GuidePedia

 https://blogger.googleusercontent.com/img/b/R29vZ2xl/AVvXsEgwaVoDqyxx8YbLUkW4xOH39WXrKAWsDa9HK5Vi39Pj2QtcR8wVEJZmcvPs4pkFYpRkGUWKTBGKX6GqNybSEuXT-NMLc0gL3ZEIr4VWMFfE_08AEp50G20Z40bLhmZW950zjZw3Ig/s1600/Slametan.jpg
Budhal seka Karaton Surakarta

Ing Karaton Surakarta tekan dinane iki isih dianake acara Sesaji Maesalawung mapan ing alas Krendhawahana Desa Krendhawahana, Kecamatan Gondang­rejo Kabupaten Karanganyar. Saka kraton Surakarta adohe watara 15 km.

Miturut sejarahe, asal usul Sesaji Mae­salawung iku niru-niru slametane wong nggilut agama Brahmana aran Sesaji Raja Wedha. Tujuwane dinggo nulak lelara sarta supaya kahananing nagari nemu ka­slametan sarta tansah ayem tentrem.

Critane Sesaji Raja Wedha kurang luwih mangkene :

Kira-kira ing taun Saka 387 utawa 465 M ing nagari Gilingwesi ketaman page­blug. Yen sore kulawargane ketaman lara esuke mati. Yen ketaman esuk, sorene mati. Kahanan kuwi gawe sedhih ratu Giling­wesi Sang Prabu Sitawaka. Sang Prabu banjur andhawuhi sowane para abdi ing parepatan agung.

Sawise para abdi padha sowan, Sang Prabu ngandikakake iba sepira sedhihe me­ruhi kahananing kawula marang patih sarta para penggedhening praja. Sang Prabu andangu marang para abdi :

“Apa ta sing sekirane bisa nyaranani ilange pageblug sing wis andadekare mati­ne para kawula, sing sapa bisa nya­ranani sirnane pageblug bakal pinaringan ganja­ran sing gedhe”

Salah sijine raja telukan nama Prabu Raja Karawu munjuk atur ing ngarsane Sang Prabu ngenani pageblug kuwi mau, ature

“Dhuh Dewaji pepundhen kawula, ka­wula tumut ugi ngraosaken sungkawa ing bab punika. Ing nagari kula rumiyin ugi ketaman pageblug. Kawula sranani lajeng pageblug kala wau ical. Mila punika puna­pa kawula kalilan caos atur kunjuk De­waji?”


“O, yayi prabu, ingsun lilani unjuk atur sira marang ingsun, luwih-luwih yen atur­mu anjalari musnane lelara sing lagi nga­muk ing nagari ingsun, enggal matura yayi prabu, ingsun parengake” mangkono ature Prabu Sitawaka.

“Dewaji, kawula wekdal sapunika de­reng saged matur menggah ingkang da­dos saratipun, kawula badhe ngadhep Ba­thari Dewi Kalayuwati ingkang mekaja­ngan wonten ing wana Krendhawahana, inggih setra Gandamaya, keparenga Re­kya­na Patih ngantheni lampah kawula, prelunipun kadamel seksi”

“Ya yayi prabu, ingsun parengake.”

Prabu Sitawaka banjur paring dhawuh marang Patih supaya ndherekake lampahe Raja Karawu. Tan antara suwe Raja Kara­wu karo Patih Gilingwesi banjur lumam­pah nuju alas Krendhawahana.


Tan uninga ing marga, Jag les…Raja Karawu lan patih Gilingwesi wis tekan ing alas sing dituju. Ngaso sedhela ing ngisor wit ringin putih. Bubar kuwi Raja Karawu banjur muja samadi maladihening. Ora let suwe banjur katon ing ngarsane Raja Karawu, Dewi Kalayuwati putrine Bathari Durga sing nguwasani Alas Krendhawa­hana.

Raja Karawu banjur matur marang, apa sing dadi karsane ngadhep Sang De­wi. Karo mesem Dewi Kalayuwati ora pa­ring wangsulan sawiji apa. Ananging Sang Dewi ngunandika dhewekan mangkene

“Prabu Sitawaka wis pirang taun ngas­ta pusaraning praja Gilingwesi, nganti seprene ora ana paring kabar sawiji apa marang aku, aja meneh sesaji mbuwang labuh ing kratonku ya ora tau.”

Sawise ngandika kaya mangkono De­wi Kalayuwati banjur ngilang. Raja Kara­wu sarta Patih Gilingwesi sing maune nali­ka ana sangarepe Kalayuwati rumangsa ana ing sawijining kedhaton sing endah, bareng karo ilange Dewi Kalayuwati, ke­dhaton kuwi mau ya melu musna. Sing katon mung thethukulan ing alas kono.

Meruhi sesurupan kaya mangkono Pa­tih banjur mlenggong. Pancene dhewe­ke arep nyuwun priksa apa ta jalarane Giling­wesi didhawuhi supaya sesaji lan ru­pane sesaji apa wae. Raja Karawu ngerti apa sing dadi uneg-unege Rekyana Patih. Mula banjur ngandika

“Ki raka patih, saking ngunandikani­pun Sang Dewi kala wau, sampun terang bilih kita kedah ngawontenaken sesaji ing wana ngriki. Sesajinipun kula sampun ma­ngertos, mangga sami wangsul kemawon dateng Gilingwesi matur Sang Prabu Sitawaka.”

Bareng tekan ing ngarsane Sang Pra­bu, Raja Karawu ngaturake apa kang wis dingendikakake Dewi Kalayuwati. Banjur, Sang Prabu Sitawaka dhawuh marang Patih supaya nganake Sesaji Raja Wedha, cacahe kebo sing digawe kurban supaya padha karo lawase Sang Prabu olehe ngasta pusaraning praja.

Sesaji Raja Wedha banjur dianake. Getihe kebo-kebo kuwi mau diwadhahi ing wadhah sing gedhe. Banjur dicampur­ake karo jerohane kebo sing wis digoreng mateng. Daginge kebo lan sega wuduk sing disajeke banjur diedum warata ma­rang kawula. Sawise disajekake daging-daging mau sarta sega wuduk sarta tum­peng sing wis disajekake kaanggep kro­dhane Dewi Kalayuwati mendha.

Saparipurnane Sesaji Raja Wedha kahanan nagari Gilingwesi balik kaya duk inguni. Pageblug musna. Kawula kalis seka saliring lelara. Mahanani rasa was su­melange Sang Prabu Sitawaka ilang. Semono uga kahanane nagari Gilingwesi banjur ayem tentrem.


Ing taun 1439 ing Kasultanan Demak Bintara ketaman pageblug. Sultan Demak Syeh Ngalam Akbar I Sirollah Kalifatul Rasul Amiril Mukmin Ajudin Kamit Karim utawa Sultan Ngabdul Surangalam banjur nganake musyawarah ngenani pageblug sing lagi ngamuk ing Demak. Para Wali uga padha rawuh.

Salah sijine wali yaiku Sunan Kalijaga atur pamrayoga supaya nganake slame­tan gedhen-gedhenan. Dudu Sesaji Raja Wedha cara slametane wong Majapahit, ananging slametan mau diarani Maesala­wung. Jalaran sing digawe kurban yaiku kewan kebo. Ngiras pantes dinggo sarana nggiyarake agama Rasul.

Slametan Maesalawung mau dianake tiba ing dina wiyosane Kangjeng Nabi ya­ku­wi tanggal 12 sasi Mulud. Sepasar sa­durunge slametan dianake karameyan ing alun-alun. Kayata sawernane tontonan sarta ing plataran mesjid dianake tetabu­han gamelan. Atur pamrayogane Sunan Kalijaga disetujoni dening para rawuh. Uga Kangjeng Sultan jumurung ing karsa.

Ing Demak banjur dianake sesaji Mae­salawung ditibakake ing Grebeg Mulud. Wasana pageblug banjur musna. Tradisi sesaji Maesalawung isih lestari tekan ing Pajang sarta jaman Mataram.

Nalika Sinuhun Paku Buwana II ing dino Rebo Wage tanggal 18 sasi Sura taun 1670 utawa 21 Pebruari 1745 wiwit ange­dhaton ing kedhaton anyar ing Surakarta, sesaji Maesalawung dianake wiwit 100 dinane pindhahan karaton. Sesajine diga­we luwih pepak.

Sing dienggo sajen Maesalawung yaiku ora mung kebo, ananging uga we­dhus, menjangan, kidang sing getihe ban­jur diwor karo getih bebek sing ulese putih mulus, getih jago lan babon sing ulese uga putih mulus. Olehe sesaji ing alas Krendhawahana dumunung ing Desa Krendhawahana, Kecamatan Gondang­rejo Kabupaten Karanganyar. Seka kraton Surakarta adohe watara 15 km.

Mung wae ing jaman saikine jinise sesaji ora padha. Sing utama tetep endhas kebo karo dlamakaning sikil cacah papat dibungkus mori. Dijangkepi sesaji liyane kayata kembang, ingkung pitik, pitik diba­kar, duwegan diwenehi rerenggan clorot, gudhangan, jajan pasar, kewan nggremet sarta bangsane walang. Merga ana bang­sane walang mula asring sinebut Sesaji Kutu-kutu Walang Ataga.

Dene rerangkening acara, sawise di­arak seka Karaton, tekan ing alas Kren­dhwa­ha­na, sawernane sesaji didelehke neng panti sesaji. Sawise kabeh sumadya, abdi dalem sing kapatah mangarsani lam­pah, mbe­sem dupa ratus ing padupan. Kukuse kumelun nglantarakake donga panu­wunan amrih kaha­nan ing dalem Karaton Surakarta tansah nemu kaslametan sarta ayem ten­trem.

Bubar kuwi para putra sentana uga munjuk atur pandonga. Saparipurnaning atur pandonga, endhas kebo banjur dikubur ing sacedhake wit. lorodan sesaji banjur kabagi warata marang abdi dalem sarta para rawuh. Ngenani dina gelaring acara miturut katrangane GPH Puger, pamilihe dina ka­ju­puk dina Senen utawa Kemis ing sasi Bak­damulud kakanthi serat dhawuh tim­balan dalem.  

Beli yuk ?

 
Top