GuidePedia

0
http://1.bp.blogspot.com/-Xu9Ce4YpR-Q/TW9w9x9saVI/AAAAAAAAB30/MwHGSf18Gc8/s800/Hijab%2BScarf%2B3.JPG

“Never say good bye just see you later…” mangkono ujare bang Joel nalika nguntapake lakuku ninggalake pantai Lampuuk, Lhok Nga, Aceh. Kira-kira mangkene maknane, “Ora paring salam pepisahan, ananging sugeng pepanggihan malih.”

Rambu-rambu dalan mawa aksara Arab

Kanggoku pribadi pengine ya mangkono. Rong dina rong bengi ngenggar-enggar ati ing papan kono, rasane panggah kurang suwe. Saben isuk umun-umun keprungu jumlegure ombak segara. Banjur srengenge mlethek mratandhani rina kawiwitan. Wayah sore, sesawangane ora kalah nengsemake.

 
Dalan tumuju Titik Nol

Pantai Lampuuk mono mujudake salah sijine papan wisata ing Aceh. Kang narik kawigatenku sadurunge mrana, yaiku panginepan kang wujud bungalow lan madeg tumemplek ing watu karang. Uga ana bungalow kang madeg ing sandhuwure kolam.

Bang Joel, kang nduweni papan kasebut, kersa mbagekake tekane penulis sarowang, lan tansah migatekake kapreluane tamu ing kono. Jebul biyene priya kasebut urip nang Eropa pirang-pirang taun. Sawise tsunami banjur pulang kampung lan madegake papan plesiran iku.

Panginepan, restoran, uga layanan jasa liyane kanggo wisatawan. Kaya nalika penulis prelu pemandhu lan angkutan, dheweke wus nyepakake. Lan ora mokal, yen menu andhalan ing restorane yaiku pizza. Kaprigelan wektu nang Eropa dicakake Joel kanthi nglatih remaja saka papan kono, kang padha kelangan kulawargane amarga tsunami.

 
Pucuking lampah ing pulo Sabang yaiku Titik Nol Kilometer sisih kulon Indonesia

“Kabeneran, wektu semana sing akeh mara ing kene akeh-akehe bule,” kandhane Joel. Yaiku para relawan saka sakehing negara, kang aweh pambiyantu kanggo pemulihan pasca tsunami. Hya mula pizza bisa dadi tamba kangen. Lan ora suwe dadi menu kang banget larise.

Jam pitu bengi ing pantai Lampuuk isih katon padhang. Pasir putih, ombak segara, lan surya kang wiwit angslup, mujudake sesawangan kang edi, apamaneh dinulu saka emper bungalow.

Titik Nol Kilometer

 
Sesawangan sadawane dalan tumuju Titik Nol

Dina candhake penulis nyebrang menyang pulo Sabang. Yen kelingan lagu “Dari Sabang sampai Merauke”, ya iki papan kang sinebut pucuk kulone Indonesia.

Kanthi numpak ferry cepat, watara 1,5 jam wis tekan pulo kasebut. Ing kana, lumrahe padha nyewa sepedha montor. Saben sepedha diregani satus ewu sedina. Wong kang nyewa uga langsung diwenehi peta pulo Sabang.

Dalan tumuju titik nol kilometer kapetung alus. Rambu-rambu ing sadawane dalan tinulis nganggo aksara Arab. Sansaya cedhak titik nol, dalane rada nyiut lan kelak-kelok. Ing papan iku ana tugu kang mratandhani pucuk kulone nuswantara.

 
Masjid Agung kang wus kawentar

Salumrahe papan wisata, ana warung-warung kang nyedhiani panganan. Kopi, kang inuman wajib ana. Dene jajan liyane saemper karo ing ngendi papan. Gedhang goreng, bakwan, lan rujak.

Saliyane marem, bisa tekan papan iku njalari penulis mantepake pangangen-angen. Pucuk kulon kelakon, pucuk wetan kapan? Pancene plesir menyang papan iku, budhal saka Surabaya, kapetung ora murah. Apamaneh yen menyang Merauke ing pulo Papua kana.

Sadawane dalan mudhun bali menyang pelabuhan, ana saweneh gisik kang endah. Pantai Gapang, Iboih, Lhong Angen, Pasir Putih, Pantai Kasih, Pantai Sumur, uga Anoi Itam. Dolanan pasir putih, utawa jagongan ing pinggir gisik ngrahabi iwak laut bakar, jan-jane banget nyenengake.


 
Ojek ing Aceh bisa ngangkut rong penumpang

Emane wektune ora dawa, saengga penulis mung kober mampir ing Gapang. Banjur bali maneh menyang pelabuhan Balohan saprelu numpak ferry menyang Banda Aceh. “Yen kepengin marem pancen kudu nginep ana pulo Sabang,” jlentrehe Firdaus, tour guide kang mandhu ing kana.

Museum, Kapal, Mi Kepiting

Dina candhake penulis plesir ana tengah kutha. Kaya adate wisatawan, kang dituju Museum Tsunami. Ana ing kono ana tayangan tsunami, uga dokumentasi wujud foto lan gambar. Ora beda karo kang asring dipacak ing media massa utawa ditayangane maneh ing tivi.

 
Kaendahan danau lut tawar ing Takengon

Pangangen-angene penulis, eman dene ora ditambahi dokumentasi kahanan Aceh zaman saiki. Tsunami wis meh 10 taun kepungkur. Aceh uga wis binangun lan ngrembaka. Yen dokumentasi kasebut kapacak, mbokmenawa sansaya narik kawigatene calon wisatawan.

Ing njeron menara ing museum iki katulisake jeneng-jeneng para kurban tsunami. Ora kabeh pancene, mung saderma kanggo simbol bae. Ing pucuking menara katon aksara Arab “Allah”. “Iku ngemu surasa, kabeh manungsa, kalebu kurban tsunami, bakale katimbalan ngarsane Gusti,” kandhane Firdaus.

 
Panginepan ing Joel Resort pantai Lampuuk

Kapal uga dadi tujuan wisata. Ana loro, yaiku kapal nelayan lan kapal PLTD apung. Kapan nelayan manggon ing Lampulo, asring disebut kapal nabi Nuh. Biyen, kapal iki katarik ombak tekan laut, mula warga kang kentir bisa munggah. Banjur kajurung ombak tekan daratan, ora suwe bali katarik maneh menyang segara. Bola-bali nganti kaping lima, sabanjure temangsang ing sandhuwure omah warga. Kanthi nylametake wong cacah 59.

Dene kapal PLTD Apung, mujudake kapal kanthi bobot 2600 ton. Saiba rosane ombak tsunami, saengga kapal kasebut ketarik menyang daratan. Wisatawan bisa munggah ing sandhuwure kapal iku. Katon ana jangkar gedhe, uga teropong.


 
Jam pitu bengi ing pantai Lampuuk Lhok Nga isih katon padhang

Ing tengah kutha Banda Aceh uga tinemu kuliner khas yaiku mie Aceh. Manut marang tour guide, warung kang dipilih aran Mie Razali. Mi godhog mawa kepiting unggulane. Kepiting gedhene siji wutuh, ditambah kepiting soka siji. Yaiku kepiting kang empuk lan bisa dirahabi sacangkange. Mi goreng cumi uga ora kalah sedhepe.

Kopi lan Jaran

Anggone penulis ora suwe-suwe plesir ing satengahing kutha, amerga bengine arep budhal menyang Takengon, kabupaten Aceh Besar. Numpak angkutan L300 watara pitung jam.

 
Salah sawijine kapal kang muat penumpang saka Banda Aceh menyang Pulo Sabang

Isuk mruput tekan kana, panginepan kang dituju jebulane kebak. Nggumune, sopir angkutan kersa ngeterake menyang panginepan liyane lan ngancani takon-takon. Pokoke ora bakal ditinggal yen penumpange durung antuk papan kanggo ngaso.

Takengon pancen ora asring antuk wisatawan. Mula ora akeh tulisan ing media massa ngenani papan iki. Kamangka, ana Danau Lut Tawar kang banget endahe. Katon bening, pinayungan langit biru. Sakupenge katon ijo royo-royo, tetuwuhan alas lan uga kebon kopi.

 
Kapal PLTD Apung

Ing Takengon, samubarang pakaryan manungsa kabiyantu dening turangga alias jaran. Ya ngangkut barang lan penumpang, uga nggaru sawah lan kanggo hiburan. Mula meh saben omah ana jaran ing pekarangane.

Kepener nalika mrana, warga Takengon lagi meh ngleksanakake lomba balap kuda. Wola-wali penulis ketemu jaran-jaran kang nembe dilatih. Pancene penulis olehe tekan sacedhake papan kono numpak becak saka tengah kutha Takengon. Banjur mecaki dalan turut pinggiring danau kanthi mlaku. Karepe mono ben marem ndulu sesawangan, lan mesthi bae njupuk gambar.

 
Kapal apung kang kasil nylametake warga nalika tsunami

Katog nyawang danau lan foto-foto, penulis mampir ing warung kang adol iwak bakar. Ana ing danau pancen akeh karamba, papan kanggo ngingu iwak. Iwak banyu tawar, dudu iwak laut. Saliyane iwak kang wus mateng lan sumadya, bisa uga milih dhewe kang isih seger. Banjur lagi dibetheti lan dibakar, nganggo mawa areng kang dipapanake ana wadhah dawa awujud saemper kapal. Unjukane, mesthi bae kopi Gayo, kang dadi ciri khase Takengon.

Kopi mono uga mujudake asil bumine Takengon. Ing pasar bisa milih kopi bubuk, saka wungkusan sa-ons nganti sakiloan. Utawa kopi kang isih wujud wiji, kang wis digangsa. Sekilone rata-rata suwidak ewu.

 
Akeh wisatawan manca kang kepengin ngerti endahe pulo Sabang

Bengi iku uga penulis numpak angkutan bali menyang Banda Aceh. Kaya wis maklum marang wisatawan, panginepan ing kana ora netepake jam sewa kaya adate, yaiku check in jam 12 awan lan check out jam 12 dina candhake. Kanggo wisatawan kang tekan kana isuk, diparingi wektu nyewa kamar tekan bengi, dietung tarif sedina. Nyocogake butuhe tamu, kaya penulis kang saprelu ngaso ngenteni padhang, adus, dolan, banjur sore bali mrono maneh saprelu adus lan ngenteni dipethuk angkutan.

Pesawat Seulawah kang Ngemot Sejarah
 
Pesawat Dakota RI 001-Seulawah

Tekan Banda Aceh maneh isih esuk umun-umun, penulis bali menyang Joel bungalow. Ngenteni padhang banjur nyewa sepedha motor (nang kana arane kereta) dolan maneh menyang tengah kutha. Yaiku menyang monumen pesawat Dakota RI 001 kang aran Seulawah.

Sepi, blas ora ana wisatawan mrana wektu kuwi. Kamangka, Seulawah banget ngandhut sejarah. Pesawat iki disumbangake dening Rakyat Aceh rikala zaman perang mungsuh Walanda. Kanthi montor mabur iki, blokade Walanda bisa katrobos, saengga komunikasi antarane dhaerah-dhaerah ing Sumatera klawan pamrentahan pusat kang wektu iku mapan ing DI Yogyakarta, bisa lancar.

Nyatane, Aceh ora mung papan kang bola-bali gawe goreh, kaya berita ing tivi. Akeh sesawangan lan obyek wisata kang nengsemake. Iku bae durung kabeh kaambah. Plesir bareng kulawarga, banget cocoge. Apadene kanggo bulan madu, pas romantise. Saliyane seneng-seneng, ngelingi sejarah lan kabudayan, hya netepi rasa handarbeni marang bumi pertiwi.  
 

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?