Keraton Kasunanan Surakarta pancen sugih asil budaya lan nganti dinane iki isih dijaga kelestariane. Salah sijine yaiku tari Srimpi Sangopati. Biyen, tari iki ora mung saderma kanggo hiburan, nanging ing suwalike kepyakane tari mau sejatine ngemot siasat kanggo ngapusi Kumpeni Walanda. Mulane ing jaman biyen tari iki klebu mbebayani, luwih-luwih tumrap para penari sing mentasake merga nyawa dadi totohane.
Manut sejarahe, tari Srimpi Sangopati mujudake yasan Sri Susuhunan Pakoe Boewana (PB) IV (1788-1820) ing Keraton Kasunanan Surakarta. Ing ndalem perkembangane tari Srimpi Sangopati sing asale saka tembung “sang apati” yaiku sebutan tumrap calon pengganti raja iki banjur diganti jenenge dening Sri Susuhunan PB IX (1861-1893) dadi Srimpi Sangupati, sing ateges sangu mati.
Panggantine jeneng mau ora tanpa alesan. Jeneng Sangupati sing sengaja diparingake dening Sri Susuhunan PB IX mau mengku karep minangka siasat kanggo ngapusi Kumpeni Walanda sing ing wektu kuwi ngajak nganakake bedhamen karo Keraton Kasunanan Surakarta. Isi saka bedhamen mau ora liya ngenani upayane pemerintah Kolonial sing bakal njaluk tanah pesisir pulau Jawa saka Sri Susuhunan PB IX.
Minangka tari sing ngemot siasat kanggo ngapusi Kumpeni, tari Srimpi Sangupati pancen duwe ciri mirunggan. Kajaba migunakake gerakan-gerakan khas, klebu kawasisane para penari jroning nyuguhake inuman keras, tarian sing diperagakake dening wanita cacah papat iki uga migunakake piranti khusus, yaiku pistol sing biyen diisi mimis asli lan sawayah-wayah bisa dibedhilake marang Kumpeni. Kajaba kuwi, samir warna putih sing dianggo para penari sejatine minangka simbol kasucen lan ketulusane Sri Susuhunan PB IX sing pancen kondhang kendel mungsuhi Kumpeni.
Tari Srimpi Sangupati sing sengaja digelar nalika bedhamen antarane PB IX karo pemerintah Walanda iki pancen efektif. Kanyatane, ing bedhamen mau pemerintah Walanda wurung antuk tanah pesisir pulau Jawa kaya sing dikarepake. Sebab, nalika bedhamen mau Kumpeni Walanda ora sadhar lan ora sida njaluk tanah pesisir pulau Jawa merga kebacut mendem inuman keras sing disuguhake para penari Srimpi Sangupati.
Tari Srimpi Sangupati pancen mbutuhake penari sing duwe kuwanen ngedab-edabi. Sebab, yen siasat ing suwalike tari mau nganti dingerteni Kumpeni, gelem ora gelem sing bakal dadi tumbal sepisanan ora liya para penari mau. Para penari iki uga sing nemtokake kasil lan orane misi nggagalake bedhamen mau. Lan, kanggo nylamurake misi sabenere ing tarian mau, akhire tarian mau disebut tari Srimpi Sangupati sing ateges sangu mati.
Pranyata tari Srimpi Sangupati iki ngalami owah-owahan maneh. Sawise Sri Susuhunan PB IX surud ing taun 1893 lan sabanjure diganti putrane, Sri Susuhunan PB X minangka raja Keraton Kasunanan Surakarta. Ing jamane Sri Susuhunan PB X jeneng Srimpi Sangupati dibalekake maneh kaya asal mulane, yaiku Srimpi Sangopati. Manut Sri Susuhunan PB X, jeneng mau dikarepake murih sakabehe solah bawa lan tindak tanduke manungsa tansah ngarah marang upaya njaga keslametan lan katentreman mring sapepadhane. Bab iki saora-orane bisa dideleng liwat makna simbolis saka tari Srimpi Sangopati sing sejatine nggambarake dalan kanggo ngalahake hawa nafsu.
Tari Srimpi Sangopati ing wektu-wektu tinamtu isih dipentasake ing Keraton Kasunanan Surakarta. Nanging ing jaman saiki tarian mau mung winates minangka hiburan. Senajan ing perkembangane ana owah-owahan nanging tanpa ngowahi ciri khas tari mau. Umpamane ing adegan ngombe arak sing ana ing tari mau saiki mung ditindakake sacara simbolis, ora nganggo arak temenan. (Irul SB)
Follow @wisbenbae
Post a Comment Blogger Facebook