Sadurunge ngrembug ater-ater KA ing basa Jawa anyar, ora ana alane nginguk ater-ater KA ing basa Jawa kuna. Ing basa Jawa kuna ater-ater KA kang sumambung ing tembung kang apurwa swara mati (konsonan) trape mung bares , tuladha : katon, karengo, katinghalan, kasiratan, kasongan. Dene yen kasambung ing swara urip (vocal) lumaku “hukum sandi “ kayata : ka + ucap > kocap, ka + ungas > kongas, ka + ilu > kelu, ka + imut > kemut, ka + intar > kentar. Dene tegese ater-ater KA ing basa Jawa Kuna padha karo DI (DI Ind), WIS DI (telah di ), utawa ora sengaja (ter, Ind). Ing basa Jawa Kuna ora ana ater-ater KE.
ATER-ATER KA LAN ATER-ATER KE
Ing basa Jawa Anyar ana panemu ing antarane ahli basa Jawa yen maknane iku dijarag ateges nganggo ater-ater KA dene yen ora kejarag kalebu ater-ater KE. Nanging uga ana tetembungan sing sok lira-liru antarane ater-ater KA lan ater-ater KE . Perlu dimangerteni yen ing basa Jawa Kuna ora ana ater-ater KE. Umpamane tembung , KAOBONG, KOBONG lan KEBONG.
KAOBONG cetha tegese yen diobong, KEBONG cetha tegese yen ora dijarag (disengaja) dibong, KOBONG ? Dijarag apa ora ? Saliyane iku ana uga tetembungan kang apurwa vocal kang luluh nanging ana uga tembung kang apurwa vocal sing ora luluh. Tuladha :
1. Kembang Adenium iku saiki wis ora tau KOCAP. Linggane UCAP.
2. KOCAP kacarita ing negari Ngalengka, prabu Dasamuka nembe lenggah siniwaka. Linggane UCAP.
3. Swara u miring KAUCAPAKE o. Linggane UCAP.
4. Kalungku KELI ing kali gedhe. Linggane ILI.
5. Banyu iki KAILEKAKE menyang sawah Kedhung Adhem. Linggane ILI.
6. Asune mati DIKELEKAKE kali. Linggane ILI.
ATER-ATER KA ING BASA JAWA ANYAR.
1. Ater-ater KA yen kasambung ing tembung lingga kang apurwa konsonan (swara mati) trap-trapane bares wae. Tuladha :
a. ka + tulis > katulis tegese ditulis.
b. ka + gambar > kagambar tegese digambar.
c. ka + jupuk > kajupuk tegese dijupuk.
d. ka + tigas > katigas tegese ditigas.
e. ka + sambung > kasambung tegese disambung.
2. Ater-ater KA yen kasambung ing tembung lingga kang apurwa swara urip (vocal) , swara urip ana sing luluh nanging uga ana sing ora luluh, tuladha :
a. SING LULUH
i. ka + ucap > kaucap > kocap tegese diucap
ii. ka + unjuk > konjuk
iii. ka + undur + an > konduran
iv. ka + intir > kentir.
v. ka + ilu > kelu
vi. ka + ewuh > kewuh
vii. ka + iguh > keguh
viii. ka + eling + an > kelingan.
ix. ka + eyub + an > keyuban
x. ka + ilang + an > kelangan
b. SING ORA LULUH.
i. ka + utang > kautang ,
ii. ka + ucap + ake > kaucapake
iii. ka + usap > kausap ,
iv. ka + unjuk > kaunjuk
v. ka + udhal > kaudhal
vi. ka + ukum > kaukum
vii. ka + eksi > kaeksi
viii. ka + etung > kaetung.
ix. ka + ider + ake > kaiderake.
x. ka + iber + ake > kaiberake
xi. ka + ineb + ake > kainebake
xii. ka + iring + ake > kairingake
c. ANA SING NYEBAL (PAKAJABAN)
i. ka + ijen + an > kijenan.
ii. ka + imbuh + an > kimbuhan.
iii. ka + ineb + an > kineban.
iv. ka + isi + an > kisen
v. ka + isin + an > kisinan.
vi. ka + inggil + en > kinggilen.
3. Tembung kang nduweni ater-ater KA yen kawuwuhan panambang I, panambang I mau owah dadi panambang AN, tuladha:
a. ka + jupuk + I > kajupuki > kajupukan.
b. ka + linggih + I > kalinggihi > kalinggihan.
c. ka + wuwuh + I > kawuwuhi > kawuwuhan.
d. ka + wasta + I > kawastani > kawastanan
e. ka + dhawuh + I > kadhawuhi > kadhawuhan.
4. Gunane ater-ater KA .
a. Ater-ater KA kanggo mangun tembung kriya tanggap (kata kerja pasif), tuladha : kajupuk, katulis, kagambar, kagepok, kasenggol, lsp. Rimbage diarani rimbag BAWA KA.
b. Ater-ater KA kanggo mangun rimbag ADIGUNA (KA + LINGGA + EN) bebarengan karo panambang en (konfik ka – en), tuladha : kadhuwuren (kedhuwuren), kalegen (kelegen), kaminggiren (keminggiren), lsp.
c. Ater-ater KA kanggo mangun rimbag BAWAWACAKA ( KA + LINGGA + AN) bebarengan karo panambang AN yaiku mangun tembung kriya tanggap kang nduweni teges padha karo di + lingga + I , tuladha : katekan, kadhupakan, kapurwakan, karaketan, kawuwuhan, lsp.
d. Ater-ater KA + LINGGA + AN uga nduweni guna (fungsi) mangun tembung aran (kata benda), tuladha : kalakuan, kasugengan, kadigdayan, kapinteran, kabudayan, kalairan, lsp.
e. Ater-ater KA lan panambang AN (konfik KA-AN) ana kang nduweni teges panggonan, tuladha : kalurahan, kabupaten, karajan (krajan), karaton (kraton), kamantren (kemantren), kaputren, lsp.
f. Apa bedane antarane KA + LAKU + AN > KALAKON karo KA + LAKU + AN > KALAKUAN ?
Bedane : KALAKON kalebu tembung kriya tanggap, dene KALAKUAN kalebu tembung aran, tuladha ukarane :
i. Aku kepingin banget dadi bupati, nganti saiki durung KALAKON.
ii. KALAKUANE Kampret ora pantes ditiru.
Post a Comment Blogger Facebook