GuidePedia

0
http://static.republika.co.id/uploads/images/detailnews/parni-hadi-_140331191017-582.jpg
Tugase pers (wartawan) salugune sairib karo para Nabi ing jaman kawuri, yaiku aweh pawarta kang ngajak marang tindak budi rahayu sarta aweh pepenget kanggo umum (umat). Ing bu­kune kang mawa irah-irahan “Jurnalisme Profetik” Parni Hadi ngajak insan pers bisa nuladha lekase para Nabi, nenulis kang ana­pas amar makruf nahi mungkar, ora kebablasen malah dadi alate pehak sing lagi kuwasa.

Buku “Jurnalisme Profetik” RIKALA Gubernur DKI Jakarta Joko Widodo resmi didhaulat dadi Capres PDIP, koran, TV lan media sosial (inter­net) rame martakake. Ning yen ing sta­siun TV One, sing digedhek-gedhekake malah bab kaya ngapa sengite budaya­wan Ridwan Saidi marang Jokowi. Liya wektu sing digiyarake bab kegagalan-ke­gagalane Jokowi ngurusi banjir lan kemacetan, sarta Jokowi sing durung kasil mberesi Jakarta wis arep nyapres. Wis ta, sasuwene Jokowi kampanye sing diangkat mesthi bab kekurangane Capres PDIP kasebut.

Ing jagad internet uga mengkono. Yen Detik.Com tansah satimbang martak­ake Capres Jokowi – Prabowo – Aburizal Bakrie lan liya-liyane, portal berita Okezone.Com sing ditonjolake uga bab serangan-serangan kang tumuju ing Jo­kowi. Malah ana koran Jakarta sing “ngla­­wan arus”. Rikala koran liyane martakake pencapresan Jokowi, dheweke gawe irah-irahan sing beda dhewe: Jokowi khianati rakyat Jakarta. Wis ta, kanggone koran mau, Capres Jokowi ora ana apike.

TV nguwasani jagad
Kaisar Prancis Napoleon Bonaparte (1804-1814) nate kandha, satus mriyem aku ora wedi, nanging yen pena (tulisan wartawan) iku sing takwedeni. PM Inggris Winston Churchil (1940-1945) uga nate pratela, pena (tulisan warta­wan) iku luwih dening landhep tinimbang pedhang. Ora keri Thomas Jefferson Pre­siden AS katelu (1801-1809) uga ngan­dhakake, “Aku milih ndarbeni pers tanpa negara tinimbang negara tanpa pers.”

Parni Hadi ing ndalem peluncuran buku asil karyane Pratelane para pinunjul iku nggam­barake kaya ngapa aji lan dayane pers tumrape bebrayan. Pers sing bisa mba­ngun opini publik (panemune bebrayan) banget diwedeni para penguasa ing ngendi wae. Mula BJ Habibie rikala isih ngasta Menristek nate nggresula gega­yutan karo dibreidele majalah Tempo (1994). Tulisane perkara pembelian ka­pal bekas saka Jerman ing majalah mau pancen njalari BJ Habibie ora bisa turu pi­rang-pirang dina, nanging saiki bisa ga­we “turu”-ne Tempo kanggo salawase.

Kadigdayane pers kanggo mengaruhi publik pancen ngedab-edabi. Luwih-lu­wih bareng pers modern wis tepung karo televisi lan jagad maya (internet), sapa sing bisa nguwasani stasiun TV lan inter­net prasasat bisa murba wasesa jagad. Mula ora elok, gegayutan karo Pileg-Pil­pres 2014 iki, para benggol parpol lan Capres-Cawapres padha jor-joran ngu­wasani koran, TV lan internet.

Hary Tanusudibyo Cawaprese Wiran­to (Hanura) upamane, dheweke darbe RCTI, Global TV, MNC TV, Sindo TV, Okezone.com. Banjur Aburizal Bakrie (Golkar) nguwasani TV One lan Anteve; Surya Paloh (Ketum Nasdem) duwe Me­tro TV. Lumantar gaman media elektro­nik kasebut, para Capres jor-joran ngo­nyol-onyolake awake dhewe minangka “Kecap Nomer Satu”. Senajan ambal-am­balan antuk pepenget saka KPI (Ko­misi Penyiaran Indonesia), dianggep mbel­gedhes. Mangka yen ngenut UU Pe­nyiaran pasal 36 ayat 4 wis digarisake: isi siaran kudu netral, ora kena mikoleh­ake marang golongan tinamtu.

Kalangan insan pers sing padha nge­mudheni media elektronik kasebut, keja­ba kaiket dening UU Penyiaran uga ke­cen­cang dening kode etik wartawan. Ning dinane iki, racake wis padha man­jil­ma dadi jurnalis transaksional.

Se­najan satemene cengkah karo ati nurani, nekad gawe garapan tayangan kejem sing mung ngongasake Capres pandarbe TV, nanging ngeblagake utawa “mateni” Capres liyane. TV One lan Anteve upa­ma­ne, yen martakake kasus Lumpur La­pindo mesthi diganti “Lumpur Sidoarjo”, awit yen nganggo istilah “Lapindo” ate­ges ngantemi Aburizal Bakrie dhewe.
Kaya nabi

Kantor LKBN lawas, berita-beritane dadi sumber resmi pemerintah Lumantar buku “Jurnalisme Profetik” (Pergulatan – Teori – Aplikasi), Parni Hadi kang mantan Dirut RRI lan LKBN “Antara” iku nyoba elik-elik utawa njewer para insan pers sing kebablasen jroning nin­dakake praktek jurnalistik. Jer yen digo­leki inti utawa sari pathine, pers mono uga ngemban jejibahan adi kanggo ngla­wan tindak kebatilan utawa amar makruf nahi munkar, kang tlonjonge kanggo me­mayu hayuning bawana (rahmatan lil alamin).

Menawa diwawas saka ilmu linguis­tik, istilah “Profetik” salugune plesetan saka tembung baku “Prophetik” kang ing basa Inggris mengku teges: kenabian. Krana mengkono werdine istilah “Jurna­lisme Profetik” yaiku: pratek jurnalistik kang nuladhani lekase para Nabi ing ja­man kawuri. Jer yen digagas klawan me­neping pikir, tugas kewartawanan iku sairib karo tugas kenabian.

Ing ndalem Qur’an Allah Swt paring dha­wuh: Lan Ingsun ngutus marang para rasul ora ana liya kejaba nekakake kabar nyenengake sarta minangka aweh pepenget. (QS Alkahfi: 56). Ing surat Alfatir ayat 24 uga dingendikakake: Sa­te­­mene Ingsun ngutus marang sira (nabi) kanthi nggawa bebener minangka kabar kang nyenengake sarta aweh pe­penget.

Tugas lan jejibahane pers ya ora adoh saka iku, aweh pepenget lan pangli­­pur marang bebrayan, saengga Parni Hadi darbe dudutan, salugune wartawan kuwi penerus lan pewaris tugas kenabian. Pa­ra nabi tumindak wewaton dhawuh lan pituduhing Gusti Kang Murbeng Dumadi sarana laku spiritual, mituhu lan eklas, sarta tresna marang sasama. Jurnalis­me Profetik semono uga, ngumpulake lan ngolah bahan-bahan saperlu digiyar­ake dadi sawijining informasi. Kanthi ngetog tenaga lan pikiran, intelektual lan spiritual, wartawan nyebarake informasi mau kanggo leladi marang bebrayan tan­pa mawas suku, ras, agama lan ideologi.

Nanging senajan lelandhesane asih marang sasama, ora ateges penggilut Jurnalisme Profetik banjur gelem dijak kompromi marang laku kadursilan, klebu ngadhepi praktek-praktek korupsi. Dhes­tun kanthi cara investigative reporting (laporan komplit penyelidikan), Jur­nalis­me Profetik tanpa kendhat nglawan ma­rang pakarti korupsi.

Minangka ngibadah
Jurnalisme Profetik kena diarani dadi “sari pathi” lan kenthosane gagasan Par­ni Hadi rikala leladi marang jagad pers 41 taun seprena-seprene, diwiwiti dadi reporter ing LKBN “Antara”, nyekel Per­wa­kilan Antara ing Jerman Barat, mim­pin koran Republika, dadi Dirut LKBN An­ta­ra, sarta Dirut RRI. Patang dekade niba-nangi ing donyaning media massa, Parni Hadi darbe dudutan, makarya dadi wartawan iku minangka ngibadah.

Wiwit jaman Orde Baru nganti jaman reformasi, Parni Hadi wis katog ngrasak­ake bungah susahe lelayanan karo pe­ja­bat pemerintah. Luwih-luwih LKBN “Antara” papane leladi mujudake kantor berita resmi negara, kang dadi barome­tere “pers bebas dan bertanggungja­wab”. Lire, samubarang kalir kang wer­tak­­ake “Antara” mesthi dijamin wis aman sakabehane.

Jamane Pak Harto sing kuwasa nganti 32 taun, kontrol pers kencenge kepati-pati. Pers kena ngritik pemerintah, na­nging aja nganti ngganggu stabilitas na­sional kang ateges ngganggu pembangu­nan. Wewaton “Jurnalisme Profetik” mau, pers kudu ngerti slah-e utawa baud golek “jalan tengah” saengga jroning mer­takake maneka warna masalah, be­ba­san kena iwake ora nganti buthek banyune. Maklum, jaman Orde Baru wis pira wae koran lan majalah sing palastra siya-siya merga kurang luwes ngritik pe­merintah.

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top