. Ananging, ing taun 2006 pembangunane mandheg amarga kurange dhana. Patang taun mandheg, banjur taun 2010 diwiwiti maneh. Salah sijining pengusaha saka Pekalongan mbiyantu dhana nganti pro­ses pembangunan rampung, lan dires­mekake ing tanggal 5 Juli 2011, dening Ketua Umum Simpan Pinjam Jasa, H.A. Zaki Arslan Djunaid. Wektu kuwi Bupati Purbalingga uga angrawuhi.

“Bupati Purbalingga, Pak Heru Sudjat­moko uga ngrawuhi, Mas,”ujare Teguh marang PS. Perlu dimangerteni, pem­bangunan mesjid iki entuk inspirasi saka salah sijining tokoh Tionghoa, Tan Shien Bhi, sing dadi juru dhakwah Islam ana ing tlatah Purbalingga, yaiku watara taun 1700.

Diakoni, arsitektur mesjid iki pancen niru arsitekture Mesjid Laksamana Cheng Hoo ing Surabaya. Mesjid Cheng Hoo ing Surabaya dhewe niru arsitektur Masjid Niu Jie (Ox Street) ing Beijing, China, sing dibangun taun 996 Masehi. Arsitektur gaya Niu Jie ketok ana ing payon, lan mustaka mesjid. Liyane, niru arsitektur Timur Tengah lan arsitektur Jawa.

Masjid Cheng Hoo saiki didadekake Pusat Dakwah lan Pendidikan Islam ing Purbalingga. Biyen, pembangunane mesjid iki nduweni tujuan kanggo nye­dhiyani masyarakat muslim Tionghoa lan mualaf (wong sing mlebu Islam anyaran) ing tlatah Purbalingga. Muslim Tionghoa ing Purbalingga kurang luwih wong 130, semebar ing 18 kecamatan. Para muslim Tionghoa ing Purbalingga lan kiwa tenge­ne, akeh sing manfaatake mesjid iki kanggo kumpul lan nyiarake dhakwah Islam.

Arepa kanggo nyedhiyani warga Muslim Tionghoa, ananging ora ateges wong sing dudu Tionghoa ora oleh ngibadah ana mesjid iki. Sapa wae oleh. Malah, kanthi madege Masjid Cheng Hoo iki, ing tembe mburine Purbalingga bisa sang­saya maju, khususe ing dakwah Islam.

Mesjid Cheng Hoo iki mbuktekake pepak lan ‘plurale’ suku, ras, lan kaper­cayan ing Purbalingga. Mesjid Cheng Hoo ing Purbalingga iki pancen bangunan kebak makna, lan mbuktekake menawa agama Islam ing Purbalingga kuwi ora mung wong Jawa thok, ananging uga saka etnis Tionghoa. Mula, karukunan kang gedhe banget ajine iki kudu tetep dijaga kanthi temenanan.***


(Agung Hartadi)
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae

Beli yuk ?

 
Top