GuidePedia

0
 http://cdn.sindonews.com/dyn/800/photos/2014/04/04/6484/21559_large.jpg
 
Gubernur Jatim DR H Soekarwo nalika nyambangi Didik Susanto (tengah) Mesakake pancen nde­leng nasibe keluwargane Nurul Faridatul Hasana (18). Nasib sing mrihatinake iki klakon ngundang kawigatene sakehing pehak. Sa­wise Kadinkes Surabaya Febria Rachmanita lan Kadispendik Ik­san, giliran Mendikbud Moham­mad Nuh, lan Gubernur Jatim Soekarwo, sarta Kepala Dikbud Jatim Harun ganti kang rawuh menyang omahe Nurul. Para pe­jabat kasebut ndherek paring da­lan becike slaras karo wenange dhewe-dhewe.

Lho apa masalahe? Pranyata, Nurul sing isih kelas XII SMAN 3 Surabaya iki nedya arep ngedol ginjele klawan rega Rp 70 yuta kanggo nambakake bapake, ibu­ne lan adhine sing lagi lara.

Dening Kadinkes Febria Rach­manita, telu-telune langsung di­priksakake ing RSUD dr Soewan­dhie. Kejaba iku, dening Guber­nur Jatim Soekarwo, sekabeh­ane dipriksakake menyang RSUD dr Soetomo. Dheweke kabeh uga di-rongent kanggo nyumu­rupi penyakite,” ujare Febria.

Asile sawatara saka peme­riksaan kasebut wis bisa disu­murupi. Sadurunge Nur Hayati disebutake lagi nandhang lara kista, nanging adhedhasar pe­meriksaan sawatara, mung nan­dhang infeksi lan ing saluran ba­nyu senine ana watune. Dene Nur Ayu, pancen ana prongkolan utawa tumor ing kupinge sisih kiwa. Malah, adhedhasar peme­riksaan, klebu foto toraks, dhe­weke uga suspect tuberkulosis (TB). “Nur Ayu iku suspect TB, nanging durung tamtu TB,” jlen­trehe. Didik dhewe nuduhake kahanan kang ora sepira nemen. Dheweke mung kaserang stroke, nanging isih ing golongan entheng.

Sawise dianakake pemeriksa­an, telu-telune pasien iki dite­tepake nindakake rawat jalan. Febria meling, utamane marang Didik, supaya tansah ngontrolake kesehatane. Sebab, nalika nin­dakake tes, tekanan darahe Di­dik cukup dhuwur, yaiku 150/100 mmHg. Bab kasebut diang­gep mbebayani, utamane tum­rap pawongan kang wis nate ke­taman stroke.

Febria nambahake, kabeh ra­gad pengobatan marang kula­warga kesrakat kasebut bakal ditanggung Dinkes Surabaya. Sa­liyane iku Dinkes bakal ngu­rusake JKN (jaminan kesehatan nasional). Sebab, Badan Penye­lenggara Jaminan Sosial Kese­hatan (BPJS) mung nanggung ra­gad mertamba nganti anak nomer telu. Mula iku, pehake ba­kal nanggung supaya pengo­batane Nur Ayu bisa gratis. Klebu nanggung ragad transportasi nalika mertamba.

Gubernur Jatim Soekarwo sing paraban akrabe Pakde Kar­wo iki uga nyambangi warga Bu­lak Banteng, Kenjeran, Surabaya kasebut nalika priksa menyang RSUD dr Soetomo. Kejaba iku Pakde Karwo uga nyambangi omahe Didik Susanto, mesisan paring bantuwan kehe Rp 30 yuta.

Pakde Karwo didhampingi Kabid Pelayanan Medis RSUD dr Soetomo dr Joni Wahyuhadi SpBS.

Asil pemeriksaan ing RSUD dr Soetomo iki mikuwati asil peme­riksaan kang ditindakake ing RSUD dr Soewandhie. Upamane abuh ing kupinge Nur Ayu. “Pra­nyata Kupinge Ayu ana saemper infeksi kang mrambat menyang perangan gulu. Mula iku, banjur abuh,” tandhese.

Joni nambahake, Ayu wis di­wenehi obat tetes lan obat kang kudu diinum kanggo ngobati in­feksi ing kupinge. Nanging, yen gulune panggah isih abuh, Ayu kudu nindakake pemeriksaan maneh. Dene asil pemeriksaan marang Didik lan Nur Hayati ora adoh bedane karo asil pemerik­saan kang ditindakake dening RSUD dr Soewandhie. “Ora ana kanker rahim utawa kista (ma­rang Nur Hayati, Red). Mung ana infeksi saluran kemih. Wis diwe­nehi obat,” kandhane.

Didik ngandhakake, pehake nampa bantuwan dhuwit Rp 30 yuta saka Gubernur Jatim DR H.Soekarwo. “Dhuwit iku kang­go mertamba lan nyaur utang,” kandhane. Nanging, kanggo utang, Didik ngandhakake yen dheweke isih arep rembugan dhisik karo rentenir sing menehi utangan kasebut. Awit, utang nalika sasi Desember 2013 kehe Rp 12 yuta iku saiki wis mundhak dadi Rp 21 yuta. “Aku arep mba­yar dhuwit pokoke wae,” ujare.

Didik nambahake, saliyane kanggo ragad mertamba, uta­ngan Rp 12 yuta iku uga kanggo mangan saben dinane. Nanging sing paling akeh pancen kanggo tuku obat saraf.

Didik nerangake, dheweke saben dina nginum sawatara jinis obat. Sing paling larang obat jinis immunoglobutin. Yen dirata-rata, sedina dheweke kudu ngetok­ake dhuwit kanggo tuku obat kehe Rp 500 ewu. Obat im­mu­no­globutin iki ora klebu kang ditanggung askes.

Manut dr Joni, obat iki pancen klebu larang regane. Obat iki mesthine kudu disun­tikake, ora kanggo diinum. Joni kepengin nyumurupi sapa sing sabendina nyuntikake obat iku marang Didik. Manut Joni, sate­mene pasien stroke ora mbu­tuhake obat kasebut.

Direktur RSUD dr Soetomo Dodo Anando uga kepengin ngerteni akon-akonane Didik bab regane obat sing larang mau. “Dakgoleki sapa doktere sing nambani pasien iki,” tandhese.

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top