“Lamun huwus kalah Nusantara isun amukti palapa; lamun kalah ring Gurun, ring Seran, ring Tanjungpura, ring Haru, ring Pahang, Dompo, ring Bali, Sunda, Palembang, Tumasik, samana isun amukti palapa.”Iku Sumpah Nusantara utawa Sumpah Palapa den ucapke dening Mahapatih Gajah Mada. Dening Mr. M. Yamin ditegesi: Lamun Nusantara wis tundhuk; aku bakal leren (“istirahat”); yen Gurun (Lombok), Seran (Seram), Tanjungpura (Kalimantan), Haru (Sumatra Utara), Pahang (Malaya), Dompo, Bali, Sunda, Palembang=San-fo-ta’I, lan Tumasik (Singgapur), nalika iku “istirahat”.
Tembung amukti palapa dening Mr. M. Yamin ditegesi ngaso utawa istirahat (pensiun?). Sajak-sajake para ahli sejarah durung sapanemu ngenani tegese palapa utawa “amukti palapa”. Ana tembung Jawa sing cedhak banget karo tembung palapa, yaiku tembung “plapah”. Manut bausastra W.J.S. Poerwadarminta 1939 plapah ditegesi (enggon-enggonan) bumbu olah-olahan = bumbu pawon.
Enggon-enggonan mau sajake kalebu Tulungagung. Awit ing Pasar Wage Tulungagung ana bango (los) sing ditulisi “plapah”. Tegese bango mau kanggo wong dodolan plapah. Kamangka nyatane los mau kanggo wong dodolan bumbu olah-olahan. Dudutanku “amukti palapa” daktegesi dhahar dhaharan sing nganggo bumbu. Dadi sasuwene Nusantara durung manunggal karo Majapahit, Gajah Mada ora dhahar dhaharan sing dibumboni.
Ing bebrayan Jawa tirakat utawa riyalat kaya ngono kuwi jenenge pasa mutih. Yaiku mung dhahar sega putih, ora nganggo lawuh sing dibumboni. Nalika kelakon Nusantara wis nyawiji karo Majapahit, Gajah Mada mesthine ya leren anggone pasa mutih.
Sejatine sing negesi amukti palapa padha karo “istirahat” iku ora mung Mr.M. Yamin bae, sanajan Ki J. Padmapuspita uga mengkono. Bab iki kacetha ing buku Pararaton karyane Ki J. Padmapuspita babaran Taman Siswa Jogjakarta tahun 1966.
Tembung palapa pancen wis kondhang, malah kanggo jeneng satelit komunikasine Indonesia. Mung bae durung dimangerteni makna sing sabenere. Upama palapa iku padha karo plapah kayu atur ing dhuwur, kok ya mathuk yen tan amukti palapa ditegesi ora dhahar bumbon, ateges padha karo pasa mutih. Bab iki dak kondurake marang para maos lan para nimpuna. Oncek-oncekan iki thukul ing sawijining wektu nalika aku melu biyunge anakku blanja nyang pasar Wage Tulungagung lan weruh ana los kanthi krepyak “plapah”.
Tembung palapa mesthi digandhengake karo Gajah Mada tokoh pamersatu Nusantara. Awit sumpah palapa iku pancen sumpahe Mahapatih Gajah Mada. Mung emane nganti saiki durung disumurupi sejarahe. Gajah Mada iku lahire dhek kapan, ana ngendi, putrane sapa? Mr. M. Yamin sing nulis buku mligi Gajah Mada ya ora nyebutake jati dhirine pahlawan iku. Buku Pararaton sajake mengkono uga. Ora beda karo tokoh Ken Angrok sing ora disebutake jati dhirine.
Ana sing crita yen Gajah Mada iku lair saka woh klapa. Ken Angrok iku turune bathara Syiwa karo Ken Endok. Sajake merga tokoh loro mau wijiling kawula cilik, ora dicathet dening pujangga. Para pujangga mung nyathet tedhak turun ngawirya, turuning ratu; nganti sawise seda diemba titisane dewa sapa. Recane digawe persis kaya dewa ing kahyangan sing nitisi.
Ing bukune Mr. M.Yamin mung nyritakake yen Gajah Mada iku lair ing pegunungan, pethite kali Brantas, tlatah Malang. Gedhe lan misuwur ing kutharaja lan muksa ing samodra. Ing Probolinggo ana papan sing karan Madakaripura, kaya pidalemane Gajah Mada nalika wis sepuh. Nanging iki perlu panaliten sing temenan supaya luwih dipercaya kadidene sejarah. Dudu dongeng sing dipaido ora mengeng.
Sawetara iku pendhudhuk Bali padha percaya yen Gajah Mada iku laire ing pulo Bali banjur pindhah lan misuwur ing Majapahit. Nyumanggakake.
aturing: q Ema K."
Post a Comment Blogger Facebook