GuidePedia

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEg3j6viLhsnmQuzSgQD0rpWnZQvUHfnKCMlLMJg4veQZCthUHfnZvX0sVBqPUA-lxUjl1T1q3pNwuukg3AcaZisfbh5y8OL4-tInnXW4NISif0eR0WU_IPWdR9qWCa3HMTEKoM4Dg/s1600/sphinxboston.jpg

Ing jaman kang sarwa canggih iki isih akeh sing percaya marang ramalan wa­take manungsa adhedhasar tanggal uta­wa taun klairane. Ana sing diarani Shio (China), lintang zodiak Yunani kuna, prim­bon (Jawa), lan uga zodiak Mesir kuna. Na­nging sing jenenge ramalan, mula lumrah yen ana sing nyimpang adoh saka kanya­tane. Lan, minggu iki kita aturake ramalan watake manungsa manut bangsa Mesir ku­na. Bener orane karo kanyatan, wallahu­alam.

1. SPHINX, Dewa Penjaga Bandha Ka­run (27 Desember-25 Januari)
 http://www.guardians.net/egypt/sphinx/images/sphinx-front-wa-2001.jpg

SPHINK, Penjaga Bandha Karun

Sphinx duwe sikep dhisiplin kang ku­wat. Tansah kepingin nindakake pakar­yan kanthi bener lan tanggung jawab. Saben pikantuk ayahan, bakal dileksani kanthi serius lan dhisiplin. Kaseriusan mau dibarengi karo sifat humoris. Sphinx uga sensitif lan kebak rasa pangrasa. Cekake, najan anggone nyandhak gaweyan sinambi guyon, nanging apa sing diayahi kasebut ditindakake kanthi serius lan tanggung jawab.

Kakurangane watake Sphinx sensitif ma­rang samubarang kahanan. Yen ana uwong sing nganggep tugas sing lagi ditandangi kasebut remeh utawa sepele, dheweke bakal pesimis lan nglokro. Ngenani katresnan, wa­take Sphinx anggone milih jodho banget ngati-ati murih cocog karo karepe. Nanging pangati-ati iki malah bisa njalari dheweke ora gampang tresna marang lawan jenis

2. SHU, Dewa Langit (26 Januari-24 Pebruari)
http://img1.wikia.nocookie.net/__cb20130228071028/mythology/images/4/45/Shu.jpg
SHU, Dewa Langit

Watake Shu seneng marang kabebasan. Yen dheweke diwenehi kabebasan malah bakal tuwuh kreativitas. Luwih-luwih dhe­weke uga duwe rasa humoris. Yen arep tu­mandang tansah ngati-ati, lan prinsip uripe dinggo paugeran. Kawigatene marang kanca sarta kulawarga cukup gedhe.

Shu dikenal mandhiri, nanging sipat independen iki malah gawe dheweke asring mangu-mangu marang kemampuane. Mula dheweke kerep kelangan kalodangan kang becik. Ing sisih liya pepinginane angel diba­dhe, suthik nyritakake kasusahane marang liyan tur watake rada kaku. Nanging yen dheweke wis ketemu cewek/cowok sing co­cog karo kriteriane, watake bisa owah dadi luwih lumer.

3. ISIS, Dewi Kadisiplinan (25 Pe­bru­ari-26 Maret)
http://www.truthcontrol.com/files/truthcontrol/images/isis.jpg
 ISIS, Dewi Kedhisiplinan

Isis populer merga cara pamikire sing unik, liberal, lan uga duwe sipat humoris. Dheweke dikenal merga kaya-kaya ora bakal kentekan gagasan. Sikepe sing aktif lan precaya dhiri kerep digunakake kanggo mbi­yantu liyan. Wong-wong Isis papan sing co­cog kanggo curhat jalaran sithik akeh dheweke luwih ngutamakake kejujuran. Mula dheweke luwih seneng blaka suta marang sing diajak guneman.

Isis duwe obsesi gedhe marang ide-idene dhewe. Kadhang kala idhene dianggep pa­ling apik tinimbang idhene liyan. Emane yen ana masalah kang sajak abot utawa angel diadhepi, dheweke gampang pasrah. Ing babagan katresnan Isis banget emosional lan seneng ngudhal uneg-unege marang wong sing ditresnani. Dheweke uga dikenal ro­mantis lan sensitif.

4. OSIRIS, Dewa Alam Liya (27 Maret-25 April)
http://www.mmscanadianhq.com/wp-content/uploads/2013/12/Osiris-tomb-of-Nefertari.jpg

OSIRIS, Dewa Donya Liya

Osiris ke­lebu tipe ce­wek dinamis lan fleksibel tur ora se­neng dhebat karo sapa wae. Wong-wong Osiris kebak ide lan pinter, uga bi­sa migu­nak­ake kalo­dhangan. Mu­la ora nggumunake yen sape­rangan gedhe wong Osiris bisa sukses usa­hane. Kajaba saka kuwi Osiris mandhiri lan ora gampang nglokro. Yen sawayah-wayah upayane gagal, dheweke bakal tangi maneh kanthi semangat anyar.

Kakurangane Osiris yakuwi angel dipaha­mi lan ora klebu tipe wong sabar. Kadhang­kala nalika diwenehi tanggung jawab malah ngalih utawa ora saguh ngleksanakake. Mula lumrah yen tugas sing wis disusun lan ditata mlathing mara-mara bisa ditinggal ngono wae. Sipate Osiris sing dinamis uga nuwuh­ake pangaruh ing babagan katresnan. Dhe­weke ora seneng marang pasangan sing adhem ayem alias babarpisan ora duwe greget.

5. AMUN, De­wa Pemba­ngu­nan Donya (26 April-25 Mei)
http://gwydir.demon.co.uk/jo/egypt/amun.gif

AMUN, Dewa Pembangunan Donya

Amun cukup dikenal merga nduweni watak peduli. Nanging ing suwalike ku­wi nggembol pe­pinginan sing ba­nget kuwat lan ambisius. Sipat precaya dhirine patut ditiru. Ke­turunan Amun ngerti apa sing dadi pepinginane lan kepriye carane nggayuh. Dheweke cukup teges lan ora gampang nglokro yen pepinginane durung kawujud.

Amun sing ambisius biyasane duwe ran­cangan mateng sadurunge tumindak. Emane, yen kena masalah gedhe dheweke gampang goyah imane. Yen wis ngene kapeduliane lan rasa toleran marang liyan bakal ilang. Ing babagan katresnan, Amun luwih nengenake rasa bedhamen. Kepengin tansah harmonis ing rasa pangarasa lan tumindak.

6. HATHUR, De­­wa Bumi lan La­ngit (26 Mei-24 Juli)
http://qibash.files.wordpress.com/2011/03/hathur.png

HATHUR, Dewa Bumi lan Langit

Hathur ndu­weni sipat eks­­-presif, bisa nu­duhake pera­saane kanthi becik ma­rang liyan. Baba­gan ka­sebut uga nu­duhake kajuju­rane engga sing di­ajak sra­wung betah cecaketan karo dhe­weke. Kajaba saka kuwi Hathur bisa mikir kan­thi cepet senajan kahanane mutawiri. Sing luwih narik kawigaten saka wong-wong Hathur iki yaiku nduweni kharisma engga bisa gawe seng­seme liyan.

Nanging Hathur uga kerep miyur ati lan panemune engga gawe bingunge liyan. Luwih-luwih yen swasana ati lan pikirane ora mood, tugas utawa penggaweyan sing di­sangkul bisa kapiran merga ora kecandhak. Najan kecandhak nanging ora maksimal. Ing babagan katresnan, Hathur luwih seneng marang pasangan sing luwih pinter lan prigel. Biyasane yen wis ketemu pasangan slaras karo pepinginane, tresnane bisa setengah mati. Nanging kadhangkala, kanthi alasan tresna, Hathur bisa tumindak mbingungake tur malah katon kaya wong bodho.

7. PHOENIX, Peksi Panguripan lan Ke­bangkitan (25 Juni-24 Juli)
http://www.tarrdaniel.com/images/visions/phoenix/Mendoza-Phoenix.jpg

PHOENIX, Manuk Panguripan lan Kebangkitan

Phoenix nduweni jiwa optimis sing di­imbangi karo sikep wani nanggung risiko. Dheweke uga bisa ngajak wong liya murih optimis kaya dheweke. Mula ora nggumunake yen wong-wong Phoenix akeh sing dianggo panutan. Ewa semono Phoenix ora bisa ngon­­trol emosine. Saumpama dheweke di­ajak dhebat luwih seneng mbela dhiri lan watake kaku. Phoenix uga dikenal ora seneng marang karameyan, ora pati seneng srawung, lan ora realistis, engga kaya-kaya urip ana donyane dhewe.

Watak emosionale Phoenix uga katon ing urusan katresnan. Babagan sing sajake ora pati penting malah dienggo dhebat karo pasangane. Engga terkadhang gawe bingung psangane.

8. ANUBIS, Pen­jaga Alam Liya (25 Juli-28 Agustus)http://upload.wikimedia.org/wikipedia/commons/7/7b/Anubis_standing.jpg


ANUBIS, Dewa Penjaga Donya Liya

Wong-wong Anu­bis duwe rasa per­caya dhiri sing dhu­wur, mong­kog ma­rang priba­dine lan ngerti cara­ne ngaton­ake kabe­cikan ma­rang li­yan. Kajaba sa­ka kuwi Anubis uga kreatif, sengkud nyan­dhak gaweyan lan kaya-kaya ora duwe rasa kesel. Ing lingkungane, Anubis dikenal becik lan tanggung jawab, paling nggatekake, tur pinter ing babagan organisasi.

Kadhang kala sipate Anubis seneng ngatur wong liya murih slaras karo karepe. Sak-sak uga metu sombong lan judhese. Ndu­weni pangrasa sensitif, gampang ke­centhok. Ing babagan katresnan, Anubis bisa nguwasani rasa pangrasane, tansah kepingin aweh apa sing paling becik marang pasang­ane. Nanging pasangane malah kerep ngang­gep yen sipate kuwi posesif lan dhominan.

9. THOTH, Dewa Pendhidhikan (29 Agus­tus-27 September)
http://www.egyptartsite.com/myth/thoth1.gif

THOTH, Dewa Pendhidhikan

Watake Thoth dikenal utun, sregep, nduweni jiwa pemimpin lan sugih idhe. Merga kawi­caksanane mu­la Thoth bisa nganalisa lan ngudhari sawenehne masalah. Thoth uga seneng golek pengalaman-pengalaman anyar sing diwawas migunani. Wong-wong sing watake kaya Thoth iki pinter diskusi, lan gayane guneman nyenengake.

Nanging Thoth asring ora sranta. Kajaba saka kuwi uga gampang tidha-tidha engga ngganggu liyane. Ing babagan katresnan, Thoth ora mangu-mangu ngandharake rasa tresnane marang pasangane. Nanging yen sesambungan karo pasangane wis kemraket, malah rangu-rangu marang karo apa sing ditindakake kasebut.

10. HORUS, Dewa Srengenge (28 September-27 Oktober)
http://solarlunar.com/wp-content/uploads/2012/10/horus.jpg

HORUS, Dewa Srengenge

Kendel siji-sijine watake Horus sing paling katon. Dheweke uga dikenal gra-pyak, pinter srawung, lan uga pinter ngum-pulake kanca-kancane. Kajaba saka kuwi Horus klebu golongan wong-wong optimis lan pinter aweh pengaruh marang liyan.

Sipat optimisme Horus ora disartani karo pikiran sing realistis. Engga kala-kala dheweke cuwa banget nalika tujuwane ora kasil kaya angen-angene. Nalika ngadhepi masalah, Horus uga gampang nglokro lan pasrah. Ing babagan katresnan, Horus gampang kena pengaruh tur ora bisa ndudut keputusan kanthi rikat.

11 WADJET, Dewi Kobra Kerajaan (28 Oktober-26 Nopember)


WADJET, Dewi Kobra

Wadjet dikenal ambisi ing samubarang tumindak. Dheweke tansah ngupaya seneng marang penggaweyan sing dicandhak. Yen ana masalah dheweke bisa mikir kanthi rasi­onal kanggo nggoleki sabab musababe. Wadjet uga duwe sipat tliti lan ngati-ati. Mula lumrah yen dheweke disungkani lan miga­tekake banget marang kulawargane.

Watak liyane yakuwi pesimis, sombong, lan nganggep dhirine sing paling bener. Rasa cemburune gedhe, lan babagan kasebut ke­rep ganggu hubungane karo liyan. Nanging energi katresnane cukup gedhe senajan ter­kadhang ditutup-tutupi.

12 SEKHMET, Dewa Perang (27 No­pember-26 Desember)http://rasekhi.webs.com/SekhmetCLR2a.jpg



SEKHMET, Dewa Perang

Kekancan karo wong-wong kang awe­watak Sekhmet pancen nyenengake. Sipate humoris, seneng mbanyol, seneng guneman, mental waja, lan bisa tahan ngadhepi kahanan kang ora nyenengake. Senajan katone kaya sajak ora pati nggape, nanging imajinasine bisa mbiyantu dheweke uwal saka masalah.

Watake humoris nanging yen meneng, ora ana sing ngerti kapan anggone nuduhake rasa seneng lan susahe. Merga rasa pangrasane nuju ora kepenak, kadhangkala bisa nyababake dheweke tukaran karo liyan. Ing babagan katresnan Sekhmet kagolong tabah lan wani tanggung jawab. Najan kudu pisah karo pasangane dheweke ora katon sedhih, jalaran iya merga watak humore kuwi mau. Ewa semono dheweke ora bisa gampang nglalekake kenangan sing wis mungkur.


Oemaryanto
(saka sawetara sumber)


Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae

Beli yuk ?

 
Top