GuidePedia

0

Komisi Pemberantasan Korupsi (KPK) wis mriksa artis telu kang gegayutan karo perkara pandu-ga pencucian uang kang ditindakake de­ning Tubagus Chaeri Wardana alias Wa­wan. Yen ditlesih luwih jero, pranyata te­lu-telune artis kasebut ana padhane, ya­iku pranakan (blasteran). Kayadene pesinetron Jennifer Dunn. Artis ayu kang nampa mobil Toyota Vellfire saka Wa­wan iku keturunan Amerika-Jawa. Ma­lah, pengacarane Jennifer Dunn, Hotman Paris Hutapea sadurunge uga mbener­ake menawa Wawan ketarik marang mo­dhel kelairan 10 Oktober 1989 (24) iku jalaran pranakan.

“Dheweke (Wawan, Red) kangelan golek wanita Indo kang ayu kaya dhe­weke (Jennifer, Red) kanggo PH (Production House)-e. Kanggo PH-ne migu­nakake dhapure dheweke (Jennifer). Apa­maneh sawise dheweke sedot lemak, dheweke dadi Indo sing ayu merak ati. Rak beda karo foto-foto kang wis ana sadurunge,” kandhane Hotman nalika ing Gedhong KPK sawatara wektu ke­pung­kur.

Artis kang nekani gedhong KPK gega­yu­tan karo Wawan sabanjure yaiku Re­becca Soejati Reijman. Penyanyi kelairan Den Haag, Walanda 21 Pebruari 1985 (29) iku lair saka pasangan Robert Jean Lewis Reijman (Walanda) lan Rinie Soe­jati (Jawa Suriname).

Nanging, dheweke mbantah nampa paweweh saka sisihane Airin Rachmi Diany iki.

Pungkasan, Catherine Wilson. Modhel kelairan 25 Pebruari 1981 (32) iki mi­nang­ka salah siji modhel Indonesia ke­turunan Inggris (bapak) lan Indonesia-Arab (ibu).

Sawatara iku, telu-telune artis kang sasuwene iki kondhang seksi, tampil be­da nalika teka ing kantor lembaga anti­korupsi iki. KPK ngundang Jennifer Dunn gegayutan karo paweweh adhine Guber­nur Banten, Ratu Atut Chosiyah, arupa mobil Vellfire lan kartu kredit klawan ‘limit’ Rp 50 yuta sesasi. Kanggo nocog­ake kabar kasebut, dhek sawatara wektu kepungkur KPK manggil Jennifer Dunn.

Airin Rachmi Diany

Nalika teka menyang KPK, Jennifer sante lan andhap, nanging tetep katon ayune. Mudhun saka mobil Cadillac Es­calade ireng, Jennifer menganggo cla­na jeans suwekan lan ndhuwuran putih sing rada nrawang. Ora kari, artis kang nate kesrimpet narkoba iki uga me­ngang­go kacamata ireng. Hotman Paris nyebutake menawa Jennifer saiki luwih ayu lan pawakane saya lencir. Nalika teka menyang KPK, wanita mudha kasebut uga ora menganggo paes sing keladuk. “Sawise sedhot lemak ing Singapura, dhe­weke katon luwih ayu, lan Wawan gelem nganggo dheweke minangka ‘ikon’ PH-ne. Ora kanggo seks! Murni slaras karo penggaweyane dheweke,” ujare Hotman.

Banjur, Rebecca Reijman sing dhek minggu kepungkur dipriksa KPK. Dhe­weke disebut nate nampa wenehan mo­bil saka Wawan. Nalika teka ing KPK, Re­becca tampil menganggo dandanan sing sarwa ireng. Wanita kang kerep muncul ing majalah ‘pria dewasa’ iki menganggo sandhangan terusan dawa kang dirang­kepi blazer ireng. Dene kacamatane nye­pit irunge sing mbangir kuwi, sajak katon tambah merak ati.

Dheweke uga tansah mesem nguji­wat nalika mlebu lan metu ruwangan KPK. Manut juru wicara KPK Johan Budi SP, Rebecca wis nampa mobil siji saka Wawan. Nanging durung genah mereke apa lan regane pira.

Sawatara iku, artis Catherine Wilson wis kaping pindho diundang KPK gega­yutan karo perkarane Wawan. Sing sepi­san, panggilane diundur jalaran salah ala­mat. Panggilan kaping pindhone di­tindakake Senin (24/2). Wanita Indo kang kondhang mawa jeneng Keket iki tampil prasaja. Menganggo klambi ungu lan kardigan klawu. Keket sajak sante nalika teka ing Gedhong KPK. Rambute sing wernane abang iku diore. Dheweke uga ora katon menganggo paesan nyo­lok. “Mangko wae ya, aku arep klarifikasi dhisik. Mengko kita ngobrol ya,” selake Keket.

Nissan Elgrand dibeslah
Catherine Wilson

KPK resmi mbeslah mobil Nissan Elgrand dhuweke Catherine Wilson. Mo­bil mewah iku dibeslah jalaran dinuga kuwat merga pawewehe Wawan. Mobil iku teka ing Gedhong KPK, Jl.HR Rasuna Said, Jaksel, Senin (24/2) watara jam 19.20. Sawise mlebu, mobil werna silver metalic nopol B 1387 SKB kasebut langsung digawa nuju parkiran mburi KPK. Ngganepi sakehing mobil mewah duweke Wawan kang wis dibeslah sa­durunge. Kahanan parkirane KPK sajak kaya shoroom mobil mewah kae.

Ana watara petugas KPK lima kang ana ing njero mobil Nissan Elgrand ka­sebut. Bubar markir mobil, kabeh padha metu lan wegah komentar sakecapa.

Ora ana sing aneh ing nje­ro mobil kasebut, sing katon mung parfum mobil gambar kupu-kupu kang gumandhul ing spion ngarep. Petugas njupuk mobil iki saka omahe Catherine ing BSD, Serpong, Tangerang Selatan. Wiwitane mobil iku nganggo jenenge Catherine. Nanging ing taun 2013, ana owah-owahan ke­pemilikan nganggo jenenge sedulure Catherine. “Dinuga pawewehe TCW (Tubagus Cha­eri Wardana, Red),” kan­dhane Johan Budi SP.

Airin tetep setya
Jennifer Dunn

Sawatara iku, merga lara, Wa­wan antuk perawatan ing Rumah Sa­kit Polri. Airin Rachmi Diany, sisihane Wa­wan pranyata tetep setya ngancani bojo­ne nalika digawa menyang RS Polri mung saderma kanggo nyumurupi ka­hanane sing lanang.

Wawan kang dinuga obral dhuwit sing ajine ora mekakat marang sawatara artis iki, ora gawe nglokrone Airin ang­go­ne tansah ngancani Wawan.

Disumurupi, sakehing artis kayadene Jennifer Dunn, Rebecca Soejati Reijman, lan Catherine Wilson mlebu dhaftar kang nampa dhuwit saka Wawan. Banjur, apa bener Airin wis ngapura kaluputane Wa­wan?

Manut psikolog Melly Puspitasari Psi, M, NLPm, pawongan bisa waras lan ge­lem ngapura yen nate dilarani lan disling­kuhi.

“Kita iki made in Tuhan, tamtune kita nduweni kanthong-kanthong toleransi sing siji lan sijine ora padha. Lan carane marasake uga bisa beda-beda, playune bisa menyang agama utawa keluwarga,” kandhane Melly, Senin (24/2) kepungkur.

Gegayutan karo perselingkuhan, kan­dhane Melly, sawijining wanita notabene (cathetan tambahan) seneng karo priya sing wis duwe bojo. Tegese, priya kase­but nduweni samubarang kang cocog lan bisa ditampa dening dheweke. “Sebab sing njalari beda-beda, apa merga donya brana utawa mung saderma papan cur­hat. Beda karo wong kang isih ijenan lan rata-rata pancen merga tresna,” pung­kase.

Ing RS Polri iki pranyata Hj Aisyah, ibu maratuwane Walikota Tangerang Se­latan Airin Rachmi Diany iki katon mbesuk mantune kang dirawat ing ruwang Cen­drawasih 1 nomer 4 iku. Kejaba maratu­wane, anak wuragile Wawan, yaiku Ratu Ghefira Markhamah Wardana uga melu mbesuk bapake.

Aisyah teka menganggo setelan kru­dhung werna soklat mawa rok werna krem. Dene Ghefira menganggo klabi putih lan kathok ireng. Rombongan iki te­ka karo nggawa kanthong plastik abang isi panganan lan banyu ngombe. Mara­tuwane Wawan iki anggone omong mung saperlune wae.

Ora watara suwe sabanjure, Aisyah metu saka ruwangan ijenan. Dene anake Wawan isih ana ing njero ngancani Airin kang wis ana ing RS Polri wiwit awan sadurunge. Aisyah gegancangan ning­gal­ake rumah sakit numpak Toyota In­nova ireng nopol B 1908 KOY.

Salah sawijining petugas KPK kang we­gah disebutake je­nenge ngandhak­ake, Wa­wan sing statuse tahanan ora di­olehake memangan panga­nan saka njaban. Kanthong plastik kang digawa maratu­wane mau ora oleh diweneh­ake marang Wawan. “Iku kang­go Airin, me­nawa taha­nan iku wis oleh jatah dhewe,” ujare.



Pelayanan kelas 1
Rebecca Soejati Reijman

Wawan antuk perawatan ing Rumah Sakit Polri, jalaran saka asil diagnosis sauntara, dheweke nandhang lara maag kronis. “Diagnosa sa­untara penyakit maag kronis, nanging perlu dianakake asil observasi sabanjure kanggo nyu­mu­rupi penyakite,” ujare Kabid Palayanan Umum Ru­mah Sakit Polri, Kombes Pol Ibnu Hajar.

Wawan dhewe antuk pela­yanan ke­las 1 klawan fasilitas kang beda karo ta­hanan umume, yaiku ruwang AC, Kul­kas, peturon dhewe, ru­wang tamu, lan je­dhing dhe­we. Pehak rumah sakit duwe alesan jalaran Wawan mbu­tuh­ake pera­watan khusus.

“Dheweke antuk ing ru­wang kelas 1, Cendrawasih,” tambahe.

Ibnu Hajar nambahake ma­neh, me­na­wa ruwang Cen­drawasih dhewe pan­cen di­khususake tumrap tahanan pen­ting. Jalaran dheweke mbu­tuhake ob­servasi lanjutan merga kahanan keseha­tane pasien. “Saben tahanan kelas 1 pancen dipanggonake ing kono, ora ing ruwang perawa­tan tahanan umum nge­lingi perlu dianakake observasi lan tu­min­dak spesifik,” tandhese.

Perlu kawuningan, Ru­wang Cendra­wasih 1 ing sa­ben tingkate dumadi saka 10 kamar perawatan. Sawengine pasien ditarik ragad Rp 260 ewu, iki durung klebu ragad kanggo dhokter.

Kabid Medik dan Perawatan RS Polri AKBP Yayok Widarto mbenerake menawa Wawan dirawat ing rumah sakit kasebut. Dheweke ngandhakake, Wawan mlebu RS klawan sakehing pisambat kang dira­sakake suwene patang dina. “Teka kla­wan sambatan panas, sasuwene patang dina pungkasan. Dheweke uga sambat muneg-muneg lan semaput,” ujare.

Dhokter spesialis telu ing Rumah Sa­kit Polri kang ngawekani kadakwa pan­duga korupsi Pilkada Lebak lan alat ke­sehatan (alkes) Banten iki. Durung di­sumurupi kapan Wawan bisa ninggalake rumah sakit. “Sawatara dhokter disang­kutake ngawekani pasien iki, dhokter spesialis penyakit dalam, dhokter syaraf, lan dhokter spesialis jantung. Pasien iki dirawat ing ruwang Cendrawasih 1 jala­ran kanggo observasi sabanjure,” ujare Yayok. (SP)


Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI !Lihat yg lebih 'seru' di sini !

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top