GuidePedia

0

Keraton Kasunanan Surakarta pan­cen sugih asil budaya lan nganti dinane iki isih dijaga kelestariane. Salah sijine yaiku tari Srimpi Sangopati. Biyen, tari iki ora mung saderma kanggo hiburan, nanging ing suwalike kepyakane tari mau sejatine ngemot siasat kanggo ngapusi Kumpeni Walanda. Mulane ing jaman biyen tari iki klebu mbebayani, luwih-lu­wih tumrap para penari sing mentasake merga nyawa dadi totohane.

Manut sejarahe, tari Srimpi Sango­pati mujudake yasan Sri Susuhunan Pa­koe Boewana (PB) IV (1788-1820) ing Ke­raton Kasunanan Surakarta. Ing nda­lem per­kem­bangane tari Srimpi Sango­pati sing asale saka tembung “sang apa­ti” yaiku sebutan tumrap calon pengganti raja iki banjur diganti jenenge dening Sri Susuhunan PB IX (1861-1893) dadi Srimpi Sangupati, sing ateges sangu mati.

Panggantine jeneng mau ora tanpa ale­san. Jeneng Sangupati sing sengaja diparingake dening Sri Susuhunan PB IX mau mengku karep minangka siasat kanggo ngapusi Kumpeni Walanda sing ing wektu kuwi ngajak nganakake be­dhamen karo Keraton Kasunanan Sura­kar­ta. Isi saka bedhamen mau ora liya ngenani upayane pemerintah Kolonial sing bakal njaluk tanah pesisir pulau Jawa saka Sri Susuhunan PB IX.

Minangka tari sing ngemot siasat kanggo ngapusi Kumpeni, tari Srimpi Sangupati pancen duwe ciri mirunggan. Kajaba migunakake gerakan-gerakan khas, klebu kawasisane para penari jro­ning nyuguhake inuman keras, tarian sing diperagakake dening wanita cacah papat iki uga migunakake piranti khusus, yaiku pistol sing biyen diisi mimis asli lan sawayah-wayah bisa dibedhilake ma­rang Kumpeni. Kajaba kuwi, samir warna putih sing dianggo para penari sejatine minangka simbol kasucen lan ketulusane Sri Susuhunan PB IX sing pancen kondhang kendel mungsuhi Kumpeni.

Tari Srimpi Sangupati sing sengaja digelar nalika bedhamen antarane PB IX karo pemerintah Walanda iki pancen efektif. Kanyatane, ing bedhamen mau pemerintah Walanda wurung antuk ta­nah pesisir pulau Jawa kaya sing dika­rep­ake. Sebab, nalika bedhamen mau Kumpeni Walanda ora sadhar lan ora sida njaluk tanah pesisir pulau Jawa mer­ga kebacut mendem inuman keras sing disuguhake para penari Srimpi Sangupati.

Tari Srimpi Sangupati pancen mbu­tuh­ake penari sing duwe kuwanen nge­dab-edabi. Sebab, yen siasat ing suwa­like tari mau nganti dingerteni Kumpeni, gelem ora gelem sing bakal dadi tumbal sepisanan ora liya para penari mau. Para penari iki uga sing nemtokake kasil lan orane misi nggagalake bedhamen mau. Lan, kanggo nylamurake misi sabenere ing tarian mau, akhire tarian mau disebut tari Srimpi Sangupati sing ateges sangu mati.

Pranyata tari Srimpi Sangupati iki ngalami owah-owahan maneh. Sawise Sri Susuhunan PB IX surud ing taun 1893 lan sabanjure diganti putrane, Sri Susu­hunan PB X mi­nangka raja Keraton Ka­sunanan Sura­kar­ta. Ing jamane Sri Su­suhunan PB X jeneng Srimpi Sangupati dibalekake ma­neh kaya asal mulane, yaiku Srimpi Sa­ngopati. Manut Sri Su­suhunan PB X, je­neng mau dikarepake murih sakabehe so­lah bawa lan tindak tanduke manungsa tansah ngarah ma­rang upaya njaga ke­slametan lan katen­treman mring sape­pa­dhane. Bab iki saora-orane bisa dide­leng liwat makna simbolis saka tari Srim­pi Sangopati sing sejatine nggambarake dalan kanggo ngalahake hawa nafsu.

Tari Srimpi Sangopati ing wektu-wek­tu tinamtu isih dipentasake ing Keraton Kasunanan Surakarta. Nanging ing ja­man saiki tarian mau mung winates mi­nangka hiburan. Senajan ing perkemba­ng­ane ana owah-owahan nanging tanpa ngowahi ciri khas tari mau. Umpamane ing adegan ngombe arak sing ana ing tari mau saiki mung ditindakake sacara simbolis, ora nganggo arak temenan. (Irul SB)


Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !Lihat yg lebih 'seru' di sini !

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top