GuidePedia

0
Miturut Serat Damarwulan, ana paraga kang asring disebut yaiku Waita lan Puyengan. Waita lan Puyengan iku garwa selire MenakJingga. Jalaran kepencut marang baguse Damarwulan, Waita lan Puyengan gelem  mbiyantu Damarwulan nyolong gada Wesi Kuning kang dadi andel-andele Minakjingga. Sawise andel-andele ilang, Menakjingga bisa diperjaya dening Damarwulan.

Manut kapitayane masyarakat ing dhukuh Kedhaton, desa Sentanareja kecamatan Trawulan, ing kono ana makame Waita Puyengan. Ing papan kono uga misuwur karan "Sumur Upas". Miturut ahli sejarah P.J. Veth papan ing kono mau diarani "Kuburan Srengenge". Saliyane kuburane Waita Puyengan ing kono diyakini uga ana kuburane Dewi Murni lan Dewi Pandhansari. 
Balung manungsa kang dipercaya balunge Waita, Puyengan, Dewi Murni lan Pandhansari saiki disimpen ana kompleks Sumur Upas (candhi Kedhaton) ing dhukuh Kedhaton, desa Sentanareja, kecamatan Trawulan, kabupaten Majakerta.

Pethikan saka serat Damarwulan kang asring kanggo gerongan ing gendhing  kang nyritakake nalika Damarwulan pamit marang Dewi Anjasmara. Tembange Asmaradana.

Anjasmara ari mami,
masmirah kulaka warta,
dasihmu  tan wurung layon,
aneng kitha Prabalingga,
prang tandhing lan Urubisma,
karia mukti wong ayu,
pun kakang pamit palastra.


Sumber


Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top