GuidePedia

 https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEhFMTRvUuNwBIW3KKlOsuQDhumQQqX5c8_yVN2au5ZUuO5IouRr1dP2uUitPIYEuS1J2OBTapa50r5as7du68SlwSFApogS4FNwhoHz_w0mJXhDQSBUOAoeEMceujMiyE1uaMJv/s1600/hannah+al+rasyid-profil+biodata-cantik+manis+artis+indonesia+blesteran-jago+bela+diri.jpg

Cita-citane Hannah Al Rasyid bisa main ing film action wusanane kasembadan uga, ya­kuwi ing film omnibus 3Sum. Ing bagean kang mawa judhul ‘Impromtu’, Hannah dadi Lina kang nduweni misi kanggo mbu­ru pawongan.

 3Sum nggabungake telung film cen­dhak kang mawa judhul ‘Insomnight’, ‘Ra­wa Kucing’ lan ‘Impromtu’, kang saben film nduweni genre kang beda yakuwi horor, drama, lan action.

“Aku seneng banget main film iki. Aku lagi main ing sawenehing film lan ora duwe jeneng kang gedhe, nanging aku pengin banget dadi bagian ing jagading perfilman. Kaya sing mbok ngerteni kabeh, aku ndhi­sike silat lan pengin banget main film action lan lagi iki kasembadan ing kene” ujare Hannah nalika jumpa pers film 3Sum ing Epicentrum XXI Kuningan, Ja­karta Selatan sawenehing wektu ke­pungkur.

“Ing kene ana adegan fight nganti take kaping 14. Nanging aku tetep semangat nindakake” tambahe.
Melu ambyur ing proyek film action mesthi wae ora adoh saka re­siko. Bab iki uga dialami dening Han­nah, yakuwi nganti nandhang lara ing bangkekane nalika latihan koreografi kanggo Impromtu.

 ”Aku sempat kelaran nalika training ing bagean bangkekanku merga kudu nendhang dhuwur. Nanging kedadeyan lucu pas syu­ting malah dialami lawan ma­inku kang njaluk dipukul temenan. Mangka dheweke kuwi sawijining stuntman, eh dheweke ngaku kelaran pas tak tendhang ing dha­dhane”  imbuhe Hannah.
Timnas Silat Inggris

Saliyane nduwe profesi mi­nangka pemain film, modhel lan presenter, artis ayu Hannah Al Rasyid iki pancen uga sawiji­ning atlet. Wanita kelairan London iki ndhisik sawijining atlet pencak silat.

Dheweke kepara tau dadi perangan tim nasional ing kutha kelairane kuwi. Ora mung iku wae, Hannah wis akrab klawan jinis bela diri kaya ngene wiwit cilik.

“Aku tau dadi guru silat lan mle­bu tim nasional ing Inggris. Dadi duwe basic bela diri, pungkasan tandhing 2007” jlentrehe Han­nah.

Mula kuwi, artis umur 26 taun iki ora pati kangelan kanggo nindak­ake adegan action ing film Impromptu kang ana ing film omnibus 3Sum mau.

Ing film garapan Andri Cung, William Chandra lan Witra Asliga iki, karakter Han­nah digambarake minangka wanita ayu kang pinter bela diri.

“Wiwit ndhisik pancen pengin banget oleh film action. Wusanane oleh uga peran ing film iki” tambahe mantan VJ MTV iki.

Hannah ngaku ora pati kangelan nalika nindakake adegan-adegan mau merga background-e minangka atlet pencak silat. Luwih-luwih, sadurunge proses syuting, dheweke sempat latihan bela diri kanthi intensif suwene rong minggu.

“Aku uga sempat latihan gerakan ta­ngan lan sikil kayadene capoeira ngono kae sadurunge syuting” ujare Hannah. Film 3Sum iki diputer ing bioskup-bioskup Cinema 21 wiwit tanggal 31 Ja­nuari 2013 kepungkur. (d)***



Beli yuk ?

 
Top