GuidePedia

0
Sore iku watara jam 3 nan, Bapak lan Ibuku lagi ibut reresik pekarangan mburi omah cedhak blumbang. Mer­ga woh kopine wis abang-abang nedheng diarah, nanging ngisore sukete njembrung, mula wong loro iku kerja bakti ngresiki. Bapak ngasta pacul dene Ibu ngasta arit lan sapu sada, langsung ngresiki suket kang ana ing batur mburi omah.


Lagi asyik-asyike nggom­brangi suket, du­ma­dakan Ibu mbengok merga ana tawon ing irunge Bapak “Awas Pak… awas anteng, anteng aja obah…!” ngo­no ngendi­kane Ibu. Bapak kang lagi jumeneng ing pinggir blum­­bang bingung, lang­sung anteng karo ngen­dika “Ana apa? Ana apa…?” “Wis pokoke an­teng aja obah…!” Ibu te­rus njupuk sapu sada kang ora adoh ing sisihe, sapu iku terus disabetna ing irunge Bapak kanggo nyablek tawon iku.

“Adhuuuh…. biyunge… laaraa…!” Bapak jerit-jerit, amar­ga saliyane pedhes disabet sapu uga tawone nyambi ngentup irunge Bapak. Alhasil esuke Bapak irunge abang tur abuh ge­dhe amarga dientup tawon. Ba­pak, luwak mangan tales, awak yen lagi apes. Apa tumon, sapu sada nggo nyapu irung??

(Eka Nuranisih, Banjarnegara)




Sandhal

Januari wingi jurusanku nganakake Kuliah Kerja Lapangan (KKL) menyang Bali. Wengi sakdurunge udakara jam setengah 12, aku Setiani lan Tri kancaku sakjurusan padha omong-omong­an neng ngarep TV lantai siji kosku.

“Nyong sesuk nggawa sandhal apa ya? Nyong lali ora tuku sandhal, nduwe sandhal sepasang bae karek siji” ngomonge mbak Set karo dialeke sing ngapak. Set iku olehku ngundang Setiani.

“Lha sandhalmu sijine ilang ngendi?” takonku penasaran.

“Alah ning mburi kae lho ya akeh sandhal” omonge Tri karo dolanan hapene.

“Nyong wingi kang ngeterke sapa ya? Nek ra salah, si Antik neng stasiun. Mulihe, neng lampu abang Karyadi, ngenteni ijo se­dhela. Ning mburi nyong ki supir angkot, bapak-bapak sepedha motoran, lha sampinge nyong cah SMA, mburine cah SMA kuwi pulisi enom gantenge Poll. Aku ndeleng ka spion.”

“La apa hubungane karo sandhal” takone Tri

“Lha kuwi, aku kan nembe geleng-geleng nyanyi, bareng ijo aku ngegas motor langsung. Sandhale siji keri merga sandhale mau ora sengaja tak copot. Ameh tak jupuk wis kadhung mlaku. Isin ra nyong, tak tutup kaca heleme padha baen, nembe kelingan nyong nyilih heleme Haifa, kacane bening. Tak delok saka spion wong-wong padha ngguyu, pulisine ngguyu, ah jablas wae tekan kos sandhalan siji”

Spontan aku lan Tri ngguyu banter banget ora maelu wong-wong padha turu. Lah ya ora neng kampus, ora neng kos kok nggawe polah aneh-aneh ta mbak Set? Hehehe.

(Nancy Vania-Blora)




KLIRU PANAMPA

Pak Marji nduweni kekarepan nggelar acara genduri ana ing omahe amarga mrangguli mbahe dina anggone mbahe tilar ndonya limang taun ka­pungkur. Kaya padatan ana ing Dusun Krajan, acara genduri biyasane kagelar ing bakda Magrib.

Sawise kabeh tangga teparo wus padha teka, sabanjure ana saperangan sing teka ngewangi nge­tokake ambengan kang wis karakit ana ing pawon.

“Sinten Pak Amat ingkang dereng rawuh?” pitakone Pak Marji.

“Mbah Slamet. Niki wau piyantune nembe kundur saking sabin,” tumanggepe Pak Amat.

“Enggih, menawi mekaten acaranipun dipun wi­witi mawon sekaliyan ngrantos rawuhipun Pak Sla­met. Pak Amat kula nyuwun tulung panjenengan supados ngabulaken kajat niyat kula. Maniko dugi pangeling-elingipun Mbok Srianah,” ature pak Marji marang Pak Amat, piyantun kang wus biyasa ka­dapuk dadi tukang kajat.

“Enggih pak,” tumanggepe Pak Amat karo nyecek udhutane.

Ora suwe acara genduri ana ing kono ka­wi­witan. Ora suwe katon kledange Pak Sla­met saka plataran.

“Mangga Mbah Met, pinarak,” ature pak Marji rada banter.

“Iya Dhik Ji, wis kene wae,” tumanggape karo ngunjal am­began lan lungguh ana ing sacedhake lawang.

Mbah Slamet kalebu sesepuh ana ing kampung kono, sanajan ragane isih katon sehat ananging dheweke rada suda pang­rungon. Sapa wae kang ngendikan karo dheweke kudu rada banter supaya keprungu cetha.

Pak Amat kang kadhapuk dadi tukang kajat wus rampung anggone nindhakake kewajibane. Sabanjure ing pungkasan acara kaya biyasane kudu ana wacan donga. Kabeh kang ana ing kono sawetara meneng amarga durung ana kang kadhapuk dadi tukang donga. Pak Imam kang lungguh ana ing sacedhake Pak Amat ndhuweni inisiatip maca donga supaya acarane enggal rampung.

Mrangguli Pak Slamet lungguh ing sajabane lawang amarga dheweke tekane wus telat, salah sawijining warga njur ngaturi dheweke supaya mlebu ana ing sajeroning omah. Ananging ka­tone Pak Slamet kliru tampa. Kanthi swara kang banter dhe­weke malah paring wacan donga. Lha kabeh sing padha ngamini dongane Pak Imam banjur padha meneng saweta­ra. Amarga kabeh padha kaget lan ora kuwat ang­go­ne ngempet ngguyu. Semono uga Pak Imam kang ndongani nuju ing pungkasan sawetara uga meneng.

“Gek piye ngene iki. Dongane kok dhobel, endi sing kudu diamini?” ature Erwin kang katon bi­ngung.

(Irwan Yuni Suryanto, Tulungagung) 

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top