Ana kucing lanang siji , saking bisane dhepe – dhepe sarta muni ngasih – asih , banget disihi ing bendarane. Bareng asu, dhasar kang rumeksa ing omah, seru panjuguge , yen kerah rosane ngluwihi, teka ora katiban sihing bendara. Yen kang duwe omah mangan, kucing diwenehi kang enak – enak sarta empuk – empuk, dene pandumaning asu mung roti bawuk lan banyu. Ananging ora antara lawas salin lelakone.
Anuju sawijining dina wus mangan, piring – piringe durung disinggahake, diparani asu. Bareng lagi wiwit didilati , kucing enggal teka ambekis kambi makungkung, agawe kageting asu. Pratingkahe kucing mangkono iku ngewak-ewakake banget, sarta sarta agawe nepsune bendara, dadi sarana wewulang , sarta ngelingake ing bebener. Wiwit nalika samono lorodaning bendara dadi bubuhaning asu. Bubuhane kucing mung andilati piring bae.
Eliding dongeng mangkene : wong drengki lan kethaha iku wus benere ora oleh samubarang kang becik.
Dipethik saka : Layang Sato Kewan, CF Winters
Tegese tembung :
dhepe – dhepe = ngempek – empek (ngrampek) njejaluk
ngasih – asih = njaluk ditresnani, njaluk diasihi.
bawuk = warna semu biru utawa klawu reged
disinggahake =disimpen
ambekis = nywara santak (nelakake orang seneng, muring)
lorodan = lungsur, dilorod = dilungsur.
bubuhan = wuwuhan, ditumpa-tumpa
drengki = meri, melik marang kabegjane liyan, ora seneng yen wong liya oleh kabegjan.
srei = kumudu – kudu njaluk menang.
jail = seneng maeka ing liyan
jail methakil = wong ala atine seneng maeka ing liyan
kethaha = kumudu oleh akeh (murka)