Ana manuk cangak lumaku urut pinggring kali gedhe, sumedya golek memangsan, ora antara suwe sumurup iwak wagal akeh sarta lemu – lemu. Sanajan doyanane iwak wagal , ewadene ing nalika duwe karep mangan kang ngluwihi saka ing enak, sing dadi esthining ati iwak tambra, dadi anampik wagal. Bareng lumaku maneh, sumurup iwak jambal tuwin wader gilig piang-pirang. Sarehning sarehning kang mau nampik iwak wagal, mangsa arepa mangan iwak sokro. Mulane lumaku maneh antara suwe, nuli sumurup iwak senggaringan siji cedhak lan gethek, rada kaling – kalingan lumut. Ciptane manuk cangak : “ Ngisin –isini temen mangan iwak senggaringan . Iku dudu pangananku, awit aku tau mangan wagal, apa aku ndadak ngilang-ilangake kangelan teka mangan senggaringan , wader pari utawa sili. “
Cangak nuli gegancangan bali marang panggonan kang akeh wagale mau , ananging wus ora ana iwak kemliwer. Saking sengkuding lumaku, kongsi bangeting ngintir – intire . saupama ing nalika iku ana iwak senggaringan , mesthi iya enak. Wasana kang apik ing pamilihe mau , marem oleh kodhok kang alot daginge.
Eliding dongeng mangkene : sing sapa nampik samubarang kang becik, angarep – arep kang luwih prayoga, iku kerep oleh kang ala dhewe.
Tegese tembung :
sumurup = weruh
surup = 1. lebu, manjing, mlebu 2. lumebu ing 3. mlebu tanceping langit tumrap srengenge 4. wayah sore (srengenge angslup) 5. omah utawa pekarangan (kanggo petungan) 6. kawruh , pangerti marang
disurupi = 1. dileboni, dipanjingi 2. dianjing (ditlesepi) 3. diudhoni rembug (gunem, lsp) 4. ditaker maneh.
disurupake = 1. dilebokake, diangslupake 2. dibgathukake karo, dipetung minangka dadi 3. dituduhake (dikandhani, diwehi weruh, dingretekake)
sesurupan = 1. kawruh, pangerti 2. petung – petungan utang.
wagal = arane iwak loh.
esthi = (kw) maksud, karep, sedya, niyat, jangka.
jambal = 1. iwak daging kaworan daging 2. arane iwak kali 3. arane soga jarit pekalongan
gegancangan = rikat-rikatan, enggal-enggalan
prayoga = becik, pantes.
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !