GuidePedia

0
 

Munggah gunung Prastawa mbledhose gunung Sinabung lan Kelud sawetara wektu kepungkur gawe girise sapa wae sing mirsani. Muntahan lahar, wedhi, watu, lan awan panas bisa gawe patine pawongan sing urip ing sacedhaking gunung, mligine gunung sing isih aktif. Mula lumrah akeh wong tuwa menggak putra-putrane sing pengin munggah gunung.

“Munggah gunung kuwi ndrawasi! Kebak bebaya!” ngendikane. “Ora mung pas njeblug. Munggah gunung ing kalodhangan normal uga mbebayani,” ujare wong tuwa liyane.

Pancen para pendaki sing nemahi tilar donya ing gunung wis akeh. Contone Soe Hok Gie lan Idhan Lubis, pendaki saka Mapala UI, tanggal 16 Desember 1969 tiwas ing puncak gunung Semeru (3.676 dpl), jalaran ngirup gas beracun. Norman Edwin (uga saka Mapala UI), tiwas 22 Maret 1992 nalikane munggah gunung Aconcagua (6.959 dpl) Chilli.

Korban tiwas orang mung nemahi mahasiswa utawa anggota Mapala. Tanggal 21 April 2012, Wakil Menteri ESDM Widjajono Partowidagdo tilar donya nalikane munggah gunung Tambora (2.815 dpl) ing wewengkon Bima (Sumbawa – Nusa Tenggara Barat).

Sanadyan wis akeh korban mati ing gunung, nanging tumekaning saiki isih akeh para nom-noman, mligine mahasiswa sing duwe hobi munggah gunung. Malah organisasi Mahasiswa Pecinta Alam (Mapala) sansaya thukul ngrembaka ing kampus-kampus kaloka.

Saliyane Mapala UI (Jakarta), ana uga Mapagama UGM (Yogya), Wapeala Universitas Diponegoro (Semarang), Wanala Unair (Surabaya), Impala Universitas Brawijaya (Malang), Garba Wira Bhuana Universitas Sebelas Maret (Solo), MAHAFISIPPA (Mahasiswa FISIP Pecinta Alam/ FISIP UNS), lan sapanunggalane.

Saben minggu tansah ana kegiyatan munggah gunung, lan akeh-akehe para anggota Mapala kuwi bisa bali mulih kanthi kahananan slamet bagas waras. Pitakonane, yagene para anggota Mapala kuwi bisa munggah lan medhun gunung kanthi aman?

Wangsulane, jalaran duwe ilmu urip ing alam bebas. Kanthi sangu kasebut sakehing risiko sing ana ing gunung bisa diendhani. Contone saumpama keblasuk ing gunung, para mahasiswa kuwi ngerti carane golek dalan medhun, lan wit-witan apa wae sing bisa dipangan.

Satemene ana rong faktor bebaya sing njalari kacilakan ing alam bebas utawa gunung. Kapisan, kahanan saka njabane pendhaki gunung utawa kahanan alam (objective danger), kayata gas racun, udan angin (badai), hawa adhem esktrim, longsor, lsp.

Kapindho, kahanan diri pribadine pendhaki utawa subjective danger, kayata persiapan pendhakian, kahanan fisik, lan ilmu munggah gunung. Wong sing duwe ilmu munggah gu-nung temtu luwih bisa ngendhani bebaya tinimbang sing ora duwe pengetahuan bab alam.

Pendidikan Dasar Mapala
Penulis nalika isih kuliah ing sawijining universitas ing Solo, nate melu kegiyatan Pendidikan Dasar (Diksar) Mahasiswa Pecinta Alam (Mapala). Amrih bisa dadi anggota Mapala, wiwitane kudu nglakoni wawancara, tes fisik, lan uji kesehatan. Babagan iki penting kanggo mangerteni motivasi dasar, lan kahanan kesehatan calon anggota.

Sakwise kuwi nuli melu pendidikan dhasar kanthi kurikulum standar bab kepecintaalaman. Pendhidhikan dileksanakake ing njero kelas (kampus) suwene seminggu kanthi materi peralatan standar pendakian, hutan gunung (mountaineering), navigasi darat, survival (cara bertahan urip ing alam bebas), panjat tebing (rock climibing), P3K, SAR, lan susur pantai.

Peralatan standar sing kudu digawa nalika pendakian ana maneka warna. Ransel utawa carrier kanggo wadhah barang kudu kuat lan amrih becike ora tembus banyu. Prayogane nganggo sepatu khusus pendakian (sepatu tracking), utawa bisa uga sepatu tentara.

Peralatan liyane, peples banyu, jaket, klambi anget sacukupe, kaos tangan lan sikil, barang pribadi, obat-obatan prasaja, mantel (jas hujan), mbako (tembakau), uyah, bubuk kopi, korek jres diwadhahi plastik, parafin (kanggo bahan bakar), matras (kanggo dhasaran turu), parang, tali, wadhah plastik, senter, peralatan navigasi dharat (peta topografi, kompas, busur derajat, garisan, potlot), alat mangan, uga bahan pangan sacukupe.

Sangu uyah, gunane kanggo ngusir ula. Uyah disawurake ing sakiwa tengene bivak utawa tendha menawa rombongan padha ngaso. Dene mbako gunane kanggo ngusir lintah sing nempel ing kulit. Carane mbako dicampur banyu nuli ditetesake panggonan sing dicokot.

Materi navigasi dharat lan peta topografi, gunane kanggo mangerteni papan panggonan nalikane pendhaki ana ing gunung. Saumpama pendhaki keblasuk kelangan dalan, kanthi tuntunan navigasi lan peta, bakal bisa medhun gunung liwat dalan sing bener lan aman.

Sakwise kegiyatan ing njero ruang rampung, nuli diterusake praktek sakabehing materi sing wis ditampa, ing alam bebas utawa ing laladan asline, yaiku ing alas lan gunung. Praktek lapangan iki suwene uga seminggu.

Biyasane Diksar (ana uga sing nganggo istilah Diklatsar) kelompok Mapala ing saindhenging kutha Solo manggon ing tebing Karanglo (sangisore Tawangmangu – Karanganyar), kanggo praktek panjat tebing (rock climbing).

Sakwise gladhen rock climbing rampung, calon anggota kuwi nuli nglakoni long march saka Karanglo tumekaning Tlogodlingo (Cemoro Kandang/ereng-erenge gunung Lawu), adohe udakara 12 km. Papan iki kanggo praktek materi liyane, mligine survival lan navigasi darat.

Sakwise praktek kabeh materi rampung, nuli praktek materi sing pungkasan, yaiku praktek survival. Latihan kepriye carane tetep bisa urip ing gunung lan alas tanpa nggawa panganan salumrahe. Mligi kegiyatan iki suwene telung dina rong wengi.

Sakdurunge survival diwiwiti, kabeh ransel sing digawa calon anggota digeledhah dening panitia utawa senior. Panganan lumrah kayata camilan, lawuh, beras, gula, kabeh disita. Saben peserta Diksar mung disangoni banyu sak peples cilik, uyah, lan korek.

Dina sepisanan pancen isih bisa ngampet ngelak lan luwe. Nanging sakwise ngancik dina kapindho, gelem ora gelem kudu mangan saka wit-witan sing thukul ing alas. Wiwitane ya antarane percaya apa ora? Piye yen tanduran kuwi ngandhut racun? Piye yen mengko dumadakan klenger sakwise mangan tanduran alas?

Wusanane kanthi kahanan weteng kaliren, saperangan tanduran sing ana ing alas kuwi kepeksa dipangan. Tanduran sing bisa dipangan contone lumut, pucuk pinus, murbei alas, godhong semanggi, lan begonia. Yen kepeneran bisa nyawang kethek sing lagi mangan, kuwi ateges tanduran sing bisa dipangan kethek uga aman yen dipangan menungsa.

Rikala semana penulis mangan pucuk pinus lan begonia. Pranyata ya aman-aman wae. Weteng wareg, blas ora mules. Saliyane kuwi kewan sing ana ing alas, kayata kodhok ijo utawa iwak, uga bisa dipangan kanggo ngganjel weteng. Carane masak ya mung prasaja. Dibetheti nuli dibumboni uyah, sabanjure dibakar. Mak nyuss!

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top