GuidePedia

0

Sing arep dakcritakake iki sawijining bapak kepala sekolah ing sekolahan kang wis kondhang sa Indonesia. Ing kutha ngendi lan kapan kedadeane ora perlu dakcritakake. Sing jelas ing Indonesia. Panjenengane sawijining priyayi kang asmane daksebutake wae pak Arjo Gembor (jeneng singlon) isih timur, ulet, bregas, kreatif , lan nduweni semangat kang makantar-kantar kanggo majokake pendidikan Indonesia , paling ora ing sekolahan kang dipimpin dening panjenengane. Perlu uga dikawuningani panjenengane nduweni gelar Drs ing ngarepe asmane lan MM ing burine. Saupame ditulis, tulisane dadi Drs Arjo Gembor, MM.

Adat kalumrahan kang lumaku ing sekolahane panjenengane yaiku limalas menit sadurunge miwiti kegiatan sekolah mesthi panjenengane maringi briefing marang kanca guru-guru. Sejene kanggo meruhi sapa kang kasep utawa ora rawuh, ing kalodhangan iku dianggo maringi amanat. Bab-bab kang perlu diparingake yaiku kabar-kabar saka Depdikbud kang sipate dines utawa maringi program-program kang perlu dilakoni utawa program kang perlu digayuh dening sekolahan iku.

Pak Arjo Gembor tansah wanti-wanti supaya para guru nyambut gawe temen lan kudu profesional. Guru iku kudu tansah nglayani murid, ora kaya guru ing jaman kuna kang kereng lan diwedeni muride. Guru kudu tansah cedhak karo muride kaya-kaya guru iku dadi mitrane murid-muride. Guru ora kena "membully" (merundung, BI) muride. Pokoke, guru lora kena tumindak kang nalisir saka teori pendidikan modern. Ing sajroning maringi amanat pak Arjo Gembor kadhang kala migunakake tembung-tembung kang keras, kenceng , kasar, kang nglarani atine para guru. Lan ora sungkan-sungkan panjenengane maringi ultimatum utawa ancaman.

Saliyane dadi kepala sekolah pak Arjo Gembor isih ngasta kelas, kanggo nyukupi syarat administrasi supaya panjenengane bisa melu lan entuk sertifikasi. Mata ajar kang diasta yaiku PPKn. Minangka kepala sekolah mesthi wae panjenengane mumpuni mulang lan mesthi wae kompetensine kena dipercaya.

Sawijining dina nalika dianakake ulangan semester, ana sawijining kelas kang diawasi sawijining guru pengawas. Sawise andum kertas ulangan lan lembar jawaban, pak guru, daksebut wae pak Untung (jeneng singlon) banjur lenggah ing kursi pengawas. Swasana kelas tentrem, ora ana sing cemuwit. Nalika wektune nggarap soal wis meh entek, pak Untung banjur tindak ngubengi bocah-bocah. Dheweke kaget lan gumun ndeleng kertas jawabane bocah-bocah isih akeh sing kothong. Pak Untung banjur ngendika ,"Ndang garapen,cah. Wektune wis meh entek iki lho".

Bocah-bocah nyauri ,"Nggak bisa, pak. Soalnya sulit."

"Ngapa kok ora bisa ? PPKn iku rak wulangan sing gampang ta ? Sapa sing mulang ?"

"Pak Arjo Gembor,"wangsulane bocah –bocah.

"Kepala Sekolah ?" pitakone pak Untung.

"Ya, pak."

Dumadakan , ana sawijining bocah kang matur,"Apa, pak. Pak Arjo Gembor sering tidak masuk kelas. Sering kosong. Dan kalau masuk kelas malah ngajar nyanyi."

Sawise ulangan semesteran rampung mesthi wae kanca guru banjur setor biji. Yen ora enggal setor, diobrak-obrak sanajan wektune setor isih durung sampe. Ing prekara setor-setoran biji ana guru sing dipatah ngobrak-obrak. Panjenengan priksa sapa sing setor paling akhir ? Kepala sekolah. Malah kadhang-kadhang pak Drs Arjo Gembor, MM ora setor biji babar pisan. KOPLAK TENAN, ta ?

---- 


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top