GuidePedia


Sadulur : Sadulur tunggal bapak lan ibu
Misanan : Sadulur tunggal embah, nak dulur
Mindhoan : Sadulur tunggal buyut
Keponakan : Anake sadulur tuwa utawa sadulur enom
Putu : Anake anak
Putu keponakan : Anake keponakan
Paklik (Paman) : Adhine bapak utawa ibu sing lanang
Bulik (Bibi) : Adhine bapak utawa ibu sing wadon
Pakpuh/Pakdhe/Uwa : Kakange bapak utawa ibu sing lanang
Bupuh/Budhe/Uwa : Mbakyune bapak utawa ibu sing wadon
Besan : Wong tuwane (bapak lan ibune) mantu
Maratuwa : Bapak lan ibune bojo
Anak mantu : Bojone anak
Putu mantu : Bojone putu
Ipe (Ipar) : Sadulure bojo
Pripean : Ipene sadulur
Bapak kuwalon : Bapak sambungan (dudu bapake dhewe)
Ibu kuwalon : Ibu sambunan (dudu ibune dhewe)
Anak kuwalon : Anak gawane bojo
Sadulur kuwalon : Sadulur seje bapak tunggal ibu, utawa sadulur seje ibu tunggal bapak
Sadulur asu : Sadulur tunggal ibu seje bapak
Bapak angkat : Wong liya lanang sing ngakoni anak
Ibu angkat : Wong liya wadon sing ngakoni anak
Anak angkat : Bocah liya sing diakoni anak
Tunggal banyu : Sadulur tunggal guru
Tunggal welat : Sadulur tunggal bapak ibu

Didapat dari berbagai sumber…..

Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI ! 
Lihat yg lebih 'seru' di sini !

Beli yuk ?

 
Top