.jpg)
Dito Prakoso, si owner Kawasaki Ninja 250R kang kita tampilake iki, pengin out of the box alias metu saka pakem.
“Bosen mas yen modif Ninja 250 kaya ngono-ngono wae” ujare cah Jogja iki.

Wusanane disarujuki model Café Racer.
“Aku njenengi kanthi aran New School Café Racer. Merga migunakake mesin mawa radiator lan pelek palang” jlentrehe priya brengosen kang grapyak iki.

Rangkane isih tetep nganggo standare nanging sing bagian mburine dikepras. Tangki lan bodi diganti ngang-go versi alumunium. Lan kanggo nan-dhesake kesan café racer, ana nomer
start ing bagian iringan, katulis angka 39.
“Iku nomer omahku mas” jlenrehe Dito karo nyekikik.
Nanging ing motor iki aja coba-coba nggoleki reservoir cairan radiator lo, merga pancen ora ana. Senajan mangkono iku ora ateges diilangi.

Sauntara iku, kaki-kaki motor diganti versi gambot. Suspensi ngarep selingkuhan karo duweke Suzuki GSX750R lawas. Nanging senajan kawak wis upside down lho. Sauntara kuwi sistem kendhali setang digawe rada mbungkuk. Yen ora mbungkuk ora café racer jenenge, hehehe … Dene panel instrument minimalis kanthi label Termignoni.

Unike, kanggo nandhesake kesan old school eh new school, mula dipasang headlamp Fino. Dene lampu mburi akesoris. Knalpot 2 – 1 kanthi posisi gulu model silang.
“Rada njlimet sih mas, tapi nang kono iku senine jroning modifikasi motor”
Suwene nggarap motor modifikasi iki dhewe 6 minggu. Finishing akhir arupa pinstripe saka seniman asal Jakarta kang sengaja ditekakake kanggo nggambari. Overall, karya modifikator daerah pranyata ora kalah lho karo modifikator Jakarta. Top markotop pendheke