GuidePedia


https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgejOZTfunXT3zkB6S_td_EJTlReNKmWdVkiP_4NUitimXEJNkC97YIHpS-1-ahAXjZt-ojjxQLMpwLeXfNoEB4E0-ALVwcaDUBgERet_zpOELSh3lUVcG__oBP6hjWbJlrpkEH/s1600/P1090139+3.jpg
Kompleks candhi Batujaya nate dikunjungi perwakilan UNESCO

Adhedhasar bukti-bukti sing tinemu, para ahli arkeologi nduweni ke­yakinan yen kompleks candhi Ba­tujaya, Karawang, Jawa kulon mujudake komplek candhi kang kapisan sing dibangun ing tanah Jawa. Kawasan situs iki pranyata uga dadi papan kang angker sing kerep njaluk tumbal manungsa utawa kewan.

Percandhian Batujaya ing Ka­rawang, Jawa kulon kaya-kaya meh dilalekake. Kamangka situs iki tinggalane Kerajaan Taruma­negara, tur nduweni maneka ke­unikan. Keunikane antara liya, candhi mau mapan ing sacedhake pesisir lan digawe saka bata. Komplek percandhian Batujaya mujudake salah sijining jeneng lokasi situs kang dumadi saka maneka candhi. Salah sijine kang paling misuwur yaiku Candhi jiwa. Dene Candhi jiwa iku dhewe mung salah siji saka 30 candhi kang ana ing komplek per­candhian kono.

Batujaya diarani komplek percandhian merga dumadi saka kumpulane candhi-candhi kang sumebar ing maneka eng­gon. Percandhian Batujaya sing lokasine ing Kecamatan Batujaya lan Kecamatan Pakis Jaya, Karawang narik kawigaten. Sebab umume candhi-candhi ing tanah Jawa mapan ing lemah kang dhuwur sarta adoh saka lambene pesisir. Nanging Batujaya malah mapan kira-kira 4 kilometer saka pesisir. Situs 5 kilometer persegi iki ana ing tengah persawahan, ora adoh karo garis pesisir lor Jawa Kulon lan Kali Citarum. Candhi-candhi ing situs Batujaya ginawe saka bata. Kang mang­kono mau merga Batujaya dumunung ana ing papan kang endhek, adoh karo nggon-nggonane watu-watu gunung. Dene ukuran bata kang dienggo yaiku 40x20x7 senti­meter, luwih gedhe yen katan­dhing karo bata biasa. Wangune uga beda-beda diselarasake karo kebutuhan arsitektur candhi.

“Komplek candhi ing Batujaya pancen mujudake candhi kang ginawe saka bata paling tuwa sak tanah Jawa”, pratelane Judi Wah­yudin, pegawai Balai Pustaka Pe­ninggalan Purbakala Serang.

Pra Sejarah

Batujaya kalebu salah sijine desa ing sapingiring Kali Citarum, udakara 20 km sakkulone kutha Ra­ngasdengklok, Kabupaten Karawang, Jawa Kulon. Ing kampung kasebut ana sawenehing situs kang jenenge Cibuaya sing nyimpen artefak-artefak penting pra sejarah Neolitikum Jawa Kulon lan Indonesia.

Kompleks percandhian Batujaya ma­pan ing tengah sawah. Rolikur taun suwene candhi iki di dhudhuk dening para ahli arkeologi. Situs iki kinaweruhan se­pisanan ing taun 1984. Bongkahan bata-bata abang lagi ditemokake sakwise di­rekontruksi ing pungkasane mbangun candhi-candhi sing cukup gedhe. Saliyane iku ing sakupenge kompleks, uga dite­mokake tembikar, manik-manik, tablet-tablet saka lempung. Sing ngagetake uga ditemokake puluhan jrangkonge me­nungsa sing isih wutuh saka sirah nganti tumekane sikil.

“Panaliten isih diterusake sebab di­percaya ing laladan iki isih akeh maneh ba­rang-barang purbakala sing sumimpen”, pra­telane Hasan Djafar sawenehe pakar seja­rah.

Dikandhakake sa­ban­jure, saka asile panaliten diweruhi la­mun candhi kasebut yasan pucuking pra sejarah lan sejarah Indonesia yaiku ing abad 4 lan 5 Masehi. Candhi-candhi Batujaya kago­longake candhi Budha merga ginawe saka ba­ta abang kaya dene cirine candhi Budha.

Wondene tembikar lan manik-manik kang ditemokake dikira-kira asale saka jaman Neolitikum. Dene barang-barang kang sairip karo tablet sing digawe sangka lempung, tinemu tulisan cekak-cekak kang ditulis mawa aksara Palawa.

Ngruntuhake Mitos

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEi6nhfhZj9jGcq-KNostKLGXMQn2qjBMJVIfuhEQRNigvqL75I9CVzOXHjCUW-VxTC8urxP-iaOCbIt28IaE6w9cRP3-6l7pDkYWdfjK2QkACJ9Wn2efmHT4dsfjXfvea-HBIz0/s1600/c9.jpg
Candhi Blandhongan

Madege Candhi Batujaya ngruntuhake mitos kang nyebutake ing Jawa kulon ora ana candhi maneh saliyane Candhi Cangkuang utawa Candhi Syiwa kang ana ing Leles, Garut. Candhi Batujaya pra­nyata candhi kang paling tuwa ing tanah Jawa sing dumadi ing abad ka 4 lan 5. Bahan baku kang digawe saka batu uga ngruntuhake mitos umur kang luwih enom sebab sadurunge candhi sing di­gawe sangka watu-watu gunung umure luwih tuwa katimbang candhi-candhi sing digawe saka bata kaya dene candhi-candhi ing Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Aksara purbakala kang ditemokake Ba­tujaya pranyata padha karo aksara kang dienggo ing prasasti-prasasti Tarumane­gara sing ditemokake ing kawasan Jawa kulon. Ditemokake puluhan rangka ma­nungsa kang isih wutuh, nuwuhake pan­dhuga menawa candhi iki ditinggalake ora merga anane bencana alam ing candhi-candhi Jawa Tengah lan DI Ngayog­yakarta kang saperangan gedhe amerga diakibatake gunung mbledhos utawa lindhu gedhe. Situs Batujaya dijarake merga bisa uga panguwasa candhi kalah perang, keserang wabah utawa keterjang lendhut Citarum.

Candhi Batujaya awangun dhuwur rata lan babar pisan ora ana undhag-un­dhagane. Para pakar sejarah percaya menawa iku mono dhasaring stupa. Para pakar mratelakake yen Candhi Batujaya maune mung wujud sawenehing gumuk awangun oval. Ing kono nalika dianakake panaliten luwih jero, para pakar ne­mokake susunan watu bata, keramik, priyasan, lan rangkane manungsa. Saka kono para pakar nduweni dudutan me­nawa panggonan mau nate dadi pang­gonane peradhapaning menungsa purba. Saengga seprene lagi ana candhi loro kang dipugar, yaiku candhi Jiwa lan Candhi Blandhongan. Kanthi mangkono nuli padha diyakini menawa ing kono isih ana 13 candhi utawa luwih sing isih kapendhem.

Para pedunung kang manggon ing sakupenge candhi Batujaya kono kandha biyen mula papan mau mujudake papan kang angker banget. Tinemune candhi sing jenenge Candhi Jiwa kang ambane mung 19×19 mtr mau engga seprene isih mujudake misteri. Candhi iki digawekake kalen lan sakjabane kalen dikupengi pa­ger. Kanggo nggayuh menyang Candhi iki kudu ngudhuni kalen kang jero.

Candhi iki mapan ana ing wilayahe Desa Segaran. Ndhisike Candhi iki mu­judake undhug-undhugan pereng kang dienggo warga ngingu wedhus. Anehe wedhus-wedhus kang dingon ana kono dumadakan mati tanpa sebab. Ora mung wedhus, nanging warga sing tanpa se­ngaja ing papan kasebut uga ngalami lara sing ora sabaene kang wusana mati. Ya sebab lantaran kerep gawe pepati mau mula papan iku nuli dijenengake Jiwa. Wangune Candhi jiwa iki memper karo papan kanggo nyelehake ma­yit sing arep diobong. Kembang Padma symbol Agama Budha mi­nangka makutha ing perangan ndhuwur candhi digambarake kaya dene kembang kematian.

Ditunggu Siluman
Miturut kandhane Kang Sofyan kang uga sesepuh kang oleh kapitayan ngrumat candhi ing kompleks Batujaya, wiwit mbiyen mula papan iku angker. Papan sing ndhisike jeneng Unur Lempeng iku di­percaya dikuwasani dening bangsane siluman.

Dicritakake yen mbiyen ing tanah Pasundan ana sawijining kaki-kaki sing sekti mandraguna tan tedhas tapak paluning pandhe sisaning gurindra. Kaki mau rumuhun sawenehing senapati pe­rang saka Kerajaan Tarumanegara. Ke­rajaan liyane kang arep nyoba-nyoba nyerang kerajaan Tarumanegara padha wedi karo kaki-kaki panglima perang mau.

Nanging dumadakan kaki-kaki mau ngilang embuh menyang endi parane lan apa sebabe. Kabeh, utamane para pe­dunung kang manggon ing sakupenge candhi mau padha isih percaya yen kaki-kaki panglima perang mau isih manggon ing candhi. Kala-kala ing wayah purnama ana sing weruh pawongan kang me­nganggo sarwa seta karo nyengkelit pedhang mlaku-mlaku sanjabaning Can­dhi. Nanging yen ana warga sing nekat kepingin sapatemon karo kakek sing nyalawadi mau, si kaki terus wae mlebu sajeroning candhi wusana terus ilang musna.

http://www.panjebarsemangat.co.id/batujaya-candhi-paling-tuwa-sa-tanah-jawa
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae

Beli yuk ?

 
Top