GuidePedia

https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEjv9IJi32WP-QrsiYJL8Pp2ImbZoErd-zxJKMNckEISL4sOJsarvh3DsizFs1ht723IYexHXoei8xTHM1bMKqhs3ja4MaVn8NpBocih8Rmn6yzkiRHKLE77UR6QoWhUu02nNpZwmw/s400/1.jpg

GENAHE maneh, Mr Amir Syarifuddin dadi Perdana Menteri kaping pindho. Kabinet sing sepisanan mung umur 4 sasi. Tanggal 3 Juli nganti 11 Nopember 1947. Masyumi isih durung melu kanggo wakil golongan Islam dipilih Wahudum Wondo-amiseno saka Partai Islam Indonesia, sing rikala kuwi isih kebeneran dadi tahanan merga kesrempet peristiwa 3 Juli.

Wah maneh, rikala Nopember 1945 ing Yogya dianakake kongres ummat Islam, mbangun partai Islam siji bae. Jenenge: Partai Islam Masyumi, tanpa embel-embel lan teges apa-apa. Jaman jepang mula diedegake Masyumi iki, gumanti MIAI, Majlis Islam Ala Indonesia (gabungan ormas lan partai-partai Islam jaman penjajahan Landa). Lha jeneng “Masyumi” iki satemah katelah kaprah sarta diweruhi ummat Islam kabeh nganti tekan papan sing mencil pisan. Mula, bareng merdika, iya jeneng sing wis populer kuwi mau bae, sing dianggo partaine ummat Islam. Diputusake Partai Masyumi iki siji-sijine partai Islam jaman kamardikan.

Nyatane, bareng Amir Syarifuddin dibiji ndhapuk Kabinet dening Presiden Soe­­-karno, njur ngrembug bab pambagean kursi (Kementrian), ora ana pasarujukan. Mangka, ing ndalem Kabinet kudu ana wakile partai Islam. Amir ora kurang akal; nyedhaki Wondoamiseno sing mula asal PSII (wiwit jaman Landa), diajak mlebu neng Kabinet. Kelakon, Kabinete madeg, tanpa Masyumi, ning wis ana wakile Islam.

Wondoamiseno diwetokake saka ta-hanan, sinengkakake dadi Menteri Dalam Negeri. Wakil PSII liyane maneh, Arudji Kartasasmita dadi Menteri Muda Perta­-hanan. Terus Syahbuddin Larief, Menteri Muda Penerangan. Kabinet Amir iki, jugar rikala 11 Nopember 1947. Presiden Soe-karno mbaleni miji Mr. Amir Syarifuddin maneh. supaya ndhapuk Kabinet anyar. Persasat nunggal dina, Kabinete kelakon didhapuk, kanthi saiki Masyumi wis gelem diajak pisan. Kejaba dadi PM, Mr. Amir uga dadi Ketua delegasi Republik Indonesia ing ndalem perundhingan karo Landa ing kapal Renville kae.

Kaya sing wis diaturake, asile per-undhingan ing Renville, nadyan ta nam-bahi santosaning kalungguhane Republik ing ndalem diplomasi internasional, sarta iya iki sing gawe jengkele pihak Landa ora uwis-uwis, dening rakyat Republik tetep dianggep nguciwani; tetep gawe gela. Merga ngrugekake banget lan nganggep, yen delegasine ngalah terus bae nyang pihak Landa. Wosing wos, Amir Syari-fuddin banjur kudu mbalekake mandate nyang Kepala Negara. Kabinete bubar.

Genahe maneh, Amir ping pindho dadi PM, ping pindho kudu mbalekake keku-wasaane nyang Presiden; sing kari iki merga Masyumi karo PNI narik Menteri-Menterine saka Kabinete dadi tanpa daya. Bung Karno saikine miji Wakil Presiden Bung Hatta, ndhapuk Kabinet anyar. Suwasana politik ing wilayah Republik, luwih-luwih ing Ibukota Yogyakarta, krasa sumuk pihak loro-lorone, yaiku grup Ma-syumi/PNI lan grupe Amir sing nggumo-long ana “Sayap Kiri”, tembene diterusake ana Front Demokrasi Rakyat, gonta-ganti nganakake demonstrasi.

Miturut bukune Bung Hatta “Me-moir”, sadurunge Amir Syarifuddin mun-dur saka kalungguhane, sang Perdana Menteri wis ngganti pimpinan Angkatan Bersenjata. Panglima Besar Sudirman karo Letnan Jendral Urip Sumohardjo, disingkir-ake bae. Suryadarma sing dhek samana dadi KSAU diangkat dadi Kepala Staf Angkatan Bersenjata. Rikala Bung Hatta ketemu karo priyagung loro yaiku Jendral Sudirman karo Letjen Urip Sumohardjo, padha miterang, kepiye lan apa kalung-guhane sing saiki. Polahe loro-lorone di-singkirake Amir Syarifuddin, lan Surya-darma wis diangkat dadi Kepala Staf.

Bung Hatta, isih tetep miturut bukune Bung Hatta piyambak, njawab. “Ing nda-lem pikiranku sing bakal mimpin Kabinet aku, Panjenengan tetep dadi Panglima Besar lan kadang Urip tetep jejer param-para/penasehate Jendral Sudirman. Ing sabanjure, bakal diatur mengko”. Bareng Bung Hatta wis kelakon ngasta Perdana Menteri, banjur aweh pidhato neng ngarep Badan Pekerja KNIP. Nerangake, manawa dikepiye wae, Pemerintah RI kudu ninda-kake apa sing wis diputusake ing ndalem Perjanjian Renvile. Kita kabeh nuju ma-rang penyerahan kedaulatan, saka Peme-rintah Landa nyang pemerintah Republik Indonesia Serikat. Lha Perjanjian Renville iki mujudake langkah sing kawitan.

Ing ndalem sidhang mau grup Amir (FDR=Front Demokrasi Rakyat) nelakake ora sarujuke karo politik Pemerintah, yen ta pihak RI nindakake apa sing katulis ing Perjanjian Renville. Mangka, sing ngana-kake lan sing nyarujuki anane perjanjian mau iya golongane FDR dhewe. Rikala Bung Hatta ngajak grup Amir melu lung-guh ing Kabinet, Amir njaluk 10 kursi, kanthi alesan: partaine wis pengalaman nganakake rundhingan karo Landa. Bung Hatta mangsuli, yen grup Amir paling akeh bakal kabagean kursi loro bae ing ndalem pemerintahan koalisi iki.

Amir aweh keterangan, minimum kudu duwe kursi 8 ing ndalem Kabinet sing di dhapuk Hatta iki. Kanggo dheweke dhewe: Mentri Pertahanan, kanggo kanca-kanca-ne: Kementrian Perburuhan lan Sosial, Ke-mentrian Kemakmuran, Kem. Pembagian Makanan, Kempen, Kemlu. Perhubungan, PDK, Kehakiman lan Kemdagri. Bung Hatta mangsuli, kanggo sauntara sing bisa dita-wakake mung kursi siji. Karuwan bae Amir nulak, lan rundhingan gagal. Bung Hatta aweh wektu rong ndina kanggo mikir; lha ing dina pungkasan Mr. Amir ngirim paraga lima ngadhep Bung Hatta; tetep nuntut kursi 9 utawa 10 ing Kabinet. Bung Hatta njawab: siji bae, utawa ora babarpisan. Niyate Bung Hatta, kursi siji Kabinet mau bakal dipasrahake Mr. Amir Syarifuddin, ning ora neng Kementrian Pertahanan. Sing dadi Menhan, niyate Bung Hatta, iya Bung Hatta dhewe.

Kelakon, Kabinet anyar diumumake susunane nyang ngarepe Badan Pekerja KNIP. Bung Hatta jejer dadi PM karo Menham. Kalenggahane Panglima Besar Sudirman lan Letjen Urip Sumohardjo di-balekake maneh kaya ing nguni, ngantor ing MBAD. Markas Besar Angkatan Darat. Ing tengah-tengahe panase suwasana politik, ana tamu isih sedulur dhewe. Kadang saka Negara Indonesia Timur, diarani Missi Persaudaraan. Rombongan dipimpin Arnold Mononutu, mitrane Bung Hatta rikala isih padha sinau ing Nederland sadurunge Perang Donya II mbiyen.

Misi persaudaraan mau ing wilayah Republik 2 minggu suwene; di sugata-sugata maneka tarian lan lelagon ing Ke-patihan Danurejan Yogya. Diajak ndeleng panguripan dalah kahanane kawula Repu-blik ndina-ndinane, lan sapiturute maneh. nadyan Bung Hatta jejer dadi PM, ning saiki sing gumanti dadi Ketua delegasi Indonesia dipiji Mr. Mohammad Roem. Dene rundhingan ing sabanjure, dianaka-ke gonta-ganti, 3 minggu neng Jakarta; 3 minggu neng wilayah Republik. Genane maneh ing Kaliurang. Isih miturut Bung Hatta, kahanane tentara rikala iku kurang temata, merga dikacau Mr. Amir. Ing sisihe Tentara Nasional Indonesia, dianakake TNI-Masyarakat. Sing dinuga seperangan akeh dumadi saka anggota FDR. Koman-dhane Djoko Soejono asal saka Peta.

Lha mangkono uga Angkatan Laute, pimpinane ana Tegal; dening Amir di-anakake AL Spesial/Istimewa. Dipimpin Admiral cacah 9, kabeh kancane Amir. AL istimewa iki mung pengaran-aran bae; dene sing dadi Admiral/Laksamanane manggon ing gunung, khusus ing sakiwa tengene Malang lan Lawang. Sauntara iku, pasukan “hijrah” saka Jawa Kulon, khususe saka divisi Siliwangi, dipapanake ing Yogya lan Surakarta tekad, kanggo jaga-jaga, yen ta Landa nganakake agresi-ne sing kapindo. Iya merga saka iku, cacahe pasukan Republik dianggep ka-kehan, ora seimbang karo cacahe gegam-an. Mula iku, kudu dianakake rasionalisasi ing ndalem TNI. Sapa sing sakira kurang gregete dadi tentara, diwetokake saka pasukan. Diwenehi pegaweyan, pakaryan sipil. Antara liya gawe barang-barang ka-perluwan urip ndina-ndina saka kayu. Ri-kala iku ana papan penggergajian sing cukup gedhe ing sacedhake Mediun.

Rasionalisasi TNI dianakake. Maret 1948 imbangane jurit karo gaman: papat tanding siji. Prajurit 4, gamane 1. Perwira-perwira diudhunake pangkate. Panglima Besar Sudirman saiki dadi Letnan Jendral; Letjen Urip tetep. Letjen Urip Sumohardjo ing Sumatra, dadi Mayor Jendral. Sa­ngi­sore kuwi, pangkat sing dhuwur dhewe: Kolonel. Iya ing tengah-tengahe suwasana sing kurang nguntungake kanggone Republik mau, ketungka tekane Muso, sing ngaku dadi Sekretarise Suripno, wakil Republik ing Prahara. Tekane cukup gawe geger; merga sing diopeni Muso luwih dhisik, nyekel pimpinan FDR. Sabanjure maneh, FDR terus diganti dadi Partai Komunis Indonesia. saben pimpinan FDR (klebu uga Amir Syarifuddin) banjur kudu ngakoni keluputane, gelem ngalah nyang pihak Landa; luwih-luwih gelem nampa anane Perjanjian Renville. Mula saka iku saikine kudu lumawan Pemerintah sing tetep bakal nindakake unine Perjan-jian Renville kuwi.

Persasat saben dina Muso pidhato ning ngendi-endi, nyebar rasa anti Pemerintah sing dianggep gelem teluk tundhuk nyang kaum imperialis, kapitalis kuwi. Uga nga-nakake sapatemon karo kaum mahasiswa (ing pagelaran). Nganakake sapatemon karo kaum wartawan. Malah rikala ngana-kake konperensi pers ing Yogya, sing ngawal ana sa-truk, nggawa gegaman. Rikala ana wartawan sing pitakon, geneya arep konperensi pers bae dadak kudu di-kawal pasukan bersenjata sa truk, Muso mangsuli: “Kanggo njaga keslametan saka serangane kaum imperialis”.

Dhek samana, konperensi pers-e di-anakake ing kantor Balai Wartawan ing Malioboro. Salah sijine pengawale, ana sing isih katon kikuk, lunggune ing pinggir; sajak isih isin-isin ngono. Jenenge: Dipa Nusantara Aidit. (*)

Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae

Beli yuk ?

 
Top