Hj Sriati kang prasaja, yakin yen Anas ora korupsi

“Yen KPK nedya nalusur menyang desa klairane Anas kana, mangga” kan-dhane Sriati marang wartawan. Ditam-bahake, wiwit didadekake tersangka dening KPK lan mundur saka partai Demokrat, Anas katon biasa-biasa wae. Ora bingung utawa panik, jarene malah katon kaya sajak ora kabotan sanggan.
Rong dina sadurunge Anas Urbaning-rum didadekake tersangka dening KPK, penere dina Rabu (2/12) PS teka merta-mu menyang omahe Sriati. Kahanan Dhusun Sendhung katon sepi, semana uga karo omah papan klairane Anas sing sajak tanpa kagiyatan. Ing kulon omah katon masjid cilik sing tansah kerumat resik. Omah kasebut katon prasaja, ora beda kaya omahe tanggane. Ukurane wa-tara 100 meter persegi. Sing katon nyolok mung sabageyan temboke dilapisi ke-ramik, asile renovasi sawetara taun ke-pungkur. Esuk kuwi Sriati lagi wae bali saka tilik tegal sawahe nalika PS teka mertamu. Kanthi grapyak simbah kang wis kapatutan putra papat lan putu salosin iki ngajak PS jagongan ing emper omah iring wetan.
“Meneng-meneng kula nggih meksa ningali berita. Kula mboten saged ninggal-ake berita. Pripun mawon sing jenenge anak, kula nggih tumut mikir..” kandhane Sriati wektu kuwi.
Kadidene ibu, dheweke mung bisa mbiyantu kanthi sholat tahajud, wiridan, lan maca salawat Nabi. Yen sadurunge anggone maca salawat mung kaping se-puluh, saiki ditindakake nganti kaping sewu. Saliyane kuwi Sriati ngaku yen saploke kasus kasebut dadi pocapan, dheweke ora nate ngontak Anas secara langsung. Yen ana apa-apa, biyasane sing ngabari malah bojone Anas, Athiyyah Laila sing nilpun. Yen suwalike Sriati ke-pingin ngerti kabare anake, sing ditilpun iya sing wadon.
Ngenani kasus Wisma Atlet sing nye-ret arane Anas kasebut Sriati wis nate na-kokake marang mantune. Athiyyah Lalila nandhesake yen sing lanang ora ngerti apa-apa, kuwi kabeh mung permainan politik saka lawan-lawane. Manut Sriati, sisihane Anas uga wis wanti-wanti aja nganti nggawa mulih dhuwit sing ora ka-ruwan asal-usule, apa maneh dhuwit haram.
Sriati lan sisihane, Habib Mughni sing tilar donya taun 1995 kapatutan anak papat. Mbarepe aran Agus Nasirudin (46) sing wektu iki njabat kadidene sekretaris desa (carik) Desa Ngaglik. Nomer loro Anas Urbaningrum (44), lan adhi-adhine yaiku Anna Lutfi (40), wakil ketua DPW PAN Jatim kang uga anggota DPRD Jawa Timur, lan Kholisul Fikri (31) PNS ing sek-retaris DPRD Kabupaten Blitar. Wondene almarhum Habib Mughni pensiunan guru MTs Al Kamar, Desa Kunir, Kecamatan Wonodadi, Kabupaten Blitar. Anas Urba-ningrum nempuh pendhidhikan SD nganti SMA ing Blitar, nuli kuliah ing Universitas Airlangga Surabaya, fakultas sosial lan politik. Wiwit wektu iku karir politike Anas dirintis. Dheweke dadi ketua umum pe-ngurus besar Himpunan Mahasiswa Islam (HMI), nuli dadi anggota komisi pemilihan umum (KPU), banjur Ketua Umum DPP Partai Demokrat kang wusanane mundur merga didadekake tersangka dening KPK.
(Oemaryanto)
Lihat yg lebih 'menarik' di sini !
Follow @wisbenbae