GuidePedia

0
http://media-cache-ak0.pinimg.com/236x/cf/02/a0/cf02a0ab03999a85e334e3f940c85e76.jpg
Pasareyane Patih Danurejo VII ana pucuking gumuk disawang saka ngarepan

Kaya kang wis kita uningani, menawa saben praja Kejawen mesthi kagungan parampara pinarcaya ing ratu sing jejibah­ane ngurusi ubeng-ingere pemrentahan. Parampara kasebut dhek jaman semana diarani patih dalem utawa warangka da­lem, Papan palenggahane patih Dalem iku karan Kepatihan. Gandheng pepatih Dalem mau kapatedhan asma Danureja, mula papan pedalemane uga katelah Kepatihan Danurejan. Kasebut mengkono mau wiwit kadaleman dening Pepatih dalem ingkang kapisan.

Kaya kang wis kita uningani uga, me­nawa kabeh pepatih dalem ing Surakarta utawa Ngayogyakarta padha ngabdhi ma­rang “bendara” cacah loro, yakuwi marang Ingkang Sinuwun sarta ngabdi marang pemerintah Walanda. Malah miturut pre­janjen, menawa ana gesehing pemanggih ing antarane bendara loro mau, Pepatih da­lem kudu ngeboti lan ngiloni (mihak) marang Walanda senajan abod rinasa. Bab iki wis kamot ana ing layang Prajanjen Ponorogo, nalika Ingkang Sinuhun Kanjeng Susuhunan Paku Buwono II kaseser yuda­ne tekan Ponorogo merga kalindhih dening R.M Garendi (Sunan Kuning) nalika ing Kartasura tuwuh ontran-ontran Geger Pacinan.

Kraton Kartasura binedhah dening wong-wong keturunan Tionghoa (Cina) sing dipandhegani dening Mas Garendi (Sunan Kuning) ana ing dina Selasa Wage 27 Rabingulakhir taun alip 1667 Jawa utawa taun 1741 M. Ya prajanjen Ponorogo iki kang tansah ngganjel tumrap Panje­nengan dalem nata lan lagi ing taun 1942 bisa uwal saka prajanjen kang banget nji­ret mau, sawise pemerintah Walanda pa­srah bongkokan marang wadyabala Dai Nippon (Jepang) kang ngrabasa lan nge­jegi Nuswantara.

Sanajan pepatih iku klebu parampara lan pangarsane praja, parandene pasare­yane ora nyawiji (dadi siji) kaya pasare­yane panjenengan dalem nata kang suma­re ana ing pasareyan Pajimatan Imogiri. Pa­sareyane pepatih dalem nata ing Nga­yog­yakarta papane pating plenca miturut saka papan kelairane utawa asal usule, ing antarane ana kang sumare ing Astana Mlangi (klebu wewengkon Kalurahan Na­gatirto, Kecamatan Gamping, Kabupaten Sle­man, DIY), ana sing sumare ing Japa­nan, lan sapiturute. Uga ana pepatih kang disarekake ing Banyusumurup jalaran Patih Danurejo II iku kapatrapan pidana “kacindhe” (disedani saran kinalungan cindhe ing sajroning kedhaton nalika ing dina Kemis Pon 13 Sawal Jimakir 1738 uta­wa Oktober 1811 M. Amarga dianggep luput marang panjenengan dalem nata nyengkuyung lekase Walanda kang nedya ngregem kraton) banjur layone kasarek­ake ana ing pasareyan Banyusumurup. Perlu kawuningan, pesareyan Banyusu­mu­rup kang dumunung 1 km sakidul we­tane pesareyan Pajimatan Imogiri iku mujudake papan pesareyane para sentana dalem lan pangarsane praja liyane sing kaanggep darbe kaluputan marang ratu utawa marang karaton. Kang sumare ana papan iki ing antarane Pangeran Pekik saka Surabaya dalah ingkang garwa nama Gusti Pandansari, Gusti Pangeran Lamo­ngan; Gusti Ratu Mangkurat (Rara Oyi) garwane Susuhunan Amangkurat Amral, Gusti Pangeran Timur, Raden Ronggo Pra­wirodirjo, Kanjeng Ratu Lendah, Kanjeng Ratu Sedo Kedaton, Kyai Cuntang (ahli nujum), lan sapanunggalane. Kejaba kuwi uga ana sing disarekake ana papan bhumi kelairane.

Salah sijine pesareyane pepatih Kraton Ngayogyakarta kang tekan saiki isih keru­mat kanthi becik lan klebu dadi barang ca­gar budaya yaiku komplek pasareyane patih Danurejo VII kang mapan ing dusun Wonocatur, Kecamatan Banguntapan, Ka­bupaten Bantul, klebu barang cagar buda­ya kagungane Karaton Ngayogyakarta Ha­di­ningrat. Lokasine gampang golek-golekane kanthi mecaki dalan lingkar utara- Janti, mlebu mangidul watara 50 meter tekan dusun Wonocatur kanthi njupuk da­lam siring wetan (Jl. Wonocatur-Berbah) dan ing jarak watara 300 meter saka dalan Ring Road Selatan pengunjung bisa njupuk dalan mengalor (ana ing pratelon). Saka Ja­lan Wonocatur- Berbah dununge kom­plek pasareyan Patih Danurejo VII iku adohe watara 200 meteran. Komplek pa­sa­re­yane Patih Danurejo VII dalah ingkang garwa GKR Hayu (putri dalem Sri Sultan HB VII) dumunung ana sawijine gumuk sing dhuwure watara 15 meteran. Ing sangarepe makam ana gapura Padu­raksa kang disambung karo tembok ngu­bengi komplek makam sing dhuwure 2 me­teran kang rinengga pasren kayadene krawangan (digawe bolong-bolong kanthi pola kotak-kotak). Kemuncak gapura pinaringan gatra lengkung kanthi pasren awujud kuncup kembang ing kiwa tengene. Kanggo nekani makam kasebut, pengun­jung kudu ngliwati undhak-undhakan sing lumayan dhuwur.

Sawise ngliwati jrambah utawa undhak undhakan peziarah tekan ing wewangunan ngeblak kanggo ngaso kang nduweni ukuran 5 X 4 meter. Dene cungkup pasa­reyane Patih Danurejo VII sing madhep mangidul iku separo digawe saka watu bata lan separo liyane saka kayu. Kusen lawange digawe nganggo ka­yu saengga ngemperi kaya dene gebyog. Dene struktur kuda-kudane digawe ngang­go wesi waja murih pengkuh lan ora gam­pang ambruk. Mula nalika ana lindhu ge­dhe dhek tanggal 27 Mei 2006 kepungkur, wangunan cungkup iku tetep isih ngadheg jejek ora ambruk.

Ing sajrone cungkup tinemu sekaran cacah 7. Sing ana sajrone cungkup yaiku KPAA Daurejo VII lan garwane GKR Ang­ger. Ing sekaran sing paling wetan pina­ringan seratan mawa aksara Jawa kang unine Sumarenipun KPAA Danurejo, Pe­pa­tih Dalem Ingkanvg Kaping Pitu Negari Ngayogyakarta Hadiningrat. Sedanipun nalika dinten Minggu Pahing 31 Agustus wulan Jumadilakir Tahun Be Angka 1854 (1942). Kanthi mengkono cetha banget me­nawa sekaran sing wetan dhewe iku mujudake sekarane KPAA Danurejo VII. Dene ing siring kulon (sisih tengenge KPAA Danurejo engene KPAA Danurejo VII mu­judake sekaran garwane. Sekaran ing sisih tengen iki pinaringan seratan mawa aksa­ra Jawa kang unine Sumarenipun Gusti Kanjeng Ratu Ayu Putra Dalem Ingkang Si­nuwun Kaping VII Negari Ngayogyakarta. Se­danipun rikala dinten Rebo Pahing tang­gal kaping 17 wulan Sura taun Je 1886 (1964). Sekaran cacah loro kang digawe saka mar­mer iku darbe ukuran dawane 2 meter, le­bare 72 cm lan dhuwure udakara 90 cm.

Sapa Patih Danurejo VII iku ?

Patih Danurejo VII iku sadhurunge kawisudha minangka pepatih ing Kraton Ngayogyakarta asmane Kanjeng Raden Adipati Yudhanegara III, kang mujudake putrane Kanjeng Raden Adipati Yudhane­gara II (KPAA Danurejo VI) lan GKR Angger (rayi dalem Sri Sultan HB VII). KPAA Danurejo VI lereh saka kalenggahan patih ing tanggal 15 Oktober 1911 jalaran nyuwun ngaso kanthi nampi pensiun sarta sesebutan saha asma Pangeran Cakra­ning­rat kang banjur diganteni dening putra­ne R.M Danuwinata utawa KRA Yudhane­gara III.

KRA Yudhanegara III kajumenengake dadi Pepatih dalem kanthi sesebatan asma Kanjeng Pangeran Harya Adipati Danureja VII wiwit tanggal 1 Maret 1912. Sadurunge panjenengane sesebutane mung Raden Adipati, nanging rehne wis kagungan sese­butan kalenggahan Pangeran Harya sadu­runge, mula sesebutan kalenggahan mau, tetep diagem utawa dilestarekake. Gan­dheng karo labuh labete ngabdi Panje­nengan dalem nata lan kaangep pasuwi­tane dening pemerentah Walanda, mula nampi kanugrahan bintang : 1. Ridder in de Orde van der Nederlansche Leuuw, 2. Officer in de Orde van Orange Nassaua lan 3) Officer in de Orde van der Witten Oki­fant van Siam. Panjenengane lereh amarga seda ing tanggal 15 Oktober 1922 lan kasarekae ana ing pasareyan Cendha­nasari kang dumunung ing Dusun Wono­catur kasebut.

Nalika isih sugenge, Patih Danurejo VII kawentar minangka sawijine seniman sing gamben. Patih Danurejo VII kawentar minangka dadi pelopor pagelaran wayang wong ing sajabane tembok kraton sing beda karo sing ana sajroning kraton sing banjur kawentar kanthi njupuk lakon Ramayana kang banjur karan Langen Mandrawanaran Panjenengane uga lkasil ngripta gamelan kang banjur kawentar kanthi aran kyai Beling. Patih Danurejo VII anggone ngasta minangka wrangka dalem nata nganti rambah kaping telu , yaiku wiwit jamane Sri Sultan HB VII nganthi tekan Sri Sultan HB IX.

Sasedane Patih Danurejo VII ing taun 1942, adhedasar saka layang kekancinganane Gubernur Jenderal ing Batavia katitimangsan 15 November 1933 angka 1, kang katetepake jumeneng Pepatih dalem: Pangeran Harya Harjakusuma, Bupati Kabupaten Ngayogyakarta, kanthi asma sarta sesebutan Kanjeng Pangeran Harya Adipati Danureja VIII. Anggone ngastha pepatihdalem nganthi tekan titiwanci pension ing tanggal 1 Agustus 1945,. Bakdane, saka keparengdalem Ingkang Sinuwun Kanjeng sultan HB IX, pangkat kalenggahan lan sesebutan pepatih dalem kasowak lan ora bakal ditetepi maneh.

Miturut gunggunging cacah, Ngayogyakarta kuwi nduwe Patih sanga cacahe, nanging kang jejuluk Danureja mung ana wolu, jalaran ana kang ora diakoni dening peperentah Walanda yaiku Mas Riya Mendura iya KRA Danurejo III.


Pasren kanthi seratan aksara Jawa

Ora kaya lumrahe pasareyane para nata, para priyagung lan para ulama liyane, pasareyane Patih Danurejo sing dununge 500 meter sakole situs Guwa Siluman iki pancen arang banget ditekani peziarah. Sing kerep teka mrono mung dumadi saka pehak kraton lan tedhak turune sang Rekyana Patih kang saperlu arep nyekar. “Senajan ing wulan Syakban utawi ruwah tetep sepen, namung wonten tiyang kalih utawi tiga ingkang ziarah mriki ing racakipun tiyang jaler lan estri ingkang dereng kaparingan momongan,” critane Endri, juru kunci pasareyan Cendanasari.

Senajan mengkono, pasareyan Cendonosari iki tekan saiki isih klebu wingit. Akeh para peziarah lan masyarakat sakiwa tengene papan kono sing sok diweruhi pawongan ngagem beskap putih mlaku ana sakiwa tengene makam. Bareng ditututi jebul ing kono ora tinemu pawongan siji-sijiya. “Kula piyambak kok nggih dereng nate mergoki priyagung ngagem beskap menika, naming menawi tiyang tiyang kiwa tengen makam Cendanasari menika panic kathah ingkang ngeken sampun dipun sumerepi tiyang beskapan menikam,” kandhane Endri marang PS sauntara kepungkur. (Isti Nugroho)


Dapatkan Wisbenbae versi Android,GRATIS di SINI ! 
Lihat yg lebih 'seru' di sini !

Post a Comment Blogger

Beli yuk ?

 
Top