GuidePedia

0

Tambah maneh kawruh kita. Pranyata tahu minangka panganan wajib ing menu (panganan kang disuguhake) padinan. Manut panaliten paling anyar, kandhutan peptidane dhele njero tahu duwe kekuwatan bisa ngrendhetake tuwuhe sel kanker.


Tahu bisa ngeker lara kanker

Kejaba rasane enak, lan bisa diolah dadi maneka warna masakan, sasuwene iki tahu disumurupi lan wis kondhang minangka salah siji sumber protein nabati. Nanging panaliten ngenani panganan sing siji iki miyak mupangate kang luwih gedhe tinimbang saka tahune dhewe.

Panaliten saka University of Arkansas ing Fayetteville mencilake (isolasi) peptida dhele (asam animo). Isolasi ditindakake klawan ngilangake lenga, serat, lan karbohidrat saka dhele. Banjur ditambahake peptida kang saguh nuwuhake kanker. Asile, peptida dhele bisa ngrendheti tuwuhe sel kanker kolon nganti 73 persen, sel kanker hati nganti 70 persen, lan kanker paru nganti 68 persen.

Para panaliti ngira, peptidane dhele ngrendheti siji utawa luwih jalur penanda ing sel kanker kang diperlokake kanggo ijol-ijolan gas lan nutrisi kang dibutuhake kanggo tuwuhe kanker. Jalaran jalure dialang-alangi, mula tuwuhe sel kanker saya alon.

Sadurunge, sawijining panaliten ing Departemen of Enveronmental Science, Policy and Management, UC Berkeley uga ngandhakake yen tahu iku uga mupangati kanggo ningkatake vitalitas ing peturon alias ngundhakake ‘kualitas seksual’. Awit, protein nabati kang kinandhut dening dhele kang wis diolah dadi tahu, pranyata bisa ningkatake kadar hormon seksual. Senyawa kasebut jenenge estrogenik utawa fitoestrogen.

Ing panaliten sing mbutuhake wektu suwe sewelas sasi kuwi, obyek panalitene yaiku primata sajinis monyet karan red colombus monkeys saka negara Uganda. Dikandhakake, manungsa uga bakal ngalami efek kang padha karo monyet kasebut. Tingkah polahe primata kasebut sajak agresif lan aktif sacara seksual, nanging kurang anggone grooming utawa ngrumat awake.

“Ya iki panaliten wiwitan kang migunakake setting alami lan aweh bukti menawa senyawa kang ana ing tetuwuhan pranyata bisa gawe pengaruh langsung tumrap fisiologi lan tingkah polahe primata umbaran liwat sistem endokrin primata kasebut,” kandhane Wasserman.

Dijingglengi kanthi premati menawa primata alas kasebut akeh mangan sajinis tanduran kang isih saklompok karo jinis dhele lan nduweni kandhutan senyawa fitoestrogen dhuwur. Kaya uga kang kinandhut ing tahu lan tempe sarta kedhele. Asil panaliten kasebut wis dibiwarakake ing jurnal Hormones and Behavior.

Amarga kandhutan proteine sing dhuwur iku, negara Amerika Serikat nate nganakake panaliten mligi marang tempe. Lan saiki ing negara adidaya kasebut ana wong Indonesia sing bukak usaha gawe tahu lan tempe kasebut. Larise ora jamak nganti kuwalahan. 

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top