GuidePedia

0
Antri Siji, Sing Ngenteni Akeh
Iki kedadeyan nalika aku isih nembe wae mbangun bale wisma. Kober ngrasakke PMI (pondhok mertua indah) setaun, banjur bojoku ngejak pindah, ben mandhiri. Amarga durung bisa gawe omah, aku lan bojoku dadi kontraktor (ngontrak omah) nganti kaping pindho.

Kontrak ka 2, oleh omah ana perumahan Maron Permai, cedhak kelurahan maron, Temanggung. Bengi kuwi, amarga sayah pindhahan, bojoku ora masak, dadi “Makan Malam” kepeksa tuku. Aku nyelah pit menyang terminal Maron, arep golek sega karo mie goreng.

Cedhak terminal ana bakul sega goreng, aku banjur pesen.
“Mas, antri pinten?” aku takon
“Antri setunggal mas, ngersakke napa? Pinarak riyin, mangga”, wangsulane bakule karo isih nggoreng mie pesenan.
“Mie goreng 1, nasi goreng 1 nggih?” aku banjur golek jagongan jejer pelanggan liyane. Siji mbaka siji didoli, aku dhewe ya gumun, jare antri siji kok aku ra didoli. Bubar ngedoli pelanggan 5, aku takon maneh.
“Mas, lha nggen kula pundi? Jare antri setunggal? Niki kok dereng dilayani?”
“Lha pancen antri setunggal kok mas, namung sing nengga tiyang 6, termasuk njenengan”
“Lha maksude?” aku saya bingung
“Cobi mang tingali banner tutup warunge kula” wangsulane karo ngguyu.
Aku sing penasaran banjur menyat metu arep ndeleng banner warunge. Lha jebul jenenge warung kuwi, “Nasi goreng dan Mie goreng Mas Antri”

Aku ngguyu dhewe weruh tulisan kuwi. Pantesan sing antri siji, wong sing antri jeneng bakule. Apa tumon? (Siswidiadi Ngesti N.,S.S- Parakan, Temanggung)

Mutih
Lelakon sing diaturake iki sejatine wis suwe kelakone. Nalika aku isih dhines, aku duwe kanca putri status randha setengah tuwa, asmane Yuni. Gandheng isih setengah tuwa, nalika ana dhudha nglamar arep dipek bojo, ya ditampa kanthi sukarena. Dhasar dhudhane priya bregas, dedeg piyadege oleh, lan ya isih dhines sanadyan wis meh pensiun.

Mbak Yuni iku duwe sadulur rada adoh kapernah kangmase sing klebu aran “Wong Pinter”. Sajroning ngenteni wektu bakal resmine dadi manten, mbak Yuni sowan kangmase iku sakperlu nyuwun pangestu. Kangmase paring dhawuh, “Yuni, sajroning seminggu wiwit dina sesuk nglakonana prihatin pasa mutih ya. Yen wis rampung mutih baliya mrene maneh”, Mbak Yuni matur sendika dhawuh. Sawuse seminggu, bubar pasa mutih, mbak Yuni sowan kangmase.

Kangmase ndangu, “Piye Yun, olehmu pasa mutih wis rampung ya? Sajroning pasa mutih apa wae sing kok pangan lan kok ombe?” Mbak Yuni matur, “Pangestune kangmas, kula sampun rampung pasa seminggu. Salebetipun pasa kula nedha sekul pethak lawuh tigan pethak, kula ngombe susu lembu murni pethak tanpa kopi”. Kangmase mesem lan kanthi sareh mangsuli, “Walah, walah, Yuni, kuwi arane ora prihatin! Pasa mutih kuwi sing dipangan sega putih thok ora nganggo lawuh. Dene banyu putih iku banyu bening tawar. Dudu susu putih!” Apa tumon?

Kanthi rasa gela lan wedi, mbak Yuni matur. “O…o…ngaten ta Mas, lha pripun niki?” kangmase mangsuli, “Ya… ora dadi apa. Sing penting niyatmu wis bulat arep ningkah kuwi wis kok aturake ing Ngara Dalem Gusti Allah. Sing sabar nunggu peresmian ya. Gusti Allah mesthi ngijabahi panyuwunmu”.

Mbok menawa mbak Yuni mbatin, “Wong pinter kok aneh, banyu bening kok diarani banyu putih”. Ora let suwe saka anggone “pasa mutih” mau, mbak Yuni sida dhaup karo priya sing diidham-idhamake iku. Aku ya ditimbali nyekseni malah kebagian tugas dadi among tamu. Kabeh lancar, mbak Yuni lan garwane bisa urip bagya mulya nganti kaken-kaken ninen-ninen, nir ing sambekala. (Sukarno DM-Salatiga)

Jan Huisin Aku
Kedadeyan iki wis kuna taun 1977 nalika aku isih sekolah ana SLTA, aku duwe kanca cowok jenenge singkat wae STN asli Madiun, tugase ana ing Semarang anggota ABRI. Jenenge arep PDKT, sekolahku ana Semarang, omahku ana ing Boja Kendal. Wektu preinan sekolah, cowok mau dolan menyang omahku karo kancane padha cowoke.

Ringkese, ketemu alamat sing dituju yaiku omahe wong tuwaku, aku kober kaget sebab lagi masuk angin, pileg lan watuk, bareng tak temoni tak gawekake wedang lan tak suguhi panganan uga tak kenalke marang wong tuwaku, terus jagongan. Ndilalah aku wahing mak jebres, apa sing kedadeyan? Ana barang kenthel saka irungku alias meler terus aku memburi karo ngempet isin. Apa tumon? Jan Huisin aku, karepe arep PDKT jebule malah disuguhi apa kuwi mau, ahh…njelehi. (Hj. Im Boja-Kendal)


Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !Lihat yg lebih 'seru' di sini !

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top