Istilah kanggo ngarani "adi yuswa", ana kang kanthi aran Manusia Usia Lanjut (manula), Lanjut Usia (lansia) Warga Usia Lanjut (wulan), Golongan Lanjut Umur (glamur), Usia Lanjut (usila). Menawa ing negara Inggris kaloka kanthi aran utawa istilah Warga Negara Senior. Organisasi Kesehatan Dunia (WHO) mantha adi yuswa dadi 4 klompok, yaiku: Umur pertengahan (middle age) 45 -59 taun, Lanjut usia (elderly) 60 -74 taun, lanjut usia tua (old) 75 – 90 tauun lan tuwa banget (very old) luwih saka 90 taun.
Dene Prayitno jroning Aryo (2002) mojar, saben uwong kang ana sambung-rapete karo adi yuswa yaiku: uwong kang umur 56 taun mendhuwur, ora duwe pametu lan ora kuwagang golek nafkah kanggo padinan. Saparinah (1983) duwe panemu, menawa ing umur 55 nganti 65 taun mujudake brok umur tataran praenisium. Ing tataran iki tembene ngalami sawernane penurunan daya tahan tubuh/kasarasan lan sawernane tekanan psikologis. Kanthi mengkono bakal tuwuh owah-owahan ing panguripane.
Semono uga batasan lanjut usia kang tinulis ing Undang-Undang No.4 tahun 1965 babagan menehi bantuan penghidupan wong jompo, diandharake: sing duwe hak oleh bantuwan yaiku: dheweke sing umur 56 taun mendhuwur. Kanthi mengkono ing undhang-undhang kasebut njlentrehake menawa adi yuswa kuwi sing umur 56 taun mendhuwur. Senajan ngono, isih dumadi pambeda anggone netepake watesan umur sawenehe uwong anggone ngebrokake minangka brok adi yuswa. Ing panaliten, sing dienggo pathokan adi yuswa umur 56 taun.
Adi yuswa, mbutuhake kawigaten gizi kang sehat. Awit, ing mangsa adi yuswa kabutuhane gizi ana owah-owahan drastis yen katandhing karo rikala ing mangsa diwasa. Kejaba kuwi merga anane owah-owahan fungsi fisiologis-e awak, uga sistem metabolik-e. Temahane ngaribawani utawa mempengaruhi sawernane perkara, kalebu kabutuhane gizi, murih oleh gizi kang murakabi.
Protein, kudu oleh kawigaten kang mirunggan, tumrap adi yuswa. Nalika umur mudha, total kekuwatane otot kuwawa tekan 30 nganti 35 persen, saka bobote awake. Malah tumrap kang seneng olahraga, bisa kuwawa nganti 45 persen. Gunggung mau nalika pawongan mau mlebu ing mangsa adi yuswa, mudhun nganti kurang saka 27 persen. Iki jalaran anane owah-owahan wigati (signifikan)) dalan metabolisme lan keperluwane awak ing babagan protein.
Kanggone pawongan diwasa, sing umure kurang saka 50 taun, padatan kabutuhane protein mung 0,8gr/kg bobote awak. Banget diprayogakake sumber protein kanggo adi yuswa, sing kapilih saka sumber protein kang nduweni kuwalitas dhuwur. Sing apik antara liya saka: iwak, daging sing diolah kanthi becik. Ngupakara utawa ngolah protein-protein sing wis katulis mau sing becik kanthi dikukus utawa digodhog.
Pawadane, nalika panganan mau digodhog apadene dikukus, komplek protein bakal pecah dadi sederhana, satemah nggampangake/ngenthengake makaryane sistem pencernaan, mligine pawongan adi yuswa. Kosok baline menawa panganan mau digoreng utawa dibakar, protein mau angel digiling (cerna), satemah ngebot-boti pakaryane sistem pencernaan.
Dene piguna utawa fungsi-ne protein ngono akeh banget, nanging sing baku yaiku: kanggo ngganti utawa regenerasi sel. Awit, ing mangsa adi yuswa, sel-sel mau cerak banget karo sing diarani rusak. Mula pigunane protein kuwi kanggo ngganti sel-sel sing rusak.
Karbohidrat. Panaliten mrayogakake/nganjurake: 130gr sabendinane. Adi yuswa sing umure luwih saka 70 taun, becike ora nginum soft drink, gula, panganan kang ngemu pemanis lan pengawet. Sing dianjurake, mangsa adi yuswa oleh karbohidrat 45 nganti 60 persen saka kabeh gunggunge energi. Sing apik yakuwi karbohidrat komplek, kayata sayuran (kangkung, brokoli, lobak hijau, terong , kentang, wortel). Woh-wohan (jeruk, pir, anggur). Polong (kacang abang, kacang ireng, dhele).
Saliyane sing wis katur ing ndhuwur, dipilihake uga panganan kang berindeks glikemik cendhek. Kaya ta: beras abang, gandum, roti putih, gethuk, lan woh-wohan sing akeh serat. Pangerten glikemik, yaiku ukuran lakune (kecepatan) panganan dikonsumsi dadi gula darah.
Panganan kang nduweni indeks glikemik cendhek, njalari krasa warege dadi awet suwe. Bab iki becik tumrap adi yuswa. Karbohidrat minangka sumber energi utama tumrap awak kanggo lakune fungsi-fungsi dhasar organ tubuh/raga, lan kanggone aktivitas fisik.
Lemak. Ana sing mojar menawa umur tuwa ora dadak mangan panganan kang berlemak. Kamangka ing umur kasebut ora ana prekara kanggo nggiling gajih sing dikonsumsi. Lemak/gajih uga dibutuhake adi yuswa. Contone, kanggo menehi energi jangka panjang, rasa wareg kang suwe, rerewang aktivasi hormon-hormon, ngayomi sel-sel awak, ngangkut vitamin larut lemak menyang sakojure awak, lan njaga suhune awak.
Lemak, kinaran mbebayani manawa adi yuswa kasebut nduweni faktor risiko kang bisa nyebabake tuwuhe sawernane lelara. Upamane ing mangsa adi yuswa ning obesitas (perkara lemak) sentral utawa obesitas abot, ana riwayat aterosklerosis, utawa lara jantung, lan sapiturute.
Rekomendasi kabutuhan lemak antarane 25 persen saka gunggung kabutuhan energi, njur ngonsumsi lemak ora luwih saka 10 persen sarta total kolesterol kurang saka 200 mg, sabendinane. Sumber gajih/lemak upamane: santen, daging babi, susu akeh lemak, lenga klapa. Dene jeroan, uteg kewan, endhog, mentega lan liya-liyane kuwi sumbere kolestrol.
Pendhidhikan gizi kanggo para adi yuswa, brok pensiunan dheweke sing ngupakara adi yuswa mujudake sawenehing perkara kang wigati kanggo nyisihi dumadine salah nutrisi kang bisa nuwuhake bab-bab kang ora nyenengake. Perkara gizi sing diadhepi para adi yuswa kang cedhak yaiku: menawa dumadi mlorode aktifitas fisiologis awak-e. Kejaba kuwi kahanan kasarasan kang ora padha, nuwuhake kangelan anggone netepake standar kabutuhan zat gizi adi yuswa.
Solusine: kudu nggatekake tatanan nyukupi gizi makro (karbohidrat, lemak, dan protein). Ora keri babagan kabutuhan serat, vitamin, lan mineral-mineral utama (kalsium, magnesium, fosfor, zink, lan sapiturute) kudu kacukupan. Utamane zink, mineral iki bisa nyepetake warase adi yuswa. (saka maneka sumber). (Mbah Met)
Post a Comment Blogger Facebook